Selasa, 27 November 2018

WEK’ku


Selasa Legi 27 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Yehezkiel 29:1-12
Jabur 76
Lukas 21:5-11
“Sarèhné kowé kandha yèn Bengawan Nil kuwi duwèkmu lan kowé sing gawé,
mulané saiki Aku dadi mungsuhmu lan mungsuhé Bengawan Nil. Tanah Mesir kabèh bakal Dakdadèkaké ara-ara samun” Yehezkiel 29:9b-10a

“Lik, rekku po mbok gawa?”, Esuk Kuwi Dalijo bingung koling, nggolek’I rek’e sing meh nggo nyumet Djarum Supere.
“Iki ki WEK’ku yo Jo, aja ngaku-aku kowe!!”, Rada sugal, Lik Ndoleng semaur.
“Atur ngono’a, wong mung rek wae kok ya ndadak rebutan, mbok yo gek gentenan nganggone”, bulik Trinil melu cawe-cawe nggere beibeb’e padu karo Dalijo.
“Mbuh kuwi Lik, cah loro kuwi rukun pora kiamat”, I’in melu ngombyongi mbokne cilik Trinil.
“Pokok’e iki rek’ku Lik, iki lho ana tulisane “Tarsi”, iki mesti WEK’ku, yen WEK’mu mesti tulisane “Wasti”, yo pora lik, rasah goroh?!”, Dalijo keprucut muni ciri khas’e apa-apa duWEK’e.
“Dus,, malah mbukak wadi koe ki Jo…hmm..nggere urusan WEK kok remix ngene..”Sajak bingung lik Ndoleng masarahne rek’e nyang Dalijo.

WEK kuwi tegese sing  nduweni. Radio iki WEK’ke tegese radio iki aku sing nduweni. Menungsa kuwi seneng rumangsa nduweni samubarang, seneng kabeh dadi WEK’e, anadyan durung tentu kuwi WEK’e. merga rumangsa WEK’e, mula angel gelem pada andum-inganduman. Duwit rumangsane WEK’e mula angel kon ngedumi siji lan sijine sing kekurangan. Duwit kuwi sejatine berkah, nggo lantaran urip bisa lancer, kuwi dudu du-WEK’e menungsa, merga menungsa mung nggaduh, mula kudu digunakne kanggo kebutuhaning urip.
Sanadyan sepele, bab WEK sing ia dadi WEK’ku kuwi bab sing mbebayani. Crita kitab suci dina iki seka Yehezkiel 29 ayat 1-12, ngelikake awak’e dewe, supaya aja gampang nge’hak’i apa wae, aja pisan-pisan ngaku-aku dadi WEK’e. lha emange ngapa?Kuwi lho, nalika Prengon ngaku-aku kabeh gaweanne, Gusti duka lan diukum. Mula ing urip iki, aja seneng ngaku-aku, kuwi dudu duwek’ e menunga, ning kagungane Gusti.

Yen wissadar yen kabeh kagungane Guti, mula yen dikersakne Gusti ya aja enda. Yen rumangsa wektu kuwi kagungane Gusti, aja kuwi WEK’mu, yen kowe ngakoni WEK’mu, mesti owel arep ngekekne sapa wae, ning yen sadar kuwi kagungane Gusti, meti digunakne nggo sabarang sing apik. Mulane, ayo nyadari yen kabeh kuwi mung silihan, mung nggaduh. Mula yen samangsa-manga dijaluk sing kagungan aja suwala, pasrahna.

Elinga lur, kabeh iki mung silihan, duduk WEK’mu!!


Mbahe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH