Rabu, 04 September 2019

NDUWENI


Rebo Pahing 4 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 3:15-25
Jabur 58
Lukas 4:38-44
Bareng wis esuk Gusti Yesus miyos lan banjur tindak menyang ing panggonan kang sepi. Nanging wong akeh padha nggoleki lan iya ketemu. Kabeh padha nggondheli Gusti Yesus, supaya aja padha ditilar. Nanging padha dipangandikani: “Injile Kratoning Allah iku iya kudu Dakwartak-wartakake menyang ing kutha-kutha liyane uga, sabab iya iku prelune anggonKu kautus.” Panjenengane banjur memulang ana ing papan-papan pangibadah ing tanah Yudea. Lukas 4:42-44

NDUWENI kuwi saka tembung duwe, sing tegese nembe ana, dene bab sing ana kuwi isa barang lan uga kahanan. Cara gampange, duwe wektu kuwi kahanane bab wektu ana, sanadyan ora isa disawang, merga wektu kuwi dudu barang. Iki beda karo duwe Sapi, merga yen duwe Sapi kuwi kahanane bab barang lan isa disawang. Mulane tembung NDUWENI kuwi tegese kahanan sing mratelakake yen pawangon kuwi (rumangsa) duwe lan uga isa rumangsa ngehak’i apa wae. Ing kahanan kaya mengkene iki isa wae sejatine dudu hak’e utawa duwek’e, ananging rumangsa dadi hak’e. dadi rumangsa duwe sabarang kang dudu hak’e kuwi diarani NDUWENI.

Bab NDUWENI kuwi ora isa langsung diarani salah lan bener, gumantung kahanane. Sing rumangsa NDUWENI semangat apik, lan merga saka kahanan NDUWENI kuwi njur isa sregep makarya, iki bab apik. Ananging yen mung rumangsa NDUWENI lan sakbanjure ora oleh sapa wae melu nduwe, iki sing ora apik. Ana crita Kitab Suci bab (rumangsa) NDUWENI sing ora dadi kersane Gusti, yakuwi nalika ana ing kutha Kapernaum. Sakbubare marasake simbok mertuane Petrus, njur pengen nyepi,leren utawa ngaso saka rutinitas. Sanadyan sejatine Gusti Allah, ananging nalika matrab kamanungsan ya ngrasakne sayah, mula ya butuh “cuti”. Lha nalika kuwi, merga pakaryan-pakaryan kang ngedab-edabi, akeh wong kepengin NDUWENI Gusti, ngepek dewe lan ora iklas yen liyan ya melu rumangsa duwe. Ing kahanan kaya mengkene iki Gusti banjur lunga, ngeblas marang papan liyane. Gusti ora kersa ana wong-wong sing rumangsa mung dewek’e sing NDUWENI Panjenengane, awit Panjenengane kuwi duwek’e wong akeh.


Rasa pengen NDUWENI dewe apa wae kang apik kuwi kawit mbiyen tekan saiki jik pancet dadi watak’e menungsa. Lan manut saka crita ing Lukas 4 ayat 38-44, menungsa ora pareng rumangsa NDUWENI dewe bab Gusti, kudu diddum karo liyan. Minaangka pasinaon tumrap sapa wae sing maca tulisan iki, bab NDUWENI kuwi apik, ananging nalika pengen NDUWENI dewekan lan liyan ora pareng melu NDUWENI, kuwi sing ora apik. Iki isa dipatrapi ana ing sabarang kahanan, kudu siap njereng apa wae sing kudune dijereng lan nyimpen apa wae sing kudune disimpen dewe. Dene bab NDUWENI Gusti Yesus kuwi kudu gelem andum-ingaduman karo liyan.

“Jo, kenapa Gusti Yesus kok ora kersa manggon neng Kapernaum, kamangka neng kana pendukunge uakih banget ik?” Pitakonane Lik Ndoleng marang Dalijo.
“Kuwi minangka piwulang Lik, ben aja pelit..kaya sing pada maca tulisan iki” Semaure Dalijo.
“Weh, yen ngono kudu siap andum-ingaduman iki ya Jo? Wah mathuk..aku cocok..” Sumeh Lik Ndoleng nanggepi wangsulane Dalijo.
“Njur rumangsamu isa njaluk jatah Kang Markun bab Yu Wasti ya Lik?” Nduk I’in kaya padatan, nyoal-nyael..
“Asemb kecut..dussss…kok ya ngerti wae ta kowe kuwi In…” Lik Ndoleng sajak mromong raine mula ketrucut misuh, kamangka biasane mung dibatin..
“Apal karo sampeyan Lik…”Semaure Nduk I’in cekak.


Rumangsa NDUWENI kuwi apik yen kanggo kabecikan, ananging yen mung kanggo kemareman ya apa apik..

Mbahe..

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH