Selasa, 10 September 2019

WATAK


Selasa Pon 10 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 19:1-15
Jabur 2
Lukas 6:12-19
Kacarita ing nalika samana Gusti Yesus minggah ing gunung ndedonga; nganti sawengi natas anggone ndedonga. Bareng wis raina para sakabate padha ditimbali, banjur dipilih rolas, kang padha dijenengake rasul, yaiku: Simon, kang uga diparingi jeneng Petrus, lan Andreas sadulure Simon, Yakobus lan Yokanan, Filipus lan Bartolomeus, Mateus lan Tomas, Yakobus anake Alfeus, lan Simon kang karan wong Zelot, Yudas anake Yakobus lan Yudas Iskariot kang ing tembe laku cidra. Lukas 6:12-16

WATAK kuwi kahanan, yakuwi kahanan batin sing kuwat banget lan iki sing isa nduweni pengaruh sing kuwat marang sawernaning tumindak lan uga sikepe menungsa. WATAK kuwi (jarene) gawan bayi, lan isa tuwuh lan urip ngrembaga merga akeh factor, salah sijine brayat lan lingkungan. Merga saka pangerten yen WATAK kuwi gawan bayi, mula njur ana unen-unen, “Yen Watuk isa dimareni,ananging yen WATAK ora bisa dimareni”. Kuwi ngemu teges, yen wis WATAK ya pancen angel diowahi,merga kuwi gawan bayi. Ananging sanadyan ora isa diowahi, tetep wae isa dikendaleni, supaya mung ngener marang bab sing apik lan uga isa mbangun lan mangun urip bebarengan sing luwih nyenengake.

Merga gawan bayi, mulane WATAK’e menungsa kuwi siji lan sijine mesti beda, malah kepara sing jarene kembar tunggal sak adah wae ya meksa beda WATAK lan Wantune.  Iki nggambarake kepiye maha kwasane Gusti Allah, sing isa ngripta mayuta-yuta menungsa kanthi kahanan kang beda ing antarane siji lan sijine. Beda kuwi ora kleru, malah apik, sing ora apik yakuwi nalika pada ora isa nampa kahanan kang beda lan mbudidaya madakne siji lan sijine,utawa nyragamke. Bedane WATAK ing antarane titah, klebu ing bab iki menungsa, sejatine ngemu teges, supaya isa jangkep lan ndadekne kahanan luwih endah merga ana maneka werna kahanan, ora mung siji thok thil.



Bab WATAK sing beda iki cetha banget nalika Gusti nimbali sekabat rolas. Ing kana ana sing aktif lan kreatuf, ana sing kemaki, ana sing menengan, ana sing mutungan, ana sing seneng unggul, ana sing enthengan, ana sing (rada) males..hehe..Ananging Gusti ora nate nalika memulang meksa kon dadi pada. Kuwi kabeh sejatine ngemu piwulang, uga tumrap sing maca tekan saiki, yen kahanan sing beda kuwi lumrah. Mbaleni bab WATAK kang seje utawa beda saka crita para sekabat rolas sing ditimbali Gusti. Sejatine lumantar  pangwasane, Gusti isa madakne dadi  WATAK siji, ananging apa pikolehe?Malahan kahanane ora jangkeb, mung monoton..hehe. Mula saka kuwi, yen bubar nemu lan maca tulisan iki, ayo pada sadhar, yen bedane WATAK kuwi sejatine wus dirancang dening Gusti, dadi dudu kacilakan. Merga wis dirancang,mula ya mesti apik tujuane. Tugase menungsa kuwi ora ngowahi WATAK, yen Watuk ya kudu diowahi, ananging nyelaraske WATAK ben supaya isa mlaku bareng kanthi rukun.

“Kopine adem Lik, kok ora diobe-ombe?” Dalijo sore kuwi bubar nonton pilem animasi Sopo lan Jarwo nakoni Lik Ndoleng.
“Jik ngontor aku Jo, wong kok karepe menang dewe. Ditakoni apik-apik wangsulane cekak lan kecut kaya blimbing Wuluh” Rada mbethatut Lik Ndoleng mangsuli takone Dalijo.
“Kuwi dudu salahe sing mbok takoni Lik..”Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Kok isa In?” Lik Ndoleng sajak kaget.
“Yen wis WATAK’e ngono ya kudune  sampeyan sing maklum, aja meksa dekne kaya kekarepan sampeyan Lik..”Nduk I’in njentrehne karepe.
“Bener I’in Lik..urip kuwi sing mandiri,aja gumantung karo sikepe Liyan. Arepa mbesengut kaya ngapa, esemana wae, kuwi tegese merdika Lik..” Dalijo kaya padatan, ngotbahi..




Kyai Tu Pong Ji

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH