Sabtu, 03 November 2018

NYARUTAN


Setu Pahing 3 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Wilangan     9:9-14
Jabur      11 9:1-8
Lukas     14:1,7-11
“…Nanging enggonmu ngriayakaké kudu ing sasi candhaké ing wayah soré tanggal patbelas. Dina kuwi riayakna nganggo mangan roti tanpa ragi lan jangan pait.” Wilangan 9:11b

Tembung NYARUTAN, mungkin mbiyene seka tembung NYAUR UTANG, merga nyebute banter, mula njur keprungune mung NYARUTAN. Hurup “U” neng ukara nyaur ilang, semono uga hurp “G” neng ukara utang. Dadine kudune nyebut nyaur utang, merga dilapalne banter, mula sing keprungu mung NYARUTAN. Ning kepiye wae’a, kuwi saiki wis tinampa ana saktengahing masyarakat, mungkin klebu sing diarani “evolusi bahasa”. NYARUTAN kuwi tumindak sing srana barang, biasane duit,kanggo nutup sing nata kagunak’ake ing mangsa sing wus kepungkur. Dadi ora ana nyarutan sik njur ngutang, mesti ngutang sing njur NYARUTAN..

Bab NYARUTAN kuwi jebul ora mung ana neng donyane bebakulan utawa sesrawungan kadonyan. Ana neng tlatah kaimanan, agama, jebul ya ana. Kuwi sing dadi piwulange KitabSuci, mirunggan ana neng Kitab Wilangan 9. Neng kana, bab najis lan ora najis diatur nrithik kae, mula kabeh tumata. Nganti bab sing oleh melu ngriayakne Paskah wae ditata, lan sing najis uga oleh. Ananging nunggu wulan ngarepe,seka wulan riyaya paskah. Lha yen ngene iki pra isa diarani NYARUTAN. Aturan bab NYARUTAN kuwi ya riwil tenan, kudu wayah sore, mangan roti tanpa rasa, jangan sing pait. Ning tujuan kuwi kabeh mung nuntun pasamua marang urip sing luwih apik, ora nyepelekne samubarang, pomeneh bab karohanen.

Sapa wae mesti nate ngalami “Najising” urip,mbuh kuwi goroh, nglirwakae, nyepelekne,nglalekne lan sakpanunggalane. Manut piwulange kitab Wilangan, jik ana wektu kanggo NYARUTAN, mula yen jik diparingi wekru, aja diambali meneh lan netepana pranatane Gusti..

“Jo, mosok kertu persembahan wulananku “prei” patang sasi, kepiye iki?”, Cluluk’e Lik Ndoleng sore nalika bubar pada adus.
“Lha takelikne bola-bali radigagas kok kang, cen paklik ki senenge nyepelekne samubarang”, Nduk I’in nambahi panggresahe lik Ndoleng.
“Gampang lik, sauren wae, istilahe NYARUTAN suk pas due berkah.”, Dalijo mangsuli.
“Berkah wae turah-turah kang. Pulsa data sesasi patang pocer, udud jisamsu wulung mbungkus, nyate seminggu pisan, mbakso, mieayam, lan okih kae. Cen nylelek paklik kui…”, I’in malah ngamuk..
“Diwaduli ora ngek’I solusi malah ngundamana ki pie cahhh??, Njur iki apike piye?Po pisungsung kuwi ana dendane?”, Takone lik Ndoleng..
“Mbuh takono mbahndito..”, Nduk I’in wangsulan..

Lur, mumpung jik diparingi wektu, ayo niliki apa sing urung ditindakne, sing dadi jatahe dewe, njur enggal-enggal NYARUTAN..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH