Minggu, 29 September 2019

PELIT


Minggu Pahing 29 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Amos 6:1-7
Jabur 146
1 Timotius 6:6-19
Lukas 16:19-31
“Ana wong sugih kang tansah manganggo jubah wungu lan kain kang alus, sarta saben dina mangun suka ngeram-eramake. Lan ana wong ngemis jenenge Lazarus, awake sakojur gudhigen; ngglungsar ana ing sacedhake regoling omahe wong sugih mau sarta banget kapengin ngilangake luwene kalawan gogrogan saka ing mejane wong sugih iku. Nanging malah diparani asu-asu sing padha ndilati gudhige. Kacarita wong miskin mau mati, banjur digawa dening para malaekat menyang ing pangkone Rama Abraham.” Lukas 16:19-23

Yen ing tanggal 18 Desember 2018 tulisan BENINGE EMBUN ESUK jejere LOMA, mula ing dina iki, minggu pahing sangalikur September Rongewu Sangalas jejere sewalik’e, yakuwi PELIT. Yen loma kuwi watak sing ora mikir awak’e dewe, ananging tansah mikirake Liyan, mula yen PELIT kuwi watak sing mung mikir butuhe dewe. Ana kalane mikirke Liyan kuwi mung nggo pantes-pantes wae, arang sing tulus lan iklas. Dene sing dadi sebab kena apa wong kuwi akeh sing mung kikir awak’e dewe, kuwi merga mikir butuhe lan karepe dewe kuwi sing marakne maram utawa lega, dene mikir liyan kuwi mung nekakne rekasaning ngaurip. Arane rekasa, merga wis soroh wektu, tenaga,pikiran lan bandha, ananging sing dikepenakne mung liyan, kuwi mbokmenawa sing dipikirake wong-wong sing nduweni watak PELT. Dene bab PELIT kuwi ora mung bab bandha, uga babagan wektum lan ora mung PELIT marang liyan sing awujud titah, kepara marang Gusti Allah sing nitahake menungsa lan jagad wae uga PELIT.

JOSS


Crita saka Lukas 16 ayat 19 tekan 31, bacute minggu wingi, arep maringi piwulang bab urip sing sejati. Dene ing perikop kuwi mirunggan bab urip lan mapanke bandha donya kanggo Liyan. Crita kuwi cetha, nalika wong sugih tansah pamer urip sing kepenak, la nasal-usule bandha kuwi mbokmenawa wae ya lumantar dalan sing apik, merga Lukas ora crita yen bandha kuwi asile korupsi utawa maling. Mula cettha, sejatine bab bandha kang dadi darbek’e jan-jane apik. Mung wae nalika kudu andum-inganduman lan uga nggatekne liyan, wong sugih kuwi kaya-kaya merem, mulane ora isa nyawang yen ing sakiwa tengene ana sing kesrakat lan butuh pitulungan. Tokoh kang aran Lazarus (basa Ibranine Eliezer) kuwi jian kesrakat banget, arep mangan wae angele ngeram lan malah mung nunggu rontokane panganan wong sugih. Merga ana ing regol gapurane, kudune wong Sugih kuwi tansah weruh, ananging ora tahu tumandang lan nyedhak, malah sing nyedhak kirik sak mbok lan bapakne. Jian mesakne temenan kahanane si Lazarus kuwi, lan cekaking crita, kabeh mati. Lazarus ana ing Pangkone rama Abraham, dene wong sugih ana ing nraka.

Saka crita ing nduwur, sing dadi pasinaon penting yakuwi, sugih kuwi ora dilarang dening Gusti, malah kepara kudu sugih, ben ora ndremikih. Sing ora dikersakne Gusti kuwi PELIT. Sanadyan bener bandha kuwi merga polah lan usahane dewe, ananging kuwi berkahe Gusti, mula ya dumen karo liyan, aja mung diunthal dewe lan ora nggagas liyan. Lan menawa ana sing durung SUGIH, ya usaha wae sing cerdas, aja mung trima ing pandum. Usaha sing cerdas, ora mung keras lho ya..Lan yen wis pada sugih, aja PELIT!

“Kang,  ngandi paklik mang, kok durung njedul?” Sore kuwi, Nduk I’in semanta bab kahanane Lik Ndoleng, sing biasane bubar magrib wis thiluk neng sor Talok sinambi we’anan.
“Lha mbuh, aku ora ngerti In.”Wangsulane Dalijo. “Lha ana apa ta?”
“Wingi sambat, jare wektune entek nggo kegiatan greja..” Nduk I’in nyauri bab sambate Lik Ndoleng.
“Apa cah, kok lamat-lamat aku krungu yen mbok rasani? “Lik Ndoleng njedul lansung komentar.
“Jik Nduwe wektu Lik?” Takone Dalijo.
“Ijik, ngapa?” Semaure Lik Ndoleng.
“E…e..jare wektune entek kanggo nggreja..” Semaure Dalijo.
“Lha pora iya Jo, meh saben wayah ropat-rapat-ropat-rapat wae, pora jian entek tenan!!” Sajak Erosi Lik Ndoleng.
“Haiyah, wong ya kereb ora mangkat wae sambat Lik..saiki pikiren, umpama sesasi kuwi 30 dina, sedina 24 jam, mula sesasi kuwi ana 720 jam. Lan menawa ana patang minggu brarti neng ngrejane ping papat, maksimal rong jam pas minggune, mula mung kalong 8j jam. Sarasehan seminggu pisan, sesasi ping papat, mung 6 jam. Rapat saben minggu, sakrapatan 3 jam, brarti 2 jam. Mula sesasi entuk wektu 8+6+12=26 jam, sesasi ana 720 jam. Ndang etungen lik..mbok ya aja PELIT-PELIT..”Dalijo mungkasi kotbahe marang Lik Ndoleng, sinambi klepas-klepus, dene Lik Ndoleng mung cengengas-cengenges wae..


Kyai Tu Pong Ji


2 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH