Minggu, 04 November 2018

PADHANG


Minggu Pon 4 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Pangandaring Toret            6 :1-9
Jabur                                 119:1-8
Ibrani                                 9:11-14
Markus                             12:28-34
“Kowé padha tresnaa marang Gusti Allah kanthi gemblenging atimu lan gemblenging jiwa ragamu, kanthi sakèhing kapinteranmu lan sakatoging kekuwatanmu.’
Déné dhawuh sing nomer loro: ‘Kowé padha tresnaa marang sapepadhamu kaya enggonmu tresna marang awakmu dhéwé.’ Ora ana angger-angger liyané menèh sing gedhéné ngungkuli angger-angger loro mau.”Markus 12:30-31

PADHANG kuwi kahanan, yokuwi kahanan sing marakne samubarang titah sing normal bisa nyawang.  Nalika ana PADHANG samubarang bisa tinampa dening mripat lan kuwi sing ndadekna titah (klebu menungsa) bisa nyipati samubarang kanthi luwih tabling. PADHANG kuwi duwe kanca sing ngonda-ngandi tansah bebarengan, runtang-runtung, sanadyan “Tampil’e” ora gelem bareng, mesti rukun merga genti genten tampile. Mula bisa diartekne ngene bab Peteng kuwi, yoiku nalika kahanan sing klakon tanpa bisa disipati kanthi luwih  tabling. Peteng kuwi kahanan sing racak’e ora disenengi deneng titah, merga angel nyipati samubarang sing ana..

Kaya PADHANG lan peteng, bab urip tresna-tinresnan semono uga. Yen jare tresna, ananging mung gelem sing apik-apikwae, utawa mung gelem nampa sing PADHANG, kuwi ora becik, ora ilok. Sing jenenge tresna kuwi ya kudu nampa sakwutuhe sing ditresnani, ora mung  gelem nampa sing dadi kesenengane. Semono uga  nalika urip ana neng patraping kaimanan, ora isa wong bengak-bengok bab tresna marang Gusti Allah, manut kersane usti Allah, ngaBEKTI marang Gusti Allah, ananging ora gelem nresnani menungsa liyane. Mbelgedes ngibadah ananging jik gething karo sakpepadane, gombale mukiya dadi aktipis greja (malah dadi majelis barang) yen ijik seeng ngingu gething lan lara ati. Yen tresna Gusti Allah ya kudu tresna titahe, klebu menungsa, mbuh kepiye’o wae patrap lan tumindak’e. Yen luput, aja mbok gething, elikna. Yen ringkih, aja mbok tinggal, kancanana, yen ora nduwe, paringana, aja mbok singkirake. Kabeh kuwi sing diarani netepi urip tresna sing sakwutuhe, nampa urip sakkabehane, isa nampa PADHANG lan uga Peteng..

“Nduk, wingi sore kae, awakmu bengak-bengok ngaruara, nganti saknjagad mokamat krungu kabeh kae ana apa?”, Lik Ndoleng nakoni ponak’ane sing ayu dewe sak omah kuwi.
“Lha kang Dalijo, ngerti entut’e mambu, meh ngentut ora sumingkir, malah di denke, njur ambune ngambrang-ambrang, kula sing cedak kan nggih daos “korban” polusi udarane ta Lik”, I’in mangsuli.
“Lha po ya ngono sing klakon Jo?”
“Iyo kok lik, lha biasane I’in njaluk tulung aku, mosok mung nampa entut ranganti mang menit wae gidro-gidro..Kudune yen nampa sing apik seka aku, ya siap nampa sing ora apik seka aku”, Wangsulane Dalijo.
“Yo kabeh ora salah, kudu empan papan, kowe nduk, aja mung nampa sing apik, sing PADHANG wae seka dullurmu lanang Dalijo, ananging nalika ana sing kurang , ya tampanen. Dene kowe Jo, aja sakkarepmu dewe, ngerti entut’e ambune ranjamak, mbok yen meh ngentut, sumingkir, ora malah mbok denke kaya cah cilik”, Lik ndoleng kojah ing minggu esuk, sakdurunge pada mangkat neng greja..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH