Rabu, 21 November 2018

POLAH


Rebo Pon 21 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Zakaria 12:1-13:1
Jabur 13
Lukas 19:11-28
“Abdi sing kapisan sowan matur: ‘Ndara, kula sampun angsal bathi sedasa dinar saking arta ingkang kula tampi saking Panjenengan.Lukas 19:16

Ana unen-unen basa Jawa sing mengkene “Anak Polah Bapa Kepradah’, sing tegese, nalika anak nglakoni sabarang panggawe, wong tuwa khususe bapak isa melu nanggung akibate. Seka unen-unen ing nduwur, tembung sing dadi pokus perhatian yakuwi POLAH. Lha njur apa ta tegese POLAH kuwi? Yen isa dijarwakne kanthi sederhana, tembung POLAH kuwi tegese obahing  awak kanthi sengaja lan ora sengaja. Obahing awak sing kanthi sengaja mestine nduweni tujuan sing gumathok, dene obahing awak sing ora sengaja, racak’e merga reaksi spontan, ananging kepiye’o wae kuwi tetep diarani POLAH.

Wacan leksionari ing dina iki, salah sijine seka Lukas 19, sing ngrembug apa kuwi sing diarani POLAH. Kuwi nalikan Gusti mulang lan piwulange bab kepiye anggone para titah (umat) nanggepi berkahe sing diparingake. Kabeh menungsa kuwi sejatine wus diparinge berkah sing tujuanne kanggo adeging panguripane. Berkah kuwi beda-beda, manut karo kawicaksanane Gusti. Ana ing kawicaksanane Gusti, sing penting kuwi ora jumlah lan modele utawa jenise Berkah, ananging kepiye anggone para menungsa POLAH kanggo ngupayakne berkah kuwi dadi sumbering panguripane. Sanadyan  berkahe mung siji, ananging yen isa POLAH njur dadi ngrembaka, kuwi sing entuk pangalembana saka Gusti, tinibang sing dewe berkah akeh,ning mung disimpen ana ing uripe. Sepisan meneh, Gusti ngersakne menungsa POLAH kanggo ngeguhke berkah lan kanggo panguripane.

Sapa wae sing maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki mesti ya diparinge berkah saka Gusti, kari kepiye anggone POLAH, supaya berkah kuwi urip lan ngrembaka. Ora masalah apa lan sepira ujud’e berkah kuwi, sing penting kepiye anggone menungsa POLAH. Sithik lan sederhana ramasalah anggere pada gelem POLAH.  Duwe kabisan nyanyi, njur seneng POLAh gladden (latihan), njur wasis nyanyi lan muji Gusti, seneng nyathet srana tulisan, njur gelem didadekne Carik utawa juru tulis, lan gelem dadi sekretaris organisasi, isa maca njur seneng gladden maca kitab suci, mirunggan basa Jawa, supaya yen dadi lector ora plekak-plekuk kaya manuk blekok Jatuh Cinta..
Sepisan meneh, apa wae berkahe Gusti, pada POLAH’o kanggo ngrembakakne  lan tujuane kanggo urip sing luwih sembada lan ngrembaka..

“Arep ngandi Jo, kok tumben, yahmene wis rapi?”, Takone Lik Ndoleng sore kuwi, nalika nyawang Dalijo dandan necis.
“Arep melu kursus ngorjen Lik, mumpung greja nganakne pelatihan organis, ben sing ngiringi ibadah minggu luwih apik”, Wangsulane Dalijo.
“Mbok sisan sampeyan melu ta lik, ben kalap krewenge kanggo peladosan” Nduk I’in nimbrung, melu ngreken bab latian orjen.
“Iyo lik, sepira kabisane dewe kuwi awake dewe kudu POLAH, ben luwih apik, aja pelit-pelit, wegah latiah bareng dijak nyambut gawe alesane ora isa”, Dalijo ngoceh ngandani Lik Ndoleng.
“Aku kuwi jan-jane isa kabeh, mung ngek’I kesempatan sing nom-nom wae. Ngko yen aku melu latihan, mesakne pelatihe, isin merga  luwih pinter aku”, Kandane Lik Ndoleng sinambi klepas-klepus aro 76me.
“Wong tuwa rasopan, kaya isa-isa’a wae. Nguripke orjen wae nunak-nunuk, rembug’e. mung kokean gaya, nggere ana Yu Wasti nggaya nyekel orjen, kamangka blas raisa apa-apa”, Unine Dalijo sajak jengkel.
“Dusss!!!!, Sidane ngece aku meneh koe Joooooo!!!!”, Lik Ndoleng  semaur sajak luwih jengkel..

Ayo pada POLAH ngegohke berkah..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH