Jumat, 06 September 2019

REM


Jemuah Wage 6 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK

REM


Yeremia 16:14-17:4
Jabur 139:1-6,13-18
Lukas 5:33-39
Paduka nguningani manawi kawula lumampah utawi ngaso, saha salampah-lampah kawula Paduka uningani. Sabab saderengipun ilat kawula ngedalaken tetembungan, sayektosipun Paduka sampun nguningani punika sadaya, dhuh Pangeran Yehuwah. Paduka ngempit kawula saking ing wingking lan saking ing ngajeng, lan asta Paduka tansah Paduka ungkulaken ing kawula. Kawruh ingkang makaten punika langkung dening elok tumrap ing kawula, inggilipun ngantos boten kenging kawula gayuh.” Jabur 139:3-6

REM kuwi perangan sing wigati temenan tumrap sawernaning kendaraan sing bermotor apa dene sing ora bermotor, mbuh kuwi roda loro,telu,papat,enem lan sakpiturute. Sanadyan kahanane cuilik lan ora ketok, ananging bab fungsi, aja ditakoni. Sebab nalika REM kuwi nduweni fungsi sing pas, arang sing ngundamana ananging menawa ora nglakoni fungsine kaya biasane, prahara sing bakalan klakon. REM kuwi fungsine kanggo ngendeg lumakune kendaraan, sakliyane ngendek uga isa kanggo ngontrol lumakune kendaraan. bantera kaya ngapa yen wis di REM, mesti isa mandeg , utawa sak ora-orane luwih rindik tinimbang sakdurunge.

Juru JAbur nate mulang bab piye carane ngendaleni urip, utawa menawa disederhanakne ya kepiye carane mapanake REM ana ing urip neng ndonya iki. Pangerten bab kahanane Gusti Allah kuwi sing bakalane is dadi REM ana ing urip. Merga sadar lan ngerti yen Gusti Allah kuwi nguningani obah osiking kahanan, mulane menungsa (klebu sing maca tulisan iki) kudune sadhar lan ora usah tumindak sesideman, umpet-umpetan lan delik-delikan, merga kapan lan neng ngendi wae tumindak kuwi Gusti Allah pirsa. Yen kabeh menungsa pada paham bab iki, mesti isa dadi REM sing jian pakeme ora njamak, ananging sing klakon kuwi malah kaya mengkene, sejatine ngerti bab Gusti Allah, ananging ora gelem mapanake sing sakmestine. Sanadyan ngerti yen Gusti Allah pirsa, tetep wae lumaku sesideman,lumaku umpet-umpetan. Sanadyan wis dicawisi REM sing pakem, arang sing gelem nggunakne REM saka Gusti, mulane uripe kerep Blong lan nunjang palang nabrak apa wae sing ana neng kiwa lan tengene.

“Jo, wingi jare brita tipi ana kecelakaan neng dalan tol seka mbandung nyang njakarta ya?” Lik Ndoleng esuk kuwi nakoni Dalijo.
“Tumben weruh brita Lik, biasane mung ngindik kabar bab Yu Wasti?” Nduk I’in kaya padatan, nyoal-nyael kaya Ula dicedaki Pitik.
“Dusss…crigis In, aku kuwi ngapdet terus bab brita ya, ora kaya awakmu mung nonton brita selebrete wae” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Iya Lik, tabrakan bruntun jare. Kuwi mula bukane REM sing ora berfungsi. Iki sejatine piwulange urip, yen urip iki ora nggunakne REM kanthi pas, isa ndrawasi sakabehe. Mula ayo migunakne REM lan  ngrumati Rem panguripan iki kanthi apik, caane mangerteni bab Gusti Allah sing mirsa sakparipolahe awake dewe” Dalijo semaur kaya tauziah kae.

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH