Rabu, 07 November 2018

MESEM


Rebo Legi 7 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Mika    6:1-8
Jabur  51
Lukas  14:15-24
“…..Pepundhutané marang kita kuwi mengkéné: penggawé sing adil, nandukaké katresnan lan andhap-asor ing pesrawungan karo Panjenengané.” Mikha 6:8b

Mesem kuwi dudu panggawean sing abot, sing mbutuhke pasinaon suwe lan larang. MESEM kuwi mung pagawean sederhana, mung ngatonke sesawangan sing edum lan endah saka pasuryan, kuwi wae,ora liya. Sepisan meneh MESEM kuwi dudu perkara sing mbutuhke elmu lan ragad sing ngeggirisi,mung sederhana.  Sanadyan ora angel, ning jebule arang wong sing gelem tumindak MESEMsaben wayah, nalika nemahi apa wae ana neng panguripane. Menungsa MESEM nalika nampane kahanan kang nyenengake kekarepan kamanungsane, kamangka ora kabeh kekarepan kuwi klakon lan cocok karo kersane Sing Ngecet Lombok.

MESEM kuwi isa klakon nalika ati lan pikiran BENING tur WENING, yen ati lan pikirane BUKET, tangeh lamun menungsa isa MESEM, isa’a MESEM palinga lamis, yen ora ya kuwi menungsa sing wis ora isa ngendalekne pikirane. Alias kenthir. Mula saka kuwi, sanadyan ora larang lan uga ora angel, MESEM kuwi sejatine pralambang,. Lumantar MESEM wong liya bisa ngerti apa sing nembe klakon ana neng panguripane, lumantar MESEM, liyan bisa maca  obah mosik’ing atine wong, amarga tangeh lamun wong sing nembe nesu,ngamuk kuwi isa MESEM, yen para pamaos rapercaya, macane tulisan iki dipenggak sik, njur ngaca, njajal ngamuk lan MESEM, mesti mengko digeguyu Cecak sing nembe yang-yangan..

Bab MESEM kuwi nate dikersakne Gusti lumantar pangandikane, ora cetha wela-wela, ananging iki penapsirane sing nulis BENINGE EMBUN ESUK iki. Gusti ngersakne uripe menungsa kuwi adil, nelak’ake katresnan lan andhap-asor ing pasrawungan paro Panjenengane, kamangka sesrawungan karo Panjenengane kuwi isa dilakoni lumantar sesrawungan karo para titahe, klebu sing maca tulisan iki. Srawung karo Gusti kuwi ora ateges semedi njur ngajak ngopi lan udud Gusti, ananging lumantar srawung karo para titahe. Mula saka kuwi, sakjroning pasrawungan, kudu dibuka lumantar ESEM, dene wong sing nglakoni tumindaking ESEM kuwi sing diarani MESEM. Yen serawungan lan ngadepi urip kanthi MESEM, kabeh isa rinasa lan sinawang entheng. Kosokwalik’e, nalika kabeh rinasa lan sinawang abot, mesti pasuryane menungsa mbregudhul kaya jaran rasida rabi, lan raisa MESEM babar blas..
Dadi sejatine MESEM kuwi pangibadah. Pethuk’an wong tansah MESEM kanggo mbuka sesrawungan, dipaido MESEM, ora digatekne MESEM, dilalekne MESEM, diapusi MESEM, dipetnah MESEM,dirasani MESEM, lan sakteruse,kuwi kuncine tentreming urip.

“Kang Dal, kae Paklik kok leyeh-leyeh, njur merem, lha kok kae, delok’en, kok mesam-mesem dewe? Apa kuwi tandane paklik bahagia selalu ya kang?”, Nduk I’in njawil Dalijo neng pawon, nalika bubar seka teras nyawang Lik Ndoleng merem lan mesam-mesem dewe.
“Weh, kuwi ora bahagia, kuwi tanda-tanda In…”, Dalijo nyauri sakenane. Banjur pada metu,neng teras,karo nggawa kopi lan Kimpul Bakar sing dikerik’I apik, mringen kae..
“Lik, eling, jo mesam-mesem dewe. Ngko ana bocah liwat diarani kenthir”, Dalijo ngaruhke Lik Ndoleng.
Gragapan Lik Ndoleng  sadar, njr ngucek-ucek mripate, bar kuwi jik kober ngguya-ngguyu dewe, njur kojah.
“Lha jebul aku ngimpi cah, dolan nyang pantai, karo WAsti. Pora yo jian….”

Ayo lur, nglakoni dina iki kanthi MESEM sing bener..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH