Jumat, 23 November 2018

DISAPONI


Jemuah  Pahing 23 Nopember 2018
BENINGE  EMBUN ESUK

Yehezkiel 28:20-26
Jabur 93
Lukas 19:45-48
“Gusti Yésus banjur mlebu ing Pedalemané Allah lan nundhungi para wong sing padha dodolan ana ing kono.” Lukas 19:46

DISAPONI kuwi tembung linggane Sapu, yakuwi piranti sing tujuane kanggo reresik. Mbiyen sing aran Sapu kuwi seka sada blarak, isa nggo NYAPONI jogan lan latar utawapekarangan. Seka tembung SAPU sing piranti, njur ana tembung NYAPU, yakuwi sabarang tumindak kanthi nggunakne SAPU kang tujuane ngilangi rereget. Mula saka kuwi, tembung DISAPONI kuwi tegese, kena akibat saka tumindak sing nganggo piranti SAPU sing tujuanne supaya dadi resik. Mula saka kuwi, papan apa wae yen wis disaponi mesti dadi (luwih) resik, ilang sakabehe rereget utawa wuh sing ajeg ngrusak sesawangan sing sejatine endah..

Bab DISAPONI kuwi ya nate klakon ana neng Pedaleman Suci, nalika jamane Gusti Yesus. Lha ngopa, po kostere lali ora nyapu?Dudu bab kuwi sing DISAPONI Gusti, ning reregeting batin, urip, ati lan pikiran sing ndadekne wong lali marang Gustine. Pedaleman Suci ora dingo memuja memuji Gusti, malah dingo nguja kepentingan pribadi, nguja kekarepan kamanungsan, nguja nefsu serakah lan uga nguja nefsu panindes marang liyan. Marang kabeh kuwi Gusti duka, mula njur diamuk, kabeh DISAPONI ben lunga lan Pedaleman Suci Dadi Resik.

Semono uga ana ing uripe awake dewe, menawa ana reregeting urip, sing ora dadi kersane Gusti, kudu siap-siap yen samangsa-mangsa DISAPONI Gusti. Sipat egois, sipat males, sipat kemaki, sipat pelit lan sakpanunggalane singala, kudu enggal ditundung minggat, supayane awak iki resik, aja nunggu DISAPONI Gusti. Ananging yen tetep ngeyel, mbafung,ndluya, ua aja kaget yen Gusti dewe sing NYAPONI, njur klara-lara lan rmangsa diukum Gusti. Kuwi merga ora gelem ngresiki awak saka sakabehing reregeting urip.

“Jo, wingi aku masukangin kae, jebul nembe DISAPONI Gusti uripku”, Lik Ndoleng ngomong karo Dalijo.
“Sokur yen sadar Li, melu bungah aku”, Omonge Dalijo.
“Sadar sakwetara Kang, sesuk-sesukpora kumat, wong watakane Lik Ndoleng wae”, I’in melu caturan.
“Weh, aku serius lho Nduk”< Semaure Lik Ndoleng, ketungka swarane telpone Dalijo, njur meneng. Bubar kuwi Dalijo nyedak meneh, sinambi ngomong.
“Lik, sesuk njagong Yu Wasti arep nunut, kang Markun dines jare..”,Dalijo semantha. Jenggirat Lik Ndoleng semaur.
“Yo asyik yen ngono, jane jik rada lemes, lha iki ana kesempatan je”, Unine Lik Ndoleng.
“Ngono kok jare tobat, mbelgesesss!!!”, Dalijo nggrememeng dewe..Lan karo nyumet udud muni lirih..
“DISAPONI Gusti kapok oe Lik”….

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH