Selasa, 03 September 2019

ERAM


Selasa Legi 3 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 3:1-14
Jabur 58
Lukas 4:31-37
Kabeh wong padha eram, banjur padha rasanan: “Tembunge kok ngedab-edabi banget! Kalawan wibawa lan panguwasa anggone ndawuhi para dhemit, temah padha metu.” Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar tekan ing ngendi-endi ing tanah kono. Lukas 4:36-37

ERAM kuwi tegese padha karo Gumun, ananging jejer Gumun wis nate katulis neng tanggal 21 Maret 2019, mula ya kudu tak ganti jejere, ben rada ana pariasine. Mbalik neng bab ERAM, sing ndadekne ERAM kuwi mesti kahanan sing “ora lumrah”. Dene bab utawa kahanan “sing ora lumrah” kuwi isa bab sing positif utawa apik lan uga kahanan ala utawa negative. Pokok’e samubarang kang lumakune ora kaya padatan, kuwi isa ndadekne ERAM, umpamane yen ana Sapi Ngendeg, mesti akeh sing padha heboh tur ya gembrudug pengen nonton, semono uga nalika ana Pitik Manak Pedhet, mesti kabeh dadi ERAM.

Bab ERAM kuwi nate klakon nalika Gusti memulang ing Kapernaum. Ing papan pangibadah, ing dina Sabat, ngepasi memulang ana wong kepanjingan dhemit. Merga dhemite kliwat kurangajar lan marakne sing kepanjingan rekasa banget, mula ya kudu ditundung ben lunga. Nalika dhemit mau cecaketan karo Gusti, wis rumangsa wedi, mula banjur bengak-bengok sambat marang Gusti. Mirsa kahanan kaya mengkono Gusti enggal paring dhawuh supaya enggal lunga si dhemit kuwi mau. Lan saknalika sakwise ana “proses” sedelok, njur si dhemit lunga, mbuh nengdi.

Ngerti kahanan kaya mengkono kuwi mau, wong akeh kabeh pada ERAM. Iki isa diartekne yen lelakon kang kaya mengkono ora nate klakon, merga yen kereb klakon ora bakalan pada ERAM. Seka crita iki sejatine isa dijupuk pasinauon, sanadyan ana neng papan pangibadhah, malah isa wae kereb melu ngibadah, ananging bab Kepanjingan Dhemit kuwi tetep wae jik isa, artine dhemit ora wedi marang papan ananging wedi marang pawongan. Mula saka kuwi durung mesti wong sing sregep menyang papan pangibadah isa ilang dhemite, malah isa wae malah kuwi kanggo nylamurake tumindak alane. Lha pie carane niteni wong kuwi ora kepanjingan demit? Ya gampang, sauger lembah manah, sregep, andhap asor, loma lan sabarang kahanan sing apik, kuwi pratandha ora kadunungan dhemit. Ananging yen ana dhemit, enggal-enggal ditundung ben wong akeh padha ERAM.

“Jo, piye carane isa nglakoni urip kanthi tentrem, sabar lan sumeleh?” Lik Ndoleng takon marang Dalijo, sinambi ngopi neng sor talok.
“Latihan Lik…” Wangsulane Dalijo cekak.
“Weh, cah tuwek kaya aku kok ya jik kon latihan?” Semaure Lik Ndoleng.
“Tuwek’a yen durung isa ya latihan ta Lik” Nduk I’in melu semaur.
“Lha kepiye latihane cah?” Lik Ndoleng sajak penasaran.
“Dolana neng mae Kang Markun, sawangen mesrane Yu Wasti karo Kang Markun. Yen wis ora kemropok, brarti  wis ora ngrumati dhemit meneh Lik..” Nduk I’in sajak entuk kahanan kanggo nyemes Lik Ndoleng.
“Weh, cah gendeng..saranmu ora klebu nalar In..” Lik Ndoleng mangsuli sajak nesu.
“Lha rak tenan..jebule jik ngrumati dhemit cemburu…iki aku ERAM lik..ning bab sing ora positif..”Dalijo semaur sinambi nyumet djarumsupere..

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH