Senin, 30 September 2019

BALA


Senen Pon 30 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 32:16-35
Jabur  119:49-56
Lukas 9:46-50
Yokanan tumuli matur: “Guru, kawula sami sumerep tiyang nundhung dhemit atas asma Paduka, lajeng kawula penging, amargi sanes patunggilan kita.” Gusti Yesus banjur ngandika: “Aja kokpenggak, sabab sing sapa ora nyulayani marang kowe, iku dadi nyarujuki.” Lukas 9:49-50

Kawit jaman mbiyen tekan jaman saiki, tumraping menungsa bab BALA lan dudu BALA kuwi ijik dadi perkara sing penting. Mula saka kuwi, bab BALAmu apa BALAku, kuwi ya kereb dadi sumbering pasulayan. Perkara iki, yakuwi bab BALA-BALANAN sansaya nggegirisi nalika lumebu ana ing “ruang” sing kinaranan Politik lan Agama. Ana ing donyaning Politik, BALA kuwi kayadene asset utawa kesugihan, sepira gedene utawa akehe BALA kuwi sing bisa nemtokne menang apa kalah nalika tarung ana ing gelangganging pamrintahan. Dene ana ing bab Agama, bab BALA kuwi ya wigati banget. Bab kuwi bener lan pener utawa ora, rapatio penting. Sing penting akeh BALAne, mula mbiyen para sesepuh lan pinisepuhe wong Jawa pada mulang lumantar unen-unen, Asu gede menang kerah’e, sing tegese sapa sing akeh BALAne, ya kuwi sing menang.

Lha sejatine, apa ta tegeses tembung BALA kuwi? BALA kuwi tegese kanca,sedulur,utawa sapa wae sing nyengkuyung marang awak’e dewe. Sing paling inti yakuwi bab “Nyengkuyung” utawa ndukung. Lambok sedulura, ya ora nyengkuyung ya dudu BALA. Dene nyengkuyung kuwi ora mikir kuwi apak utawa ala, sing penting Nyengkuyung.  Ing jagad’e politik lan Agama, sing ora nyengkuyung, sanadyan netral, tetep diarani mungsuh, dudu BALA. Merga mungsuh, mula ya kudu disingkirake, iki jian mbebayani temenan ana ing urip bebrayan agung neng jagad raya iki.



Bab BALA kuwi ya nate dadi kawigatene Gusti Yesus. Nalika semana ana sekabat sing wadul, yen ana sing tumindak apik banget, kamangka kuwi dudu “grup’e” 12 sekabat. Rumangsa linangkahan, mula Yokanan protes. Karepe lumantar protes njur dibelani, ananging pengarep-arepe Yokanan sirna, merga manut kawicaksanane Gusti Yesus, BALA kuwi ora mung sing sakgrup, ning luwih amba, yakuwi sing pada-pada tumindak apik. Dene soal kenal utawa ora, ora penting, sing penting pada-pada tumindak apik.

Mula saka kuwi, sejatine sing diarani BALA kuwi ora mung winates sing kenal, winates sedulur, winates sing cedak lan sakpiturute, ananging BALA kuwi sapa wae kang tumindak pada, sanadyan beda agama lan uga pilihan politik. Iki pancen angel lan abot. Kepriye nalare kok isa diarani angel lan abot? Merga ana ing babagan BALA kuwi mesti ana pengarep-arep, paling ora nampa keistimewaan. Ananging ana ing piwulange Gusti Yesus, kabeh sing tumindak apik,kuwi bakalane nampa bebulih kaistimewaan.
“Lik, saiki kayane dadi BALAne kang Markun ya?” Nduk I’in sore kuwi nakoni Lik Ndoleng nalika lagi mulih seka kali, adus.
“Wandamu In..jongasi aku sak BALA karo wong kae..” Sajak semu nesu olehe Lik Ndoleng wangsulan.
“Weh, jik dendam jebule…durung mop on ya Lik?” Dalijo melu nrambuli.
“Lambemu Jo..malah melu-melu..pora ngerti iki tanggal tuwek?!”Semaure Lik Ndoleng.
“Badalaaa…gaweane ngarit wae nggagas tanggalan Lik..mbok ya sareh wae. BALA kuwi ora kudu tansah cedak lan grudag-grudug. Sing penting pada-pada tumindak apik. Sampeyan tumindak api, ngrumati Lek Trinil lan anak-anak, kang Markun ngrumati kanti lopyu pul Yu Wasti, ya kanthi iklas..kuwi tegese BALA lek…”Jlentrehe Dalijo, sing marakne Lik Ndoleng mung manthug-manthug, sajak kisinan..

Kyai Tu Pong Ji


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH