Sabtu, 10 November 2018

NGRAMPOK


Setu Wage 10 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Pangandaring Toret  24 :17-22
Jabur             146
Lukas                         16:1-8
“Kowé aja ngrampas haké wong manca lan bocah lola; sandhangané randha ora kena kanggo tanggungan. Élinga, yèn kowé wis tau dadi batur-tukon ing tanah Mesir lan wis diluwari déning Pangéran Allahmu. Mulané kowé diparingi prenatan iki.” Pangandaring Toret 24:17-18

Tembung NGRAMPOK kuwi linggane Rampok, yakuwi wong sing tumindak njupuk apa wae darbek’ing liyan tanpa rembug’an,lan lumantar pengancem  sarta srana meksa. Beda karo Maling, merga yen maling kuwi tumindak njupuk darbek’ing liya kanthi sesideman.  Mula saka kuwi, NGRAMPOK tegese nglakoni tumindak njupuk apa wae darbek’ing liyan kanthi meksa lan srana pengancem. Rampok sing nembe NGRAMPOK kuwi sejati sadar yen tumindak’e kleru, sadar yen ora bener,ananging tetep wae dilakoni. Dene motipasine NGRAMPOK kuwi siji lan sijine mesti beda, sanadyan tujuanne pada, nduweni apa wae darbening liyan. Lan anane Rampok sing tansah nglakoni tumindak NGRAMPOK kuwi ora apik, mesti ndadekne kahanan ora tentrem, ora ana rasa aman, anane mung kuatir lan kuwatir..

Gusti Allah nate paring piwulang ana neng Kitab suci, supaya aja nganti ana sing NGRAMPOK hak’e liyan. Gusti wis nyawisi kebutuhane para titah cukup kanggo urip, sauger gelem tandang gawe sing ya manut kersane Gusti. Lho, lha NGRAMPOK kuwi apa ya ora panggawean? Iya, kuwi ya panggawean, ananging ndadekne kerugiane liyan. Merga saka ndadekne rugi pihak liya kuwi, mulane Gusti paring dhawuh supaya aja dilakoni menungsa sakjeke uripe.
Ing jaman saiki, kayane sing diarani Rampok wis arang, semogo uga tumindak NGRAMPOK, merga aparat keamanan wis tumandang gawe kanthi sakmestine. Ananging NGRAMPOK cara liya sing angel mari, angel ilang saka uriping menungsa. Sing maca tulisan iki kayane ya kerep NGRAMPOK ana ing uripe. NGRAMPOK wektune Gusti, kudune ngibadah lunga,dolan lan sok-sok malah turu, kudune melu cawe-cawe leladi, malah nampik timbalan leladi, kudune misungsungke 10% saka berkahe, malah diRAMPOK mung kanggo senenge dewe…

“Lik, dek minggu esuk kok arep neng nggreja ndadak mampir warunge Yu Wasti, ana wigati apa?”, Nduk I’in nakoni pakne cilik Ndoleng.
“Mung mampir biasa wae, silaturahmi”, Wangsulane Lik Ndoleng. “Ya sisan njaluk kopi gratis..hehe”
“Halah, palinga ijol duit, merga eman yenmeh pisungsung rada akeh neng kebaktian. Sisan, ngiras-ngirus nyawang Yu Wasti, merga paklik apal, jam semono kuwi kang Markun jik repote ranjamak”, Dalijo urun rembug, sajak jeru apa sing diomongke Dalijo. “Kuwi ya ora beda karo NGRAMPOK lho lik, NGRAMPOK kagungane Gusti”
“NGRAMPOK hak’e kang Markun barang kang Dal, lha nyawang Yu Wasti sesideman”, Alok’e Nduk I’in.
“Kakek’ane, iki malah pada ngumbah klakuanku cah…..Dusssss!!!!”, Sambate Lik Ndoleng..

Sing ngati-ati lur, tanpa sadar lan malah kepara sadar, awake dewe kerep NGRAMPOK, mbuh ngrampok kagungane Gusti apa barang darbek’ing Liyan..

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH