Senin, 26 November 2018

PISUNGSUNG


Senen Kliwon 26 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Daniel 7:19-27
Jabur 76
Lukas 21:1-4
Gusti Yésus nuli ngandika: “Setitèkna! Randha miskin kuwi pisungsungé luwih akèh ketimbang karo wong-wong liyané.” Lukas 21:3

“Lik, minggu wingi, mangkat neng nggreja barengan, njur mampir warunge Yu Wasti, ngapa?”, Dalijo takon Lik Ndoleng,dina senen esuk, nalika meh mangkat makarya.
“Anu…hmm..Anu Jo..aku kae ki jan-jan’ne meh..hmmm”
“Haiyah..nggere wangsulane plekak-plekuk kaya Blekok Wuyung kuwi mesti ora jujur. Mesti meh ijol duwit, sisan nyawang Yu Wasti”,Nduk I’in nimbrung lan nrocos kaya manuk Prenjak anyang-anyangen.
“Lho kok ndadak ijol duwit?”, Dalijo takon, sajak ngece.
“Ngene lho Jo, duwitku  rongpuluhan ewon, meh takpisungsungke kabeh kok eman. Mula meh takijolne, sisan nyawang wasti”, Lik Ndoleng mangsuli kanthi jujur. “Lha jan-jane sing bener kuwi piye bab pisungsung. Okeh ning ora iklas, po iklas ning ora pakra?”, Lik Ndoleng takon, njur ketok bodone, nemen…
“Jare mbahndito, ing penting iklas tur murwat, kuwi wae lik pathokane.

Bab Pisungsung kuwi mesti dadi udur-uduran. Bab endi sing bener, sing akeh po sing sithik. Kabeh duwe alesan, okeh, sanadyan ora iklas ning migunani, sing sithik iya mengkono, ngapa akeh-akeh ananging ora iklas. Njur akeh sing pada bingung. Nah, ben aja tambah bingung, ayo inau seka Kitab Suci, eka Lukas 21:1-4, yakuwi crita bab pisungsunge randa mlarat.. (muga-muga sing maca tulisan iki sing rada ora sadar, yen randa..hehe). Manut piwulange Gusti, pisungsunge randa kuwi luwih akeh, merga kuwi misungsungke ajining uripe sedina. Manut pamirsane Gusti Yesus, urip kuwi luwih gede, luwih aji tinambang apa wae, pomeneh karo duwit sing mung sak iprit. Ing kene, okeh lan sethitik ora dadi masalah, sing dadi masalah, yakuwi apa sing mbok pisungsungke kuwi gegambaraning uripmu sedina kuwi? Yen ora, kuwi ajine cuilik,,sithikkk banget.

Mula saka kuwi, lumantar tulisan iki, ayo njajal dieling-eling, apa pisungsunge minggu wingi pada karo ajining urip sedina? Ana ing ngarsane Gusti, urip kuwi luwih aji tinimbang apa wae, pomeneh mung mbek duwit. Eman’ne, akeh menungsa saiki sing luwih ngajeni duwit tinimbang urip. Kon pisungsung  skeet ewu nggon natalan wae, plinthat-plinthut kaya wong bar unat, ananging yen nggo dolan, sejuta mayirr lehe ngetokne..

Mulane lur, ayo misungsungke urip iki sakwutuhe, sing isa dilambangke rana banda donya peparinge Gusti.. Wis rasah mampir warung, ijol duwit nggo pisungsung..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH