Minggu, 11 November 2018

TURAHAN


Minggu Kliwon 11 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

1 Para Raja 17:8-16
Jabur     146
Ibrani     9 : 24-28
Markus 12: 38-44
“Sebab dhuwit sing padha dilebokaké ing pethi pisungsung mau saka kaluwihané. Nanging randha miskin kuwi wis nglebokaké dhuwité kabèh sing diduwèni, sing dibutuhaké kanggo nyambung uripé.” Markus 12:44
Sing diarani TURAHAN  yoiku samubarang kang wis ora dikanggokne meneh. Isane wis ora dikanggokne kuwi merga macem-macem alesan. Isa merga kahanane barang ora cocok, isa merga wis cukup, isa merga wis wareg,iki yen babagan mangan. Intine, apa wae sing diarani TURAHAN kuwi mesti ajine wis ora gede, sanadyan ya ijik ana ajine. Yen wong bar duwe gawe kae, akeh panganan sing wis ora kepangan, njur dilumpukne, kuwi ya isa diarani TURAHAN’e wong duwe gawe. TURAHAN kuwi mau banjur digawa sing pada rewang, ana sing dipangan meneh, ning akeh-akehe dipakakne kewan ingon-ingone.  Sepisan meneh, apa wae sing diarani TURAHAN kuwi, ajine wis mudun,wis ora kaya sing asline.
Gusti Yesus nate memulang babagan sing ana gepok senggole karo TURAHAN. Nalika ana neng Pedalemang Suci, Gusti pirsa lakuning urip wong akeh. Ana sing kemakine oranjamak, kaya  para ahli Toret. Ngibadah nganggo pakean sing aik-apik, tujuan’e supaya diajeni, supaya disubya-subyaa lan supaya dadi terkenal lan popular.  Merga sugih, para ahli Toret kuwi ya pisungsung sing etungane akeh. Ananging sanadyan akeh, kuwi ajine sithik manut pamirsane Gusti Yesus, merga apa?Merga kuwi mung TURAHAN saka akehing penghasilane. Ndilalah pas wektune pisungsung kuwi, sakbubare sing sugih-sugih lan para ahli Toret sing kemaki kabeh kuwi, ana randa mlarat. Mbok Randa kuwi ya pisungsung, etungane suithik banget,mung isa kanggo pangaji uripe sedina. Ananging kuwi kabeh kapirsan dening Gusti sing gede dewe, ngluwihi pisungsunge wong sugih sakdurunge, lho kok isa? Isa wae, merga mbok randa kuwi misungsungke kabeh saka kebutuhaning uripe, dene wong sugih lan para ahli Toret kuwi misungsungke saka TRAHANE kebutuhan uripe..
Apa sing klakon neng crita kuwi, mbok menawa ya dialami karo sing maca BENINGE EMBUN ESUK iki. Sing sesisih, misungsungke kabeh berkahe Gusti, klebu  banda, wektu lan uripe, dene sing sisih sijine, mung misungsungke apa-apa sing dadi TURAHAN ana ing uripe. Banda ya mung TURAHAN, wektu ya mung TURAHAN, kapinteran ya mung TURAHAN, kapedulen ya mung TURAHAN. Yen apa-apa sing katur marang Gusti mung TURAHAN, ya aja nggresula yen Gusti duka..
“Jo, saiki tak takon, sak jekmu urip, wis ping pira lehmu nglebokne duit abang gambare pak proklamator kuwi ana neng kantong kolekte?”, Lik Ndoleng takon marang Dalijo.
“Weh, ya ora kepetung ta lik, wis pirang-pirang minggu, malah kepara pirang-pirang tahun”, Wangsulane Dalijo entheng banget, sajak ngendani mangsuli sing sakbenere..
“Jare Kang Markun, sing dadi majelising greja, sakjroning rong tahun dadi majelis, rungtahu ngonangi ana duit abang neng kantong kolekte”, Nduk I’in urun rembug..
“Jo, lha pemetemu saka pegaweanmu kan ya akeh ta, luwih-luwih malahan, kok ratahu nglebloni duit abang neng kantong kolekte?Aja-aja pisungsungmu mung saka TURAHANing berkahmu?”, LIk ndoleng nguyak wangsulane Dalijo.
“Lha wong sampeyan wae, nggere arep neng nggreja ndadak ngijolke duit, ben ana recehe kok malah saiki ndakwa aku ta lik?”, Pitakone Dalijo, sing marakne Lik Ndoleng abang ireng..
“Bajindull…malah konangan lehku misungsungke berkahe Gusti mung s TURAHAN!!!”, Lik Ndoleng ndrememeng dewe, sajak kisinan..

Aja mung misungsungke TURAHAN kagem Gusti lurr..!!
Mbahe..

                                                   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH