Kamis, 01 November 2018

RESIK


Kemis Kliwon 1 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Pangentasan            22:1-15
Jabur                       119:1-8
Matius                                    5  :1-12a
Begja wong sing resik uripé, sing uripé manut angger-anggeré Allah.” Jabur 119:1

RESIK kuwi kahanan sing tanpa rereget, mbuh apa kuwi wujud’e rereget kuwi. Dene kosokbaline RESIK kuwi reget. Sing diarani reget kuwi samubarang sing kahanane ora diperlokne,sing mapan ora ana neng papane, sanadyan kuwi durung mesti barang sing ala. Contone, upa utawa sega sing mung sak las, kuwi nalika mapan ora ana neng papan sakmestine, bisa dadi rereget. Yen ora percaya, njajal wae nalika nyumbang utawa njagong, wis dandan sakapik’e, njur ana upa ana neng rai, mesti wae raine njur katon reget, ora RESIK.

Bab RESIK kuwi nate dadi piwulange Kitab Suci, kaya sing dadi nats ing dina iki, Kemis Kliwon. Saka ing Jabur 119, ana pasinaon bab wong sing RESIK sing klebu wong begja. Resik’ing urip ndadekne salakuning uripe wong kuwi begja, kuwi sing njalari tentrem rahayu tansah rinasa ana neng uripe. Ana neng Injil Matius, sing begja kuwi sing RESIK atine, merga isa nyawang Gusti Allah, dene saka Pangentasan bab 22 diwulangke pranatan-pranatan sing isa dadi lantaran urip sing RESIK. Sing mesti, sapa wae sing uripe RESIK mesti nduweni pengarep-arep lan uga dadi pengarep-arepe liyan. Yen urip tansah RESIK, ora bakal wedi marang kahanan apa wae, merga mesti uwal saka paukuman. Beda karo sing ora resik utawa reget, mesti tansah kuwatir yen tumindak’e sing Reget mau isa konangan sakwayah-wayah.

Mulane ayo pada mbudidaya urip  RESIK. Resik bab tumindak,  bab pengangen-angen, bab rasa srei lan drengki, saka rasa gething, saka rasa srakah, saka rasa sujana marang apa lan sapa wae. Yen kuwi kabeh isa dilakoni, uripe menungsa (sapa wae) mesti nduweni pengarep-arep sing becik lan uga ndadekne uripe kuwi pengarep-arepe liyan..Mulane yen jik ana sing rumangsa durung RESIK, enggal resik’ana..

“Kok tumben mboten purun kopi Lik?”, Nduk I’in takon marang Lik Ndoleng..
“Lagi pengen ra ngopi ..”, Wangsulane Lik Ndoleng sareh.
“Napa siam?”,
“Ndadak pasa mbarang pomeh ngangkah rabi meneh ta lik, njur karo apa?”, Dalijo semanta, sinambi ngudari bungkusane Djarum Supere.
“Mbok aja curiganan to kang, sapa ngerti paklik nembe abo  penggalihe”, Nduk I’in nyauri Dalijo.
“Orapapa Nduk, ben wae dulurmu lanang Dalijo muni sak krasane, aku santai. Iki caraku ngRESIK’I uripku sing wis kebak reregete”, Lik Ndoleng semaur.
“Wooo..jebul lagi “nyaponi” penguripane ta Lik?”, Dalijo sajak kaget, ning tetep katon santai..

Sing sapa wae pengen ngRESIK’I uripe, mesti bakal nemoni sandungan sing ora sithik…

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH