Jumat, 16 November 2018

UJUG-UJUG


Jemuah Kliwon 16 Desember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Daniel 4:19-27
Jabur  16
Lukas 17:26-37
“Ngandela Aku. Ing bengi kuwi yèn ana wong loro sing turu ana ing peturon, sing siji bakal kajupuk lan sijiné ditinggal.” Lukas 17:34

Jejere menungsa kuwi klebu titah sing kagetan, mula yen ngadepi samubarang sing asipat UJUG-UJUG mesti kaget. Apa meneh yen sing teka UJUG-UJUG kuwi ora dadi kekarepane, mesti kuciwa lan malah bisa nangis gero-gero kaya bocah kelangan dolanane. Ning ya ana, UJUG-UJUG sing marakne mesem, yakuwi nalika nampa apa sig dadi pepinginane lan kuwi tanpa dirancang, sanadyan tansah diarep-arep. Lha sejatine apa ta tegese tembung UJUG-UJUG kuwi? Tegese tembung UJUG-UJUG kuwi  yoiku samubarang kang klakone tanpa rinancang lan sing mrakne sapa wae kaget,merga ora ana persiapan. Jenenge wae ora persiapan, mesti nalika si UJUG-UJUG kuwi teka, sing nampa klabak’an kaya pitik meh ngendog njur diinjen duda tua..hehe

Bab UJUG-UJUG kuwi nate diwulangake dening Gusti Yesus, nalikane mulang bab Rawuhe Kratoning Swarga, utawa rawuhe Gusti kang kapindone. Tujuan utawa ancase Gusti mbabar bab Rawuhe sing UJUG-UJUG kuwi supaya menungsa tansah cecawis,tansah cumadang. Dene sing isa diarani cecawis kuwi lumantar tumindak apik, sing ndadekne tentrem rahayuning jagad, ora malah kosokbaline, ngrusak kahanane jagad. Para KagunganeNe diweling bab rawuhe kang kapindo lumantar UJUG-UJUG kuwi, supaya para menungsa ora nguja hardening nefsu sing kerep njlomprongake marang urip sing rusak lan ora ndadekne tentrem rahayu. Lho kenapa Gusti ndadag maringi ngerti yen rawuhE UJUG-UJUG? Supaya adeging urip menungsa kuwi ora mblungkrah, ora sakepenak’e dewe. Yen ngerti kapan rawuhe Gusti kang kapindone, mesti menungsa urip sakkarepe dewe, njur yen nyedak’I mangsa rawuhe Gusti, mertobat marang dalaning urip sing bener. Yen kaya ngono sing klakon, jagad mesti bubrah langkrah ora karuwan.
Mulane, ayo pada tanah cecawis, supaya nalika Gusti rawuh, mbuh kapan kuwi, awake dewe wis siyap satus persen.  Dene carane cecawis kuwi lumantar menekawerna tumindak, sing baku kudu apik lan ora nekakne kapitunane liyan. Seneng tetulung, sareh,andapasor, loma, sederhana lan nyenengake wong okeh. Yen uripe tansah nggae apik, kapan rawuhe Gusti kang kapindo, ora dadi pikiran, merga wis siap. Dadi, sanadyan rawuhe Gusti kuwi UJUG-UJUG, santai wae lan malah mesem merga ndang napa makutaning urip langgeng.

“In, ngandi Paklik Ndoleng kok rongndino ora ketok?”, Dalijo nakoni I’in bab pakne cilik Ndoleng .
“Kumat, kang, ben bengi mburi kucing karo kerok”, Semaure I’in. lan UJUG-UJUG Lik Ndoleng klunuh-klunuh njedul seka kamr, jik rembes kaya bocah cilik belek’en.
“Sing mempeng lik lehmu mbledig Kucing, saben wengi kuwi!!”, Alok’e Dalijo.
“Iseng Jo, rasah crigis!!”, Semaure Lik Ndoleng, ketungka tekane Bulik seka pasar,lan njur matur bojone.
“Beib, sekolahe anak’e nunggak patangsasi,kudu mbayar sesuk,mbuh piye carane!!:, Bulik Trinil matur.
“Blaik ra, kok ya UJUG-UJUG njalukmu ta Yang, sayang”, Semaure Lik Ndoleng nggaya ngundang sayang ben aja dikrawu bulik Trinil…

Aja pada lena ing pengati-ati, rawuhe Gusti kuwi UJUG-UJUG, mula cecawisa..


Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH