Kamis, 12 September 2019

SATRU


Kemis Kliwon 12 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 13:20-27
Jabur 14
Lukas 6:27-38
Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala.” Lukas 6:35

Tembung SATRU kuwi tegese samubarang kang ora dadi kekarepane, samubarang kang diendani utawa dimungsuhi. SATRU kuwi ora kudu sing ala utawa ora apik, malah ing jaman saiki, isa wae malah babagan sing apik. Yen ora percaya, hayo pada nakoni marang awak’e dewe-dewe, apa ngapura kuwi bab sing ala?Ananging jik akeh sing emoh utawa wegah nglakoni tumindak ngapura, merga rumangsa ora lega menawa kekarepane ora klakon. Uga ing bab pakaryan apik, leladi ana neng saktengahing paguyupan utawa pasamua kuwi apa bab kang ala?Kang kuwi bab sing apik ta?Ananging ya ora sithik sing ngendani ,malah kepara nggething , bab sing kaya mengkono kuwi.

Isine piwulange Gusti Yesus ana ing Lukas 6 ayat 27 tekan 38 kuwi bab nresnani SATRU. Ing bab iki pancen sing diarani SATRU kuwi cetha, yakuwi pawongan sing disengit utawa digething. Lho, lha kana ngapa kok isa digething? Isa wae merga tumindake ora jumbuh karo kekarepane, lan ing bab iki durung mesti sing ora dadi kekarepane kuwi bab sing ala. Mula saka kuwi, Gusti paring dhawuh, tresnanana samubarang kang ora dadi klangenanmu, klebu sing sengit marang awakmu lan uga bab (sing apik lho ya) sing nembe mbok sengiti.
Lumrah ana ing uripe menungsa kuwi yen dauber utawa diburu bab sing ndadekne mareme atine, arang mburu sing dadi ayem tentreme liyan. Uga akeh sing mburu mareming atine lan kuwi malah dadi kapitunane liyan. Ing kahanan kang kaya mengkene iki, Gusti paring pangandika supaya samubarang sing dadi sengiting uripe, kudu ditresnani. Lumantar ukara iki, isa uga diparingi arti, sanadyan kuwi jian ala temenan, sapa ngerti sakwise ditresnani, ing tembe mburine dadi apik.

Mula saka kuwi, tulisan BENINGE EMBUN ESUK ing Kemis Kliwon iki, ngajak sapa wae sing maca kanggo nyadhari, yen samubarang sing disengiti kuwi durung mesti babagan sing ala utawa elek, isa wae kuwi malah sing apik lan manut kersane Gusti. Mulane, ayo kabeh dipapanke ing katresnan, kanthi pangajab ing tembe dadi apik kabeh.

“Lik, apa jik sengit karo kang Markun?Apa kang Markun kuwi dadi SATRU ing uripmu?” Sore kuwi Dalijo ujug-ujug nakoni pakne cilik Ndoleng.
“Weh, entuk pirang perkara Jo, kok makbenduduk takon bab kaya kuwi?” Lik Ndoleng sajak kagete poll..
“Kari mangsuli wae kok kokean alesan Lik..padune rawani blaka wae..yen sejatine gething, sengit laro Kang Markun” Mak ceplos Nduk I’in menehi katrangan.
“Dus…asemb kecut!! Kok ngerti obah mosiking atiku kowe In!!?” Semaure Lik Ndoleng.
“Wis, ora apa-apa Lik, bab sengit lan SATRU kuwi lurmrah ing uriping menungsa, ananging ayo manut kersane Gusti, ditresnani” Kotbahe Dalijo.
“Siappp…uga kowe In..gelema bojomu dadi ketua majelis..yen kuwi dadi SATRU tumrap bojomu, konen nresnani” Lik Ndoleng entuk gaman kanggo mbedhil Nduk I’in, dene I’in mang klakeb ora isa wangsulan..

Kyai Tu Pong Ji

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH