Kamis, 08 November 2018

WUDHA


Kemis Pahing 8 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Wilangan 36:1-13
Jabur      146
Lukas     14 :25-33
“Sing sapa arep dadi murid-Ku, kudu gelem kélangan bapakné, ibuné, bojoné, anak-anaké, sedulur-seduluré lanang lan wadon, malah iya kudu kélangan awaké dhéwé” Lukas 14:26

Sapa wae mesti nate ngalami sing diarani WUDHA, yaiku kahanan sing tanpa sandangan penganggo. Nalika cilik, kerep nglakoni WUDHA, nalika adus ya malah kudune WUDHA, lan nalika…hmmm…(apik’e rasah tak tulis wae, sensor 17 tahun munggah..hehe)..Pisan meneh, WUDHA kuwi kahanan, kahanan kang tanpa nyandang..

Piwulange Gusti kang tinulis ing Kitab Suci, mirunggan bab kepiye supaya bisa “LULUS” nderek Gusti, nalika gelem nguculi sandangane urip, sing akeh-akehe mung sandangan kadonyan. Yen jik kepengen nderek Gusti, ananging jik ndampyah nganggo sandangan kadonyan, mesti ora lulus. Mergane apa? Mergane sandangan kadonyan kuwi sing malah nyrimpeti lakuning urip kanggo nasak dalaning urip sing tansah rumpil lan ciut. Sing sapa arep nderek Gusti, kudu WUDHA, kudu siap nguculi ubarampene urip. Bab banda kudu diuculi, bab klangenan ya kudu diuculi, bab tresna marang samubarang  endahing kadonyan kudu diuculi, pokok’e kudu WUDHA bledreng, tanpa awer-awer babar pisan, kuwi sing nembe isa lulus dadi penderek’e Gusti.

Akeh sing pada “Pengen” nderek lan dadi penderek’e Gusti, ananging wegah cucul apa wae. Wegah cucul wektu, wegah cucul kapinteran, wegah cucul kapedulen marang liyan, pokok’e gelem slamete, ning wegah kelangan donyane.  Akeh sing koar-koar dadi penderek” e Gusti, ananging mung lamis, akeh sing ngibadah, ananging mung netepi kwajiban wae, ora nate dadi uripe sing sejati. Akeh sing wasise ora njamak bab agama, bab ngibadah, ananging yen kon tumindak ya mbelgedes. Alesane sak trek gandeng, duowuuuuuooo.. Jare percaya Gusti, ningwegah pisungsung, jare percaya Gusti, ning ragelem tandang gawe cawe-cawe peladosan, kuwi kabeh ora dadi kersane Gusti. Yen pengen dikersakne Gusti, ya kudu WUDHA babagan kadonyan. Duwe banda, nalika dibutuhne kanggo pakaryane Gusti, aturke, duwe wektu, nalika Gusti ngersakne, aturke, duwe kapinteran, nalika dibutuhne ya aturke Gusti kanggo pakaryane neng njagad iki.. Yen ora gelem nguculi, ora gelem WUDHA, jongimpi tinampa dening Gusti..

“Jo, kowe yen arep serius , kudu wani WUDHA lho”, Lik Ndoleng nanjihke Dalijo bab wong omah-omah..
“Weh, tik porno Lik?JIan ajar-ajaranmu…durung-durung wis porno…hmm”, Dalijo sajak kaget.
“Aja diajari sing ora-ora lho Lik, mergane Kang Dalijo kui jik polos, rung kambon apa-apa”, Nduk I’in melu nimbrung..
“Pikiranmu wae cah sing reged, iki bab nderek Gusti, ora bab bebojoan..Yen arep nderek Gusti, selehna,uculana kabeh sing dadi sandang penganggone uripmu, kuwi syarat mutlak saka Gusti”, Sajak jengkel Lik Ndoleng semaur..
“Oooo…”, Bebarengan I’in lan Dalijo semaur uga..

Lur, uculana kadonyanmu yen pengen nderek Gusti..

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH