Sabtu, 07 September 2019

NABRAK


Setu Kliwon 7 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 17:14-17
Jabur 139:1-6,13-18
Lukas 6:1-5
Gusti Yesus tumuli paring wangsulan, pangandikane: “Apa kowe padha maca bab apa kang katindakake dening Senapati Dawud sapandhereke kabeh nalika keluwen, anggone banjur lumebet ing Padaleman Suci, mundhut roti cecaosan, nuli didhahar, lan para pandhereke iya banjur padha diparingi, mangka ora ana kang kawenangake mangan iku kajaba mung para imam.” Nuli ngandika maneh: “Putraning Manungsa iku Gustine dina Sabat.” Lukas 6:3-5

Yen krungu bab NABRAK meh saben wong mikire sing ora apik lan uga ana korban sing nggegirisi. Tembung NABRAK kuwi tegese ambung-ambungan antarane barang loro utawa luwih kang ora sengaja utawa disengaja lan isa ndadekne karusakan. Seka tembung NABRAK iki njur ana tembung Tabrakan, Ketabrak lan Ditabrak, kabeh isa nekakake karusakan. Mbalik marang tembung lingga NABRAK, kuwi mesti ngemu teges negative lan iki ora isa diselaki, merga pancen kaya mengkono kahanane. Ananging pitakonane, apa ana NABRAK sing isa nuwuhake kahanan apik? Wangsulane ana, yakuwi nalika sing ditabrak kuwi samubarang kang ancene kudu ditabrak.

Piwulange Kitab Suci, bab NABRAK kuwi nate dipangandikakne dening Gusti Yesus, yakuwi nalika mulang bab dina SABAT. Tumrap wong Yahudi sing golongan Saduki lan Farisi, manut aturan kanthi kaku kuwi wis dadi nyawaning urip. Aluwung manut aturan agama tinimbang nulungi wong lara lan sekarat. Aturan luwih duwur ajine tinimbang kamanungsan. Lha mirsa kahanan sing kaya mengkene iki Gusti protes, gusti wani NABRAK sawernaning aturan sing ora nguwongake menungsa. Tumrap Gusti, sing paling utama kuwi kamanungsan, hakekat ajining kamanungsan lan aturan kuwi kudune ngarah marang pulihing kamanungsan kaya wiwit mula dititahne dening Gusti. Mula saka kuwi, menawa ana aturan sing ora nguwongake menungsa, kudune ya dijur-jur,kudu wani NABRAK. Pancen nalika NABRAK, ana tatu lan sing ketaton,ananging yen kuwi tujuanne apik lan sepisan meneh kanggo pulihing hakekat kamanungsan, NABRAK lan tatu ora dadi masalah. Oiya, masalahe mung sapa sing gelem NABRAK aturan sing ora nguwongake kamanungsan. Kuwi wae, siji thok thil!

“Jo, kok mau bengi ora mangkat sarasehan? Kamangka awakmu emsi lho?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab mau bengi nglirwakne ayahan dadi emsi.
“Pulsaku entong Lik, dataku ya entong,arep ngabari ora isa. Aku kudu ngeterke ponakane Kang Markun, arep babaran, ora ana sing ngeterke. Mula akualuwung dipaido ora dadi emsi tinimbang nyawang ponakake kang MArkun klaran” Semaure Dalijo.
“Weh, kok wani NABRAK aturan pasamuan kowe Jo?” Lik Ndoleng sajak serius.
“Rapopo ya kang, sing penting isa nulungi sing butuh, ora kaya kowe sampeyan Lik, kadang nggolek-golek alesan saben entuk jatah dadi emsi!” Nduk I’in nyemes Lik Ndoleng sakkemenge.
“Duss..kenek menehhh cahh..” Batine Lik Ndoleng.

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH