Sabtu, 24 November 2018

MBLEBER


Setu Pon 24 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Daniel 7:1-8,15-18
Jabur 93
Lukas 20: 27-40
“…nanging wong lanang lan wong wadon sing tinemu pantes ditangèkaké saka ing pati, lan urip ing jaman kalanggengan, kuwi padha ora omah-omah.” Lukas 20:35

Tembenung MBLEBER kuwi tegese mili nengndi-nengdi tanpa isa dikendaleni. Tembung iki mligi kanggo nggambarke kahanane banyu sing metu saka wadahe. Sing marakne MBLEBER kuwi werna-werna, isa merga wadahe winates, isa merga  ana goncangan sing gede tur suwe, sing ndadekne wadahe polah ora karuwan lan ndadekne banyu neng wadah kuwi MBLEBER nengdi-nengdi. Lha supayane ora MBLEBER nengdi-nengndi, kudune wadahe amba lan uga anteng ora polah wae.

Bab MBLEBER kuwi nate klakon nalika Gusti Yesus mulang wong akeh, mirunggan para wong Parisi lan Saduki. Lukas 20 ayat 27-40 nggambarake kahanan MBLEBER’e pikirane wong-wong Parisi lan Saduki. Merga mikire mung babagan kadonyan wae, bab rabi lan sakkiwatengene, mula nalika kepethuk Gusti Yesus, takone ya bab kuwi. Sakliyane pitakonan kuwi merga mobaling pikiran, ana uga sing takon merga wedi, yen mengko bola-bali rabi, njur bareng sowan Gusti bingung endi sing dadi bojone..Merga tahu ana sing takon, yen mengko aku rabi meneh, merga bojoku ndisik’I sowan Gusti, kamangka aku jik uenumm tur ya uayune pol, njur suk yen neng alam klanggengan piye urusane, bojoku sing ndisik po sing keri?

Mangsuli pitakonan sing kaya mengkono kuwi Gusti njawab’e santai. “Rumangsamu neng klanggengan ngurusi urusan sing mbok gagas kuwi?”, Mbokmenawa ngono. Ning sing jelas, apa sing ditakokne wong Parisi lan Saduki kuwi merga isining pikirane ya bab kuwi, mula sing MBLEBER mili metu ya bab kuwi wae..Jan-jane kabeh gumantung pikiran. Yen pikirane wening lan nyawang kabeh ana  neng panyawang positif, apa wae isa mapan ana neng kahanan poitif, ananging yen nyawange lumantar pikiran ngeres (negative), kabeh ya inawang negative..

“Jo, suk yen mati, njur ditakoni Gusti, kowe wis ngapa wae karo mantan yang-yangmu, wangsulanmu piye?”, Lik Ndoleng esuk kuwi nalika arep olah raga HUT Greja takon neng Dalijo.
“Weh, ngece kowe kuwi lik, lha wong kang Dalijo pacaran wae ratahu tik takone ngono. Ngesir wong 3 sing nampik cah 14”, I’in samaur, lan sinambi nglirik dulure lanang Dalijo.
“Dusss…malah ngece kowe kui In. Ning ya rapopo, takakoni. Wong paklik takon ngono merga mikire ngere nyang Yu Wasti jik dirumati, mula MBLEBER ngandi-ngandi”, Dalijo mangsuli, ya karo nyemes Lik Ndoleng.
“Bajindul JO, isa wae nyemes aku kowe!!!”, Semu nesu Lik Ndoleng  semaur..Njur mlaku bareng-bareng merga grejane HUT..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH