Rabu, 25 September 2019

CENGKIR


Rebo Pon 25 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 10:17-25
Jabur 106:40-48
Lukas 9:1-6
Kacarita Gusti Yesus nimbali sakabate rolas, padha kaparingan kasekten lan panguwasa misesani dhemit lan marasake lelara. Banjur padha diutus martakake Kratoning Allah lan marasake wong lara, sarta padha dipangandikani mangkene: “Aja padha nggawa apa-apa kanggo ana ing dalan, aja nggawa teken utawa sangu roti utawa dhuwit, utawa klambi rangkep.” Lukas 9:1-3

CENGKIR kuwi klapa sing jik nom banget, meh di degan durung patia enak, mula yen meh didol ya arang isa payu. Sakliyane ngener marang woh sawijining wit, yakauwi klapa, tembung CENGKIR kuwi isa dadi cara utawa srana minangka piwulang. Dene wujud’e piwulang kuwi nalika CENGKIR kuwi diwenehi arti utawa teges, kenCENGing piKIR, sing tegese focus utawa pikiran kang  golong-gilig marang siji kahanan. Sing diarani golong-gilig, kuwi ateges nglakoni utawa mikir marang siji kahanan sing pancen dadi tanggungjawab’e. CENGKIR utawa kencenging piker kuwi salah siji syarat supaya apa sing dadi ayahane isa lancer tur ya rancak.

Bab CENGKIR kuwi nate dadi underaning piwulange Gusti Yesus, yakuwi nalika nimbali lan ngutus rasul sing cacahe rolas. Sakdurune dikon budhal, “dibriping” ndisik. Salah siji pokok “bripinge” Gusti kuwi supaya mangkat adedasar sangu sing saka Gusti Yesus, ora usah neka-neka. Merga sing nyangoni Gusti Yesus dewe lan mesti kuwi jangkeb, mulane para rasul diweling supaya pikirane kenceng, utawa nduweni watak CENGKIR, kenCENGing piKIR. Yen wis isa nduweni pikiran kang kenceng utawa lempeng, mesti bakalane ora isa kna godha, lan apa wae gawean mesti bakal rampung lan ngetokne hasil.

Saiki tumrap sing pada maca tulisan, apa yawis pada nduweni kencenging piker nalika ngayahi apa wae kang dadi tanggngjawabe? Apa malah nglalekne lan kena panggoda, njur lali karo tugas peparinge Gusti? Kuwi kabeh mbalik marang siji lan sijine. Sing penting, sepisan sing kudu dipahami yakuwi bab “ Apa tugas saka Gusti”, dene nomer lorone, “Apa kang bakalane dadi godaning ngaurip”. Yen isa mangerteni loro perkara iki,lan sakbanjure nduweni watak utawa sikep CENGKIR, mesti bakalane apik ing sakabehe.

LEK MON


“In..tulung nduk..iki arep dondom kok nglebokne dom wae angele ngeram..” Swarane Lik Ndoleng, nalika sorekuwi, sakdurunge mangkat arep gol-gol nyang tegal ndadak dondom “sragame” mbut gawe.
“Sik lik…arep ngombor sapi ndisik..” Semaure Nduk I’in, lan bubar ngombor sapi,njur ngrewangi nglebokne dom kanggo dondom Lik Ndoleng.
“Mosok mung nglebokne dom wae wis ora isa Lik?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng, nalika teka seka kali, ngangsu kanggo ngunoni tanduran sing neng triris.
“Angel Jo, mlesat-mleset wae..” Semaure Lik Ndoleng santai.
“Anu kang, paklik kuwi kurang pokus..”Nduk I’in semaur sinambi ngelungke dom sing wis isi benang kanggo dondom.
“Oalah..yen ben pokus wae mayar..ngene Lik,sesuk-sesuk sawangen dom kuwi awak’e Yu Wasti, mesti isa pokus, isa ngencengke piker, CENGKIR” Dalijo semaur sinambi nyumet djarumsupere.
“Dussss….kok ya tekan kuwi meneh ta Joooo…lha po awakmu jik sok mbayangke Tarsi yen mbut gawe, ben pokus, ben kenceng pikiranmu?” Lik Ndoleng mbalek nakoni Dalijo, dene Dalijo mung gluwah-gluweh sinambi klepas-klepus.

Kyai Tu Pong Ji



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH