Selasa
Kliwon 17 September 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
Yeremia
5:18-31
Jabur 94
Lukas 7:11-17
Gusti Yesus banjur nyelaki
bandhosa, lan didemek. Kang padha mikul mandheg. Gusti ngandika: “He, bocah
anom, Aku dhawuh marang kowe: Tangia!” Kang mati tumuli njenggelek, linggih lan
wiwit guneman, banjur dipasrahake marang embokne. Lukas 7:14-15
ADIL Sanadyan
mung sak tembung, lan ya mung patang huruf, ananging yen bab nindakne angele
ngeram. Kuwi kabeh yen nggagas bab ADIL, sebab ana pirang-pirang penemu yen
ngreken bab ADIL kuwi. Ana sing ngomong yen ADIL kuwi ngendum samubarang padha,
mbuh butuhe pira ora masalah, sing penting padha. Ana meneh sing nduweni
penemu, yen ADIL kuwi maringi utawa ngaturi jumbuh karo sing dibutuhake. Lan ing
tulisan iki, ora arep nyinau bab tegese ADIL, ananging arep nunjukne conto bab ADIL kuwi.
Seka Kitab
Suci ana crita bab kaya ngapa anggone Gusti Yesus nindakne tumindak ADIL,
nalika ing sawijining dina ketemu rombongan sripah. Ana sing mati, anake
ontang-anting mbok randha. Sepira sedihe simbok sing kelangan anak kuwi. Nalika
wong akeh mung “Nyengkuyung” ing kasedihan, Gusti Yesus tumindak beda. Gusti
Yesus kagungan arah ngangkat kahanane sapa wae sing sedih tumuju marang
kabungahan. Mulane, nalika papas an karo rombongan kang nggotong “kasedihan”
ing sakjroning bandhosa, Gusti nimbali sing mati, dikon tangi (urip) meneh, lan
akhire ya klakon. Saka crita iki isa dijupuk pasinaon, Gusti Yesus ora
milah-milih sapa sing kudu ditulungi, ananging nulungi sapa sing butuh lan
cedak kudu ditulungi. Gusti Yesus ora ndadak takon, apa agamane sing butuh
pitulungan, ora ndadak takon seka trahe sapa lan suku bangsa ngendi, kabeh sing
butuh ditulungi ya ditulungi. Kuwi kabeh sing diarani ADIL.
Tumindak
ADIL ing jaman saiki wis arang banget. Arep tetulung wae ijik milah-milih, arep
sapa-aruh wae ijik inggrang-inggring, arep atur pambiyantu wae ijik angele
ngeram. Ana kalamangsane tatu-tatu jaman mbiyen dadi alesan wegah tumindak
tetulung marang liyan. Gelem nulungi nalika sing butuh ditulungi mbiyen ora
nate nyilakani. Utawa ana meneh, gelem nulungi menawa isa antuk keuntungan ing
tembe mburine. Patrap sing kaya mengkono kuwi sing urip subur ing jaman saiki. Mula
saka kuwi, tumrap sing maca tulisan iki, nengngendi wae parane, ayo pada ngilo
lan njur isa nyawang awake dewe, apa wis nindakke pakaryan sing ADIL?
“In,
kok paklik meneng wae ki kena apa?” Dalijo esuk kuwi nakoni dulure wedok.
“Mbuh
kang ora dong aku..wong kawit wingi tak takoni mung meneng wae..sariawan
mbokmenawa..”Wangsulane Nduk I’in sinambi nyapu jogan.
“O..kiraku
ngerti alesane paklik Ndoleng pasa
ngomong..”Dalijo semaur sinambi nyumet
djarumsuper, lan njur ketungka Lik Ndoleng ujug-ujug ngomong sing wujudw
pitakonan.
“Iki
dinane apa cah?Lali aku, ora apal dina lan tanggal…”Lik Ndoleng takon sajak
mbingungi, ananging Dalijo lan I’in ya mung meneng wae, sajak males Lik
Ndoleng.
“Dusss..ditakoni
ora ana sing mangsuli…!! Lha salahku apa cah??” Lik Ndoleng sajak nesu
tenan..dene Dalijo lan nduk I’in mung mesam-mesem njero ati, merga sanadyan meneng
wae, jebule WAnan, dene isine WA..”Ben ngrasakne ADIL LIk Ndoleng, wingi-wingi
ngenegke,saiki genti dinengke..”
Kyai Tu
Pong Ji
Tidak ada komentar:
Posting Komentar