Senin, 05 November 2018

NJARAK


Senen Wage 5 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Pangandaring Toret            6:10-25
Jabur                                    51
Yokhanan                           6:37-40
Kowé aja nyoba marang Pangéran, Allahmu, kaya tindakmu dhèk ana ing Masa.” Pangandaring Toret 6:16   

“Jo, bocah lor kali wingi kae, dadi rubungan mergane kena apa?”, Lik Ndoleng takon karo Dalijo, bab tanggane seje RT sing wingi digawa neng puskesmas.
“Cokot Ula lik. Ngerti yen duwe anak cilik, bapakne jik ndemak’i Ula, njur digawa mulih. Eman’ne, Ulane ora dirumat sing temenan, njur nggo dolanan anak’e. mulana dicokot, kamangka Ulane klebu Ula galak lik”, Dalijo semaur.

“Kuwi klebu sing diarani NJARAK bebaya Jo. Ngerti mbebayani,lha kok malah ora dijaga sing sakmestine. Sing diarani NJARAK kuwi ora becik,ora ilok. Kenapa ora Ilok, ora becik, merga wis mangerteni akibat seka apa sing ditindakne. Beda critane yen nglakoni samubarang, jebul luput,ananging durung mangerteni, kuwi dudu NJARAK”, Kotbahe Lik Ndoleng.

“Neng Kitab Suci tahu ana piwulang, pernahe neng Kitab Pangandaring Toret, supaya aja pada lali karo panuntune Guti sing wus kapungkur. Menungsa diweling supaya manembah, supaya sadar yen kabeh kuwi dumadi merga berkah lan kawicaksanane Gusti. Piwelinge apik kok, Kowé aja nyoba marang Pangéran, Allahmu, kaya tindakmu dhèk ana ing Masa.  Apa sing tinulis kuwi piweling, supaya menungsa aja NJARAK Gusti, aja nyoba marang Gusti. Yen NJARAK, bakal ana bebendu sing tumempuh. Emane, saiki akeh menungsa sing malah pada NJARAK Gusti, ngerti yen kudu ngabekti,ngibadah, lha kok malah pada dolan. Ana uga sing ndilalah binerkahan uakihh, badane umpuk undung, lha ning kok disambati pakaryane Gusti butuh srana, malah semu ngece, NJARAK, sing nggo jajan duit abang gambar proklamator, sing diaturke kanggo pakaryane Gusti, malah Patimura. Pora ngene iki sing diarani NJARAK Jo?”, Lik Ndoleng mituturi akeh marang Dalijo.

Dalijo sajak mesam-mesem, sinambi klepas-klepus karo Djarum Super’e, sajak lier-lier, meh keturon. Ndilalah ketungka tekane Nduk I’in, mbuh seka ngendi.
“Pora kesel ta Lik, ngajak omong kok karo wong turu, kiwi laky a NJARAK sampeyan jenenge?”,Cluluk’e I’in.
“Sing turu kuwi sapa, aku nggatekne “kotbahe” paklik iki lho, bab NJARAK”, Semaure Dalijo.
“Njenengan niku ya aja kerep-kerep ngopi warunge Yu wasti Lik, kuwi ya isa diarani NJARAK marang kahanan. Ngko yen Kang Markun ratrimo piye?Durung meneh yen Bulik Ningrum protes?”, Dalijo genten ngelikne pakne cilik, Ndoleng.

NJARAK kuwi ora apik lur..mulakne, aja pada NJARAK marang kahanan, pomeneh NJARAK Gusti Allah..

Mbahe..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH