Senin, 12 November 2018

TETEG,TATAG,TUTUG


Senen Legi 12 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK


DALANING RAHAYU


Ruth               1:1-22
Jabur              94
Lukas             17:1-6
“Nanging Rut mangsuli, “Ibu, mbok sampun akèn kula wangsul nilar panjenengan! Kula badhé tumut panjenengan. Dhateng pundi kémawon kula badhé tumut. Senajan ibu badhé manggèn ing pundi kémawon, kula inggih badhé manggèn wonten ing ngriku. Bangsanipun ibu, inggih bangsa kula; Allahipun ibu, inggih Allah kula.” Rut 1:16

Sing diarani TETEG (awas, “g” lho ya dudu “k”) kuwi kahanan sing dialami menungsa nalika sumadya nempuh apa wae lelakoning urip sing bakal dialami. Kahanan iki biasane durung klakon,ananging meh diliwati. Contone, yen arep mlaku ngliwati dalan sing sepi lan wanci bengi, sanadyan akeh crita nggegirisi, ananging  tetep TETEG ngadepi sakemngkone. Lha yen TATAG, kuwi kahanan nalika wis ngadepi kasunyatan. Awit saka TETEG, mula banjur wani nglakoni apa wae lelakoning urip, dene sakjroning nglakoni kuwi ngadepi pepalang,bebaya,anceman lan apa wae, tetep TATAG. Tegese TATAG kuwi bakoh ngadepi kahanan. Sakwise rong perkara kuwi dilakoni, yakuwi TETEG lan TATAG, mesti  bakale TUTUG, sing tegese tekan tujuan lan nemoni kabagyan…

Sing dialami Rut, ana ing crita Kitab suci, kurang luwih mengkono. Sakwise mbojo lan mbomenawa ngrasakne bungah, ananging sakwetara wae, njur mbokne mertua entuk kabar, yen Negara asale wis mulya meneh, mula  nduweni krenteg “Mudik”. Sadar kahanane, Naomi, mbok mertua Rut lan Orpa, menggak anak-anak mantune, supaya rasah ngetutne. Wiwitane kabeh meh melu, ning bareng bola-bali dipenggak, orpa banjur mbalik mulih,dene Rut tetep ngetutne mbokne mertua. Rut TETEG melu mertuane, merga isa nyawang bakohe kapercayane mbok mertuane. TETEG kuwi sing njalari Rut TATAG sanadyan bola-bali dipenggak,ora olih melu merga wis ga ana pengarep-arep entuk bojo seka anak’e Naomi. Rut sadar, sing diangkah ora mung entuk bojo sakwise melu mbokne mertua, ning pengen sinau lan cedak karo mbokne mertua sing luwih disik nuladani baba TETEG,TATAG lan TUTUG kuwi. Mulane, sakokehe pepalang, pambengan,pengancem,pamoyok,ora dadi masalah tumrab Rut,lan tundane, Rut TUTUG anggone melu mbokne  mertua. Critane Kitab Suci nyritak’ake yen Rut kuwi dadi ibu ana ing garis keturunane Gusti Yesus sang Mesih..


ANTI JERAWAT


“Mbiyen, umpamane kowe nduweni krenteg kaya Rut, mesti Tarsi kae isa mbok wengku Jo, lha sliramu lagi diplerok’e mbokne Tarsi wae,mengkeret, malah misuh-misuh neng ati”, Lik Ndoleng sore kuwi sinambi ngopi mbukak rembug lumantar sejarah wurunge Dalijo nyanding Tarsi.
“Wis lelakon paklil, rasah diece,mengko mandag sansaya keranta-ranta kang Dal kuwi”, Nduk I’in sajak mbelani dulure lanang, Dalijo.
“Aku ora ngece, ora ngudal-udal lelakon mbiyen, mung ngrepleksi, umpamane mbiyen dulurmu lanang kuwi TETEG,TATAG, mesti TUTUG ngrengkuh Tarsi. Ora kaya saiki, nganti meh gapug rra rabi-rabi”, Wangsulane lik Ndoleng..
“Ben, urip dewe malah bebas,mardika. Kaya mbiyen TETEG,TATAG lan TUTUG wae, nyatane Yu wasti ora sida karengkuh, kalah karo kang Markun. Ning yen aku dadi  Yu Wasti ya pilih kang Markun. Piyayine alim,sopan,pe en es meneh, pora sakjose!!”, Dalijo njawab rada nyengak..
“Jindull…ngantem aku meneh koe ki Joooo…”, Sambate Lik Ndoleng..

Lur, ayo mecak’I lurunging panguripan minggu iki kanti TETEG, ben TATAG supaya TUTUG..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH