Jumat, 20 September 2019

KAREP


Jemuah Pon 20 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 8:1-13
Jabur 79:1-9
Mateus 8:1-3
Gusti Yesus nuli mulung astane, ndemek wong mau sarta ngandika: “Aku karsa, birata najismu.” Padha sanalika kabirat budhuge temahan dadi resik.” Mateus 8:3

Yen ana daya kekuatan sing paling gede ana ing jagad iki, mbomenawa ora ana sing isa ngalahake apa sing diarani KAREP. Menungsa, mbuh kuwi apa lan sapa kahanane, yen wis nduweni KAREP, mesti diupayakne nganti tumeka sakkelakone. Apa wae kang dadi pepalang lan reribet, mesti bakal digoleki cara nelukne pepalang nganti tumeka ing kahanan sing ndadekne ke-KAREP-ane isa klakon. Tembung KAREP kuwi basa kramane KARSA, sing tegese mbokmenawa isa kaya mengkene, sabarang kang kuwat, kang mrentul saka ing atining menungsa, lan merga saking kuwate, mulane kudu klakon sanadyan kudu ngadepi sadengah pepalang lan anceman. Lan uga, ora ana apa wae sing klakon ing jagad iki tanpa diwiwiti seka anane KAREP.

Ana crita ana ing Kitab Suci, ing kana dicritakne kaya ngapa samubarang isa lumaku utawa klakon merga saka kuwat lan gedene KAREP. Crita kuwi bab Gusti Yesus, sing nembe tumindak neng Gunung. Ing sawijining kahanan, ana wong lara budhugen lan wong kuwi njaluk supaya didadekne waras utawa mari seka larane. Ing kene ana rong KAREP sing bakalane tinemu. Siji nduweni KAREP supaya larane enggal  sehat utawa waras, dene sijine ditantang supaya nduweni KAREP kanggo marekne. Ing kene sejaine aja kahanan kang lumrah, lan siji lan sijine nduweni kebebasan bab pilihan sing kudu dilakoni. Ora ana larangan nduweni ke-KAREP-an, ananging sing penting aja nganti meksa ke-KAREP-an kuwi. Lan ing crita Kitab Suci, jebule pihak sijine yakuwi Gusti Yesus ya nduweni KAREP, kanggo ndadekne waras sing nembe nandang lara budhugen.

Daya kekuwatan KAREP saka crita Kitab Suci ing nduwur pada gedene, ing antarane sing butuh lan sing disambati. Gusti Yesus kagungan KAREP kanggo maraske sing lara lan uga sing lara nduweni KAREP kanggo waras. Mula sing klakon sakbanjure ya WARAS. Saka crita iki, isa dijupuk pasinaon apik, menawa bab KAREP kuwi nduweni underan sing paling utama. Yen wis ora KAREP, apik kaya ngapa, mesti ora bakalan dilakoni, yen yen wis KAREP, elek kaya ngapa ya bakalan digayuh. Lha sing isa kanggo bahan “permenungan” kanggo awak’e dewe  (sing maca tulisan iki), apa wis pada nduweni KAREP kang bener lan pener ana ing urip iki?Yen durung ndang nduwenana, yen wis cek’en sik wis temenan dadi KAREP apa mung  wewayanganing panguripan?


“Lik…kawit mengko bengi, aku nitip ingon-ingonku ya, nganti tekan seminggunan..”Dalijo ngomong karo Lik Ndoleng.
“Lha apa sida nglakoni ke-KAREP-anmu Jo?” Lik Ndoleng mbalik nakoni Dalijo.
“Iyo lik…ikiwis dadi KAREP ana ing atiku, apa wae pepalange arep tak tatag’I” Semaure Dalijo sinambi nyumet djarumsupere lan seka pawon njedul Nduk I’in sinambi nggawa telo pohong goring.
“Iki contone Lik..merga aku nduwe KAREP nggoreng, sanadyan kesel ya klakon, aja kaya sampeyan, ratahu nduweni KAREP mula ya mung mbingungi wae. Menungsa kuwi kudu nduwe KAREP sing gumathok, ben jelas uripe..” Nduk I’in malah ngotbahi Lik Ndoleng, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya Jangkrik ditinggal pasangane..


Kyai Tu Pong Ji..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH