Rabu, 31 Oktober 2018

KASEP


Rebo Wage 31 Oktober 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yeremia         33:1-11
Jabur              119:17-24
Lukas                         13:22-30
“Nanging sing kagungan dalem mau bakal mangsuli menèh: ‘Aku ora ngerti kowé kuwi sapa! Padha lungaa saka kéné, hèh wong sing padha nglakoni piala!” Lukas 13:27

Lumebu  mangsa rendheng biasane tumrap wong tani sing ana   karang padesan bakal  nemoni Jamur. Jamur kuwi bisane tuwuh amarga ana banyu sing mampir ana ini winih jamur ing ngendi wae panggonane. Jamur kuwi jenise akeh banget, ning tumrap renungan BENINGE EMBUN ESUK iki dipantha dadi loro, Jamur sing enak dipangan lan sing ora enak dipangan. Jamur sing enak dipangan kuwi ya jik akeh jenise, lan renungan iki orameh njlentrehake jenis-jenis jamur, ning mung arep ngajak para pamaos eling yen jamur kuwi  jebule ya nduweni “masa berlaku”, yen ngliwati masa berlakune kuwi diarani KASEP, yen kartu HP jik ana masa tenggang,ananging yen Jamur wis diarani kasep, kuwi tegese wis ora isa dikapak-kapakne, raisa diolah lan babar blas ora migunani, mulane palinga ya diguwang.

Bab KASEP kuwi uga dadi perangan piwulange Gusti Yesus , kaya sing tinulis neng Lukas 13, neng kana Gusti nggawe gegambaran bab sapa sing oleh lumebu marang marang “omahing kawilujengan”. Gusti ngandarake supaya ngliwati lawang sing ciut, sanadyan angel lan rumpil. Merga ciut mulakne kudu waspada, kudu ngati-ati,kudu bener-bener cecawis lan siyap samubarange. Merga ciut ora bisa sembrana, ora isa ndadak, ora isa disepelekne, kudu  diseriusi. Lho kok isa ngono?Merga wong akeh sing mbutuhake lumebu,kamangka lawange mung ciut, yen mung sembranan mesti ora bakal isa mlebu lan wektune entuk, njur lawange katutup. Nalika lawange katutup kuwi sing diarani KASEP. Yen wis KASEP, ora ana gunane bengak-bengok, jerat-jerit,sombat-sambat. Mulane sakdurunge KASEP, ayo pada cecawis, ayo pada eling lan waspada, yen “lawinge ciut” lan uga “wektune winates”.

Ayo nyawiske brayat sing temen, kanthi tresna sing tulus,ora sembrana,ora nyepelekne, ayo nyawiske uriping bocah-bocah, aja diuja marang samubarang sing durung wancine, aja diajari  nglanggar aturan, yen jik kudu ngeterne sekolah, ya diterke wae, aja malah diculne numpak onda dewe,kuwi mbebayani. Ayo nyawiske iman lan kapercayane bocah-bocah, ben suk gedene bener-bener siap, wong tua aja mung mburu duit lan banda, bareng bocah wis gede,njur ucul kapercayane mabnjur nangis gero-gero, kuwi wis kasep. Mumpung jik cilik, aluwung tegas marang bocah, rapopo nangis bocah, tinimbang mbesuk ditangis bocah..pokok’e ayo sadar lan tumindak apik, ben ora KASEP..

“Kang Dal, jebule Yu Wasti kuwi senengane  kripik kimpul, wingi pesen neng kanca kumpulan akeh men ik..”, Nduk I’in sore kuwi neng teras miwiti crita.
“Jo seru-seru, ngko paklik Ndoleng krungu gaswat, isa mlayu sipat kuping nyang warunge Krusuk sing bar ijab, mborong kripik kimpul”, Dalijo mangsuli karo ngudak kopine sing jik kemubul..
“Wis kasep Jo, telat lehku ngerti klangenane Wasti. Saiki yen aku meh nukokne akeh, yo ora ana gunane yen tujuanku kanggo nuwuhke katresnane, merga saiki wis tentrem uripe karo Markun. Kowe kuwi,selak KASEP, gek ndang nggolek bojo, ben jenengmu ora ketambahan Josep”, Lik Ndoleng metu seka pawong sinambi wangsulan.
“Napa Josep kui lik?”, Nduk I’in takon.
“Joko Kasep nduk..”, Semaure Lik Ndoleng, sajak marem isa nyemes Dalijo,dene Daijo malah plengah-plengeh kaya Jaran Nglindur..

Mumpung rung kasep ayo tumindak apik lurr.

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH