Kamis, 15 November 2018

DIELINGAKE


Kemis Wage 15 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Daniel 4 :4-18
Jabur 16
Lukas 17:20-25
“Aku dakmemuji marang Allah merga saka pitedah-pitedah sing diparingaké marang aku. Ing wayah bengi aku tansah diélingaké déning batinku.” Jabur 16:7

Tembung DIELINGAKE kuwi linggane Eling, sing tegese ora lali,tansah kelingan lan sing luwih utama,sadar. Dadi, DIELINGAKE kuwi kahanan sing dialami sapa wae (sing jik menungsa lho ya) nalika lali utawa klalen, njur  digawe supaya Eling meneh. Sejatine menungsa sing ngalami kahanan Lali kuwi wis babar blas ora nggagas apa sing kudu dipikir lan dilakoni. Awit saka kuwi,njur anasing ngelingake, mulane kahanan nalika ana sing ndadekna eling kuwi diarani DIELINGAKE. Kahanan DIELINGAKE kuwi klakon saka pihak liya. Dene sapa lan apa pihak njaba kuwi,jawabane isa meneka warna, isa menungsa, kewan,kahanan lan uga lelakoning urip.

Piwulang Kitab Suci  dina iki, Kemis Wage Limolas Nopember 2018,seka Jabur 16,mirunggan ayat 7, Ngelingake  awake dewe minangka menungsa kang sarwa winates, sing gampang lali marang apa wae. Merga lali mula menungsa bisa wae ora ngakoni apa-apa, sing ana gandeng cenenge karo Sing Kwasa. Kabeh rumangsane isa dilakoni dewe , rumangsa yen sebarang kalir mung merga kekuatan lan kapinterane. Kabeh kuwi njalari menungsa LALI, lan yen wis lali mula kudu DIELINGAKE. Merga lali karo sing nggawe urip, mula sing dipikir mung kekuatan awak’e dewe wae. Contone, isa sugih merga rumangsa kapinterane, kekuatane,kaprigelane,kewasisane lan relasine karo sapa wae. Lali yen sejatine ana KAKUATAN sing tan sinawang, sing maringake apa sing saiki dadi duwek’e.

Juru Jabur mbabar pengalamane urip, yen jebule samubarang kuwi mung merga saka Gusti, ora ana liyane. Kuwi kabeh klakon nalika Juru Jabur lumebu marang kahanan WENING. Ing sajroning kahanan WENING mau (biasane wayah bengi), saka telenging Batin, njur krasa yen sejatine, menungsa neng saktengahing jagad iki mung cuilik tenan. Saking cilik’e sejatine menungsa kuwi ora ana artine babar blas. Mulane yen ana menungsa sing kemaki,nggembeleng, kementhus, getha-getho,petenthang-petengtheng kaya gelas pecah,kuwi merga LALI,mula kudu DIELINGAKE. Ananging yen ora gelem DIELINGAKE, yaw is ben, kuwi hak’e, arep nemahi apa wae, ben wae, kuwi wis pilihane. Arep nesunan yo ben, arep mutungan yo ben, arep ngrasani yoben, arep pelit methitit yo ben..arep numpuk banda ya ben, arep nguber duwit ya ben, kuwi hak’e dewe-dewe. Sing penting, tulisan BENINGE EMBUN ESUK wis NGELINGAKE, yen menungsa kuwi kudu wening, ben eling yen samubarang kabeh kuwi mung merga saka Gusti Sing Akarya Jagad..

“Jo, apa yak owe kuwi sok ndedonga yen arep turu lan tangi turu?”, Takone Lik Ndoleng.
“Arang kading lik, ning okeh laline. Ngger’e nonton tipi njur mbalik, genti ditonton tipi”, semaure Dalijo.
“Kowe kudu niru aku Jo, kudu sregep  ndedonga, mbuh kuwi arep turu lan tangi turu, kuwi penting”, Pituture Lik Ndoleng, sajak wis kaya Nabi kae, wasise ngeram.
“Bener kang Dal, paklik kuwi rajine pol yen ndonga bengi. Wiwit ndonga jam 10, njur amine jam 5 esuk”, Cluluk’e Nduk I’in metu nalika metu seka pawon,
“Bajindulll,  Sidane konangan!!!”,  Sambate Lik Ndoleng..

Lali kuwi lumrah, mula kudu gelem dielingake. Semono uga yen  ana sing rumangsa dielingkae seka tulisan iki, rasah matur nuwun karo sing nulis, cukup mesam-mesem dewe..Awass, nabrak mancii!!!

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH