Sabtu, 14 September 2019

NGRESIKI


Setu Pahing 14 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK




Yeremia 4:13-21
Jabur 14
Yokanan 3:13-17
He Yerusalem, atinira resikana pialane, supaya sira oleh kaslametan! Isih pira suwene pangrantamira kang ala anggone andhok ana ing atinira?” Yeremia 4:14

Tembung NGRESIKI kuwi linggane Resik, sing tegese kahanan kang ora ana reregete babar pisan. Lan menawa ana sing tuwuh pitakonan, kok ora nganggo jejer Resik, kuwi merga jejer Resik wis nate dingo jejer renungan BENINGE EMBUN ESUK nalika tanggal siji nopember rongewu wolulas, lan ukume grup dalijondoleng, ora pareng saktembung dadi jejer kaping pindho..hehe.. Mbalik marang gegautan ing antarane tembung NGRESIKI lan Resik. Menawa resik kuwi kahanan, mula NGRESIKI kuwi pagawean kanga mbudidaya suaya tumeka ing kahanan, lha kahanan apa sing diupayakne lumantar pakaryan NGRESIKI? Ya cetha, supaya kahanane dadi Resik. Iki iya ngemu  teges, yen samubarang kang diresiki lumantar pakaryan NGRESIKI kuwi mesti ora resik utawa reget. Lan kahana kang reget kuwi ora apik, mulakudu diresiki.




Dene gawean NGRESIKI kuwi ya isa diarani mayar, isa uga diarani angel, tegese ana gawean NGRESIKI sing angele ngeram, la nana uga gawean NGRESIKI sing mayar. Lan sejatine bab mayar lan ora kuwi gumantung karo kekaprepan. Menawa pawongan kuwi seneng kahanan kan resik, ngerti rereget sithik wae mesti enggal-enggal diresiki, iki beda karo pawongan (mbuh sapa iku, mbokmenawa sing maca tulisa iki ya klebu) sing kemproh utawa jorok, nalika ngerti utawa weruh kahanan sing ora resik, ya mung ditokne wae, ora tumandang NGRESIKI babar pisan.

Bab RESIK’ing kahanan kuwi nate dadi pepeling saka Gusti Allah lumantar nabi Yeremia. Nalika semana umat ngisrael ngeyele ngeram, polahe ora karu-karuan, mblangsar ora nggenah. Kabeh polah tingkah kuwi ana ing pamirsane Gusti Allah minangka rereget. Mula saka kuwi, supaya aman lan slamet, manut kersane Gusti, kabeh rereget kuwi kudu diresiki. Dhawuhe neng Kitab Yeremia bab 4 ayat 14 cetha baget, “…Atinira RESIKANA..” Iki negmu teges, supaya manungsa enggal tumindak NGRESIKI atine, NGRESIKI uripe, NGRESIKI pikirane, NGRESIKI pemahaman sing ora pener lan bener, supay kabeh resik lan merga saka kuwi olih nugraha sing awujug wilujeng raharja. Sepisan meneh, bab abot lan enthenge gawean NGRESIKI kuwi gumantung karo kahanane, isa entheng lan uga isa abot. Ananging, aboata kaya ngapa, yen nduweni karep kanggo NGRESIKI, mesti ditandangi, dene enthenga kaya ngapa, menawa ora nduwe karep nandhangi, ya isa dadi abote ora ukur.

“Ngapa Jo kok awakmu gluprut kaya seka nduduk kendhang?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo nalika sore kuwimeh jagongan kaya biasane.
“Karepku arep nggoleki buku awas, jebul lemari regeete ngeram, mula ya kudu tak RESIKI Lik..”Semaure Dalijo.
“Weh, ya mathuk kridhamu Jo, aja kaya I’in, weruh regetan sak thekruk mung disawang wae..” Lik Ndoleng semaur, sinambi ngenyek Nduk I’in sing durung njedul.
“Ben Lik, kuwi ora masala hora karep, mung durung kumanan wektu, sedina rung leren..tinimbang sampeyan, kalamangsane atine jik kebek regetan, ngupaya nyedak’I Yu Wasti..hehe..ya pora Lik?” Semaure Nduk I’in mak cengkrang merga langsung ndulek pikirane Lik Ndoleng.
“Dusss..isa wae bocah iki ngenyek aku..”Batine Lik Ndoleng.
“Iya Jo, setuju au bab gawean reresik, ben resik..ning ya pikiranmu bab Tarsi pow is resik?”Ujug-ujug Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab Tarsi, dene Dalijo mung mesem kecute ngeram, kaya blimbing wuluh, mbuh apa sing dadi pikirane Dalijo..


Kyai Tu Pong Ji

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH