Senin, 02 September 2019

NE(P)SU


Senen Kliwon 2 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 2:23-37
Jabur 58
Lukas 4:16-30
“Apadene nalika jamane Nabi Elisa ing tanah Israel akeh wong kang budhugen, nanging siji bae ora ana kang kabirat najise, kajaba Naaman, wong Siria.” Kabeh wong kang ana ing papan pangibadah kono padha nepsu banget, krungu kang mangkono iku.” Lukas 4:27-28

Yen ana pitakonan pagawean apa sing paling gampang anggone menungsa nglakoni, mbokmenawa ora sithik sing sarujuk karo wangsulan iki, yakuwi NESU. Merga NESU kuwi ora usah sinau, ura usah kursus, ora usah sekolah, ora usah kuliah lan ora usah kejar paket, mung mayar lan murah. Kabeh wong isa nglakoni gewean NESU kanthi sampurna lan biasane njur marem utawa lega. Biasane sing ndadekne NESU saben wong kuwi bab kekarepan sing ora klakon. Nalika pengen turu malah dikonkon makarya, nalika pengen dolan malah dijak nyumbangm nalika arep mincing malah dijak rapat lan sakpanunggalane. Sejene sing wis sinebut, NESU biasane merga uripe kungkulan, utawa kalah ana ing babagan sing manut pikirane paling dadi keahlianne.
Merga saka NESU isa ngrusak samubarang, kahanan isa rusak, barang-barang isa pecah lan akeh sing ora apik menawa NESU kuwi klakon.

Jamanne Gusti Yesus memulang ya ana para wong sing ora trima ana sing luwih pinter lan wibawa bab tata pawulangan, mula njur NESU lan mbudidaya mateni Gusti Yesus. Mula ya pancen bener pangandikane Gusti Yesus ana neng Kitab Suci, yen sengit, gething lan kuciwa kuwi isa dadi lantaran wong memateni, merga NESU. Kaya para panggedene Papan Pangibadah, rumangsa gede lan pinter kdewe, mula nalika Gusti memulang la wong akeh pada eram utawa gumun, banjur NESU, ngamuk lan mbudidaya memateni. Kabeh klakon merga NESU, merga apa sing klakon beda karo apa sing dadi pepinginane.

Ing jaman saiki bab NESU ya jik pada wae. Menawa nduweni kekarepan lan ora klakon, banjur nesu, kaya balita njaluk permen lan ora dituruti kabeh diorak-arik. Yen sing (jare) diwasa, nalika nesu ing jaman medsos iki paling-paling nyetatus..hehe. Pada wadul marang bapa biyung medsos sing karang pisbuk, we’a,insetagram lan sakpanunggalane. Bab kuwi mengka akibate kaya apa, ora pada merduli, sing penting marem lan rasane Mak Plong..hehe. Lho apa NESU kuwi dilarang Kitab Suci? Ora, anggere empan papan la nana alesan sing tinampa umum, ora mung alesan sing tinampa awake dewe.

“Jo, wis maca setatusku we rung”? Lik Ndoleng esuk kuwi nakoni Dalijo bab setatus wea.
“Halah, paling-paling baper, ora digape Yu Wasti” Nduk I’in kaya padatan, nyoal-nyael.
“Crigis In, ngerti-ngertia wae..iki dudu bab kuwi ya…” Lik Ndoleng sajak senewen yen karo I’in.
“Lha nyetatus apa Lik?” Takone Dalijo sinambi nyumet djarumsupere.
“Aku nyindir Markun, dadi panitia kok rapat ratau mangkat. Aku NESU, kemropok Jo, wong ingrah-igrih ngono kok mbiyen Wasti gelem ya?” Keprucut Lik Ndoleng semaure.
“Lhadalahhh…mesti yen NESU mung sekitarane Yu Wasti lan kang MArkun..bangbayikk Likkk..”Nduk I’in rumangsa duwe mimis nggo mbedili Lik Ndoleng.
“Duss..ketrucut cahh..mbelgedesss!!” Batine Lik Ndoleng..

Mbah’e..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH