Selasa, 01 Oktober 2019

LUGU


Selasa Wage 1 Oktober 2019
BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 32:36-44
Jabur 119:49-56
Mateus 18:1-5
“Satemene pituturKu marang kowe: Manawa kowe ora mratobat lan dadi kaya bocah cilik iki, kowe ora bakal lumebu ing Kratoning Swarga. Dadi sing sapa ngesorake awak lan dadi kaya bocah cilik iki, yaiku kang pinunjul ana ing Kratoning Swarga. Karodene sing sapa nampani bocah pepadhane iki atas saka jenengKu, iku Aku kang ditampani. Mateus 18:3-5

LUGU kuwi isa dimangerti minangka sifat lan uga polah tingkah kang manut kabutuhan utawa jumbuh karo kahanan. Tembung LUGU kuwi kosokbaline kokean polah utawa penthalitan. Kokean polah merga ora tumindak jumbuh karo apa kang dibutuhake, ananging tumindak merga karana kekarepan kang angel dikemudekne. Menungsa sing nduweni sifat LUGU kuwi biasane bocah, dene menawa wis tuwa utawa wis “lulus” seka donyaning bocah, bab LUGU kuwi ewis angel ditemokne.


Bab LUGU kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus, yakuwi nalika mulang bab sapa sing paling gede ana ing kratoning swarga. Menawa jagad iki nduweni penemu, yen sing gede kuwi sing diladeni lan uga sing kakean polah, manut Gusti Yesus, sing gede lan sing nduweni Kratoning Allah kuwi sapa wae sing nduweni watak bocah cilik sing jik LUGU tur ya jujur ing samubarange. Bocah cilik kuwi tumindak merga percaya, tanpa sanggarunggi. Iki beda karo wong sing ora bocah meneh, arep tumindak sederhana wae kokean pikiran,lan bareng telat utawa wus kebacut ora ana kesempatan meneh, njur  nyalahke kahanan. Watak LUGU bocah kuwi ya nalika wani ngomong sing sakbenere, ora disuda lan ditambahi, iki ya perkara sing angel dikaloni dening wong diwasa.

Mula saka kuwi, manut piwulange Gusti Yesus, sapa wae kudu nduweni watak’e cah cilik sing polos,jujur,iklas,manut lan sakbanjure kang isa diarani awatak LUGU. Pancen angel bali marang donyaning bocah, ananging manut kersane Gusti Yesus, mung  sapa sing nduweni watak bocah kang LUGU kuwi sing nduweni kratoning swarga.

“Wingi aku nesu Jo karo anak’e Panggah. Wong kene kui ora mangkat kerjabakti, arep leren merga kesele ngeram malah dikandakne neng sing pada kerjabakti, yen aku nengomah” Sambate Lik Ndoleng marang Dalijo.
“Lha salahmu ta Lik, ngapa ndadak goroh..” Semaure Dalijo.
“Jan-jane wis tak tukokne premen lan tak weling aja ngomong sapa-sapa..”Semaure Lik Ndoleng.
“Ajine premen wae sepira ta Lik..kok malah marahi baba la marang bocah..”Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Dudu bab ajining premen In, ning lumantar perkara iki, kabeh sansaya padang yen bocah cilik kuwi ora gampang diajak goroh, merga ijik polos, jik LUGU. Mula manut pangandikane Gusti, mung sing nduweni watak bocah cilik wae sing isa mlebu kratoning swarga” Dalijo njlentrehne jian kaya Begawan neng sor wit ringin..


Kyai Tu Pong Ji..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH