Senen
Pon 30 September 2019
BENINGE
EMBUN ESUK
Yeremia
32:16-35
Jabur
119:49-56
Lukas
9:46-50
Yokanan tumuli matur: “Guru,
kawula sami sumerep tiyang nundhung dhemit atas asma Paduka, lajeng kawula
penging, amargi sanes patunggilan kita.” Gusti Yesus banjur ngandika: “Aja
kokpenggak, sabab sing sapa ora nyulayani marang kowe, iku dadi nyarujuki.”
Lukas 9:49-50
Kawit jaman mbiyen tekan jaman saiki, tumraping menungsa bab BALA
lan dudu BALA kuwi ijik dadi perkara sing penting. Mula saka kuwi, bab BALAmu
apa BALAku, kuwi ya kereb dadi sumbering pasulayan. Perkara iki, yakuwi bab
BALA-BALANAN sansaya nggegirisi nalika lumebu ana ing “ruang” sing kinaranan Politik
lan Agama. Ana ing donyaning Politik, BALA kuwi kayadene asset utawa kesugihan,
sepira gedene utawa akehe BALA kuwi sing bisa nemtokne menang apa kalah nalika
tarung ana ing gelangganging pamrintahan. Dene ana ing bab Agama, bab BALA kuwi
ya wigati banget. Bab kuwi bener lan pener utawa ora, rapatio penting. Sing penting
akeh BALAne, mula mbiyen para sesepuh lan pinisepuhe wong Jawa pada mulang
lumantar unen-unen, Asu gede menang kerah’e, sing tegese sapa sing akeh BALAne,
ya kuwi sing menang.
Lha sejatine, apa ta tegeses tembung BALA kuwi? BALA kuwi tegese
kanca,sedulur,utawa sapa wae sing nyengkuyung marang awak’e dewe. Sing paling
inti yakuwi bab “Nyengkuyung” utawa ndukung. Lambok sedulura, ya ora
nyengkuyung ya dudu BALA. Dene nyengkuyung kuwi ora mikir kuwi apak utawa ala,
sing penting Nyengkuyung. Ing jagad’e
politik lan Agama, sing ora nyengkuyung, sanadyan netral, tetep diarani
mungsuh, dudu BALA. Merga mungsuh, mula ya kudu disingkirake, iki jian
mbebayani temenan ana ing urip bebrayan agung neng jagad raya iki.
Bab BALA kuwi ya nate dadi kawigatene Gusti Yesus. Nalika semana
ana sekabat sing wadul, yen ana sing tumindak apik banget, kamangka kuwi dudu “grup’e”
12 sekabat. Rumangsa linangkahan, mula Yokanan protes. Karepe lumantar protes
njur dibelani, ananging pengarep-arepe Yokanan sirna, merga manut kawicaksanane
Gusti Yesus, BALA kuwi ora mung sing sakgrup, ning luwih amba, yakuwi sing
pada-pada tumindak apik. Dene soal kenal utawa ora, ora penting, sing penting
pada-pada tumindak apik.
Mula saka kuwi, sejatine sing diarani BALA kuwi ora mung winates
sing kenal, winates sedulur, winates sing cedak lan sakpiturute, ananging BALA
kuwi sapa wae kang tumindak pada, sanadyan beda agama lan uga pilihan politik. Iki
pancen angel lan abot. Kepriye nalare kok isa diarani angel lan abot? Merga ana
ing babagan BALA kuwi mesti ana pengarep-arep, paling ora nampa keistimewaan. Ananging
ana ing piwulange Gusti Yesus, kabeh sing tumindak apik,kuwi bakalane nampa
bebulih kaistimewaan.
“Lik, saiki kayane dadi BALAne kang Markun ya?” Nduk I’in sore
kuwi nakoni Lik Ndoleng nalika lagi mulih seka kali, adus.
“Wandamu In..jongasi aku sak BALA karo wong kae..” Sajak semu nesu
olehe Lik Ndoleng wangsulan.
“Weh, jik dendam jebule…durung mop on ya Lik?” Dalijo melu
nrambuli.
“Lambemu Jo..malah melu-melu..pora ngerti iki tanggal tuwek?!”Semaure
Lik Ndoleng.
“Badalaaa…gaweane ngarit wae nggagas tanggalan Lik..mbok ya sareh
wae. BALA kuwi ora kudu tansah cedak lan grudag-grudug. Sing penting pada-pada
tumindak apik. Sampeyan tumindak api, ngrumati Lek Trinil lan anak-anak, kang
Markun ngrumati kanti lopyu pul Yu Wasti, ya kanthi iklas..kuwi tegese BALA lek…”Jlentrehe
Dalijo, sing marakne Lik Ndoleng mung manthug-manthug, sajak kisinan..
Kyai Tu Pong Ji