Jumat, 30 November 2018

APAL


Jemuah Wage 30 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Nehemia 9:16-25
Jabur 25:1-10
Lukas 21:29-33
“Gusti Yésus nuli nyritakaké pasemon mengkéné: “Padha titènana wit anjir lan wit-witan apa waé. yèn wit-witan mau wis padha semi, kowé ngerti yèn wis ngancik mangsa panas.” Lukas 21:29-30

“In, nggodog’o banyu. Diluk neh ana dayoh”, Akone Dalijo nyang Nduk I’in nakndulure kuwi.
“Sapa kang?”
“Rasah kokean rembug, sing penting gek nggodog’o banyu. Selak dayohe teka”, Unine Dalijo, karo klepas-klepus neng kursi menjalin sing wis ora ketok yan kuwi kursi. Lan ora let suwe, bener, anan dayoh. Dayohe wong adoh, durung kenal sakdurunge. Medayoh arep golek bibit jambu Kristal bareng wis cukup merdayohe, njur pamit sakwise disuguhi wedang lan Kimpul Bakar.
“Dayoh mau po ngabari sampeyan sik kang?”
“Ora”
“Koki so men pas kuwi critane piye?”
“Maca kahanan, nggathukne lan njupuk kesimpulan”, Wangsulane Dalijo.

Menunga kuwi sakliyane duwe naluri uga dijangkepi dening Gusti karo akal. Naluribissa ndadekne menungsa nglakoni sabarang merga “dorongan naluriah” dene akal kuwi sing dadi kendaline. Merga naluri, menungsa isa APAL bab apa wae ing nate dialami, dene lumantar akal, menungsa bisa nenimbang sabarang sing tahu kalkon lan digathukne karo kahanan.
Piwulange Gusti Yesus neng Lukas 21 ayat 29-33 nggambarake, kepriye supaya menungsa isa APAL marang “bahasaning” jagad. Ancase apal kuwi, supaya bisa mengerteni apa wae sing bakal klakon lumantar tanda-tanda sing ndisik’e tekane kahanan kuwi. Wit anjir lan wit-witan liyane sing wiwit semi, ana neng jamanne Gusti Yesus, mratandani yen mangsa semi wis meh teka, kuwi bab sing lumrah ing jamane Gusti Yesus, mula yen nganti ora ia APAL, jian kebangeten.
Saka piwulang iki, awake dewe (sing maca BENINGE EMBUN ESUK) diajak, upaya isa APAL karo tetandaning kahanan sing ana neng sakiwatengene awake dewe. Lha sakwise APAL, njur issa nyawiske apa sing butuhke. Iki pungkasaning Nopember, brarti sesuk wis Desember, kudune ya apal, apa sing bakal klakon neng wulan Desember.

“Ora ngono’o Jo, apa dayoh kuwi wis bel-bel’an karo awakmu,kok pas temen perkiraanmu?”
“Durung”
“Serius?”
“Iya lik, serius, kuwi merga aku APAL karo basaning kahanan. Unine manuk Prenjak nyasmitani aku, yen bakal ana dayoh”, Dalijo njlentrehke.
“Wah..jos tenan panggraitamu Jo, kalut aku..eh salut aku”, Lik Ndoleng ngelem ponak’ane kanthi  iklas.
“Emange sampeyan Lik, apale mung kapan Kang Markun lunga, kapan buka’e warunge Yu Wasti”, Wangsulane Dalijo, semu ngece, karo klepas klepuse ora leren.
“Dussss…dialem tenan-tenan jik keconggah nyemes wong tuwo..jian ampuh kowe Joooo!!!” Lik Ndoleng kecemes meneh..

Lur, ayo ngapalke kahanan ben isa maca kuwi mratandani apa..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH