Kamis, 29 November 2018

MRATOBAT


Kemis Pon 29 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Nehemia 9:6-15
Jabur 25:1-10
Lukas 21:20-28
“Gusti Allah kuwi becik lan adil; mulané wong dosa diwulang bab dalan sing bener.” Jabur 25:8

“Jo, wis tekan ngendi?”, Swarane Lik Ndoleng seka hape, nalika  ngepasi dikonkon tuku winih duren.
“Sik lik, keturon aku, sik..sik..”, Wangsulane Dalijo, sajak gragapan, merga keturon, lha cen Dalijo kuwi mambu jog bis wae ngantug.
“Nduk In, dulurmu lanang keturon”
“Kaya ra apak paklik kuwi, kuwi lik kang Dal ngebel neh”, I’in age-age ngabari pakne cilik Ndoleng, merga Dalijo ngebel balik.
“Haloo Lik, iki tekan mBangak, jare kondektur Solo wis cedak”, Santai Dalijo mangsuli seka sebrang.
Jiangkrikkk..kowe takkon tuku winih Duren nyang Salaman Magelang, lha kok tekan mBangak?.Ayo enggal mudun bis, nyebarng, njur mbalik!”, Lik Ndoleng sajak nesu, merga Dalijo kleru arah.
Sing diarani MRATOBAT kuwi nalika sadar yen salah dalan, njur mbalik. Iki beda karo sadar. Sadar mung ngerti yen ing dilakoni kleru, ning ora mbalik. Yen MRATOBAT, nalika sadar luput, njur leren/mandeg, mbalik arah marang sing bener. Pancen MRATOBAT kuwi mbutuhke pangorbanan, ya wektu, tenaga,pikiran, rasa (paling ora isin) lan uga ragad. Ning kuwi MRATOBAT sing bener, sing pas.sing manut kersane Gusti.
Paseksine juru Jabur neng Jabur 25 ayat 8 gamblang njlentrehke, yen dekne ngrasakne keadilane Gusti, lumantar nuduhke dalan sing bener. Artine juru Jabur pernah salah dalan, mula isa ngrasakne dalan sing bener. Juru Jabur ngumangsani kaya sing dirasakne Nehemia, yen sing ia nuduhke dalan ya mung Gusti, lan kabeh kuwi dikersakne Gusti merga kahanane jagad sing sansaya nggegirisi, supaya sing luput/kleru enggal MRATOBAT, mbalii saka dalan sing dilakoni, tumuju marang dalan sing dikersakne Gusti, kanggo rujuan tentrem rahayu.
Mula saka kuwi, sapa wae sing maca BENINGE EMBUN ESUK iki, njur rumangsa “Salah Dalan”, ayo pada mbalik, syarate: gelem “berkomunikasi “ lan “nampa komunikasi” seka sing paring dawuh. Yen adar yen urip iki merga  dawuhe Gusti, mulane ya kudu manut Gusti, siap dituduhne dalan sing bener lan umpamane luput, iap mbalik utawa MRATOBAT.
“Ora ngono’o kang, kok kon nyang  Salaman isa-isane tekan arah Solo?”, Nduk I’in sore kuwi takon Dalijo, bareng dulure lanang teka eka Salaman.
“Jenege wae kleru In, ya rapopo”, Wangsulane Dalijo.
“Mulane rasah kemaki, kumlungkung, nggembeleng, kemethak..sakdurunge mangkat dikandani malah langsung ngetiging, jebule blass raruh dalan”, Lik Ndoleng nyeneni Dalijo, sing diseneni meneng wae,mung mbatin, ning jik  wani klepas-klepus karo Dajrum Supere..
“Bajindull…iki paklik yen nesu, jian persis Manuk Tengkek putus cinta”, Batine Dalijo.
Lur, urip kuwi kudu gelem dikandani, yen luput ya mratobat, orasah kemaki,rumangsa ngerti lan bener dewe, ayo pada MRATOBAT, jagad’e wi Gerang, kari kukute..

Mbahe..
                                 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH