Jumat, 02 November 2018

WANI


Jemuah  Legi 2 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Kaimanan    19 :32-37
Jabur          119: 1-8
Lukas           13:31-35
Gusti Yésus ngandika: “Lungaa, kandhakna marang ‘kancil’ kuwi, ‘Dina iki lan sésuk Aku nundhungi dhemit lan marasaké wong lara, nanging ing telung dinané Aku bakal ngrampungaké pegawéan-Ku.” Lukas 13: 32

WANI kuwi kahanan sing dialami titah, klebu menungsa. WANI kuwi daya utawa kekuatan sing marakne teteg anggone mbacutake lelaku babagan apa wae. Umpamane arep lelaku mengetan, kamangka ana jurang neng ngarepe, tetep dilewati, ora mundur, kuwi sing diarani WANI. Dene tembung WANI kuwi duwe jodho sing diarani WEDI. Pasangan iki jian kompake ngeram, Wedi mesti ngenggoni papan sing ditinggalne WANI, mula yen ora WANI mesti sing tinemu Wedi.
Seka tembung wani kuwi njur akeh tembung-tembung anak’ane. keWANEn, Maneni, kumaWANI,lan sakpanunggalane. Ana uga ukara jawa sing dadi piwulang apik bab tembung WANI, “Yen WANI aja wedi-wedi, yen Wedi aja WANI-WANI”..

Bab WANI iki nate dituladanake Gusti Yesus, nalika diancem dening Herodes. Kayane memungsuhane Gusti karo Herodes kui pol tenan, nganti Gusti Yesus ngarani “Kancil”. Nalika diancam, Gusti ora gigrig, ora wedi malah kepara WANI sing diwasa marang Herodes. Gusti WANI merga pirsa kahanane diri pribadi sing ora luput, sing tansah urip kanggo liyan, ora nguja kemaremaning diri. Mula saka kuwi, ngadepi samubarang pepalanging urip, Gusti tetep,tatag nganti tutug, merga Gusti WANI. Merga WANI uga Gusti ora ngendani,ora nyelak’I apa kang kudune diadepi. Kuwi kabeh njedul saka tata panguripan sing RESIK kaya piwulange lik Ndoleng wingi kae. Merga RESIK mulane WANI..yen Wedi, mesti ora resik ana ing uripe..

Tumrap menungsa, bab wedi lan WANI kuwi bab sing lumrah. Akeh sing wedi ning ya ora sithik sing WANI ngadepi urip iki. Sing wedi mbuh apa alesane,ananging sing WANI mesti dasare bab sing apik tumrap urip, bab tumindak sing manut tatanan, sing tansah tetelung marang sakpepada,tansah andum berkah karo sapa wae..Ngadepi pengancem kuwi ora mung neng jmane Gusti Yesus, tekan saiki anceman kuwi tetep anal an malah modele luwih nggegirisi, mula ayo pada urip sing Resik supaya WANI ngadepi urip ing mbesuk’e..

“Jo, yen kowe kon lungguh tengah wengi neng kuburan kurang luwih 2 jam wani ra?”,Lik Ndoleng nakoni Dalijo.
“Kari tujuane ta lik. Yen mung kon lungguh thok ya wegah,rasudi..kurang gaean!”, Wangsulane Dalijo kao dolanan HPne.
“Ditakoni wong tuek malah clelek’an!! Iki serius Jo, wani ra, misale dihadiahi sejuta,2 jam?”, Rembug’e Lik Ndoleng.
“Sapa ta lik krang gaean ngadiahi rongyuta neng wong lungguhan neng kuburan kuwi? Ning yen ana sing wigati, orasah diopahi, aku wani kok Lik. Lha emange apa sing diwedeni neng kuburan kuwi?Jare mbah’e malah memedine sing wedi, merga bagus memedine karo menungsane”, Dalijo semaur santai.
“Nek aku mbuh iki Jo, jik wediku ngayang karo kuburan..mbuh merga uripku sing ora jujur,mula kebak rasa wedi..”, Lik Ndoleng ngrememeng dewe..

Yen Wani aja wedi-wedi, yen WEDI aja WANI-WANI..

mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH