Minggu
Pahing 18 Nopember 2018
BENINGE
EMBUN ESUK
Daniel
12:1-3
Jabur
16
Ibrani
10:11-14,(15-18)19-25
Markus
13:1-8
“Para wong
wicaksana bakal padha mencorong kaya padhanging langit. Lan sing wis padha
nuntun wong akèh ing dalan sing becik, bakal padha mengkilat kaya
lintang-lintang ing selawasé.”Daniel 12:3
LINTANG kuwi isa disawang nalika wayah bengi,
mergane yen awan kalah padhang karo srengenge. Wayah awan, LINTANG kuwi
sejatine ya tetep ana, tetep ngetokne cahyane kang endah, ananging merga padhange srengene luwih gede lan luwih kuwat, LINTANG
ora isa sinawang ing wayah awan. Semono uga nalika wayah bengi ana mendung,
cahyane LINTANG ora ateges mati utawa ilang, tetep wae ana, ananging merga
kaling-kalingan mendung, mulakna ora isa disawang deneng menungsa sing ana neng
mbumi. Cahyane LINTANG kuwi ajeg, ora esuk, awan,sore pomeneh mbengi. Sing ora
ajeg malah kahanane menungsa anggone nyawang. Cahyane LINTANG kui ajeg,sanadyan ora disawang
meungsa, ora dialem dening menungsa, ora disuba-subya menungsa, cahyane LINTANG
kuwi ajeg lan isa digunakne tumrap sapa wae, sing ayu,bagus,sugih lan
mlarat,wong kang tumindak apik lan ora apik. Kabeh isa lan oleh ngrasakne
cahyane LINTANG.
Bab cahyaning LINTANG kuwi nate dingo gegambaran
kanggo para wong sing wicaksana, nalika jamanne Daniel. Dene sing diarani
wicaksana ana neng jamanne Daniel kuwi nalika kuwat ngadepi meneka warna
kahanan,. Nalika ditindes tetep tatag, nalika diancem tetep bakuh ing percaya,
malah sanadyan wis nganti kaukum kaya
dene Daniel, tetep setya marang dalaning bebener, ora keguh,ora miyar-miyur. Kuwi
kabeh sing njalari menungsa isa diarani sumunar kaya LINTANG ing langit. Saklyane
kuwi, wong sing isa teteg, tatag lan tumeka nganti tutug nalika ngadepi
sabarang pacoban, kuwi isa dadi patuladan, dadi punjering urip tumrap sapa wae.
Kuwi kabeh sing ndadekne menungsa kadya LINTANG ing langit kang mencorong endah sinawang..
Ananging nggolek wong sing kaya dijelaske ing
nduwur ya ora mayar, mergane angel nemokne wong sing teteg,tatag nganti tutug
neng dalaning bebener ing jaman saiki. Jaman saiki sithik-sithik
protes,demo,nuntut,ngajak kroyok’an, ngajak padudon. Rumangsa kecenthok sithik
njur nesu, ngamuk,ngancem lan sakpanunggalane. Ora mung ana neng tatanan urip
umum,ing bab karohanen semono uga, malah luwih parah,luwih nggegirisi. Uriping pasamuan ya pada wae, sithik-sithik
nesu, ora mathuk ngamuk, ora marem masang tampang serem. Merga kahanan sing
kaya mengkono kuwi, dayaning LINTANG kang sumunar ana neng uriping menungsa
ilang,mula sing tinemu malah burem, ndadekne sing nyawang ora marem..
“Jo, aku pengen uripku sumunar kaya cahyane
LINTANG ing wayah wengi kae”, Ujug-ujug Lik Ndoleng muni ngono, nalika sore
kuwi wedangan karo nyamikane jagung goring, turahane nggo winih..
“Wehh..esip kuwi paklik, ejoss…tak dukungm tak
dongakne, ben klakon paklik..”, Nduk I’in semaur sinambi ndondomi kaose bojone
sing suwek, merga sewengi bubar dingo mburu wulu enthog.
“Aku mothak-mathuk wae Lik” Tanggepane Dalijo
santai sinambi dolanan HP lan klepas-klepus karo jarumsupere.
“Bajekno kowe ndukung aku Jo?Biasane ngoso
entek amek kurang golek”, Semaure Lik Ndoleng.
“Oiya Lik, sesuk njaluk duite ya, limang yuta
wae. Lha kan bar adol wedus payu
limangyuta setengah?Aku njaluk lho, ora nyilih”, Alok’e Dalijo sareh.
“Trondolo, lha rumangsane aku adol wedus mung
nggo butuhmu, penakmen kowe Jo..ora sudi, emoh,wegah ngek’i kowe Jo!!!”,
Kandane Lik Ndoleng sajak nesu.
“Lagi ngono wae nesu, lha kok arep sumunar kaya
LINTANG ta lik..!, Kandane Dalijo karo ngisep jarumsuper, tur sinambi nglirik
Lik Ndoleng sing sajak kisinan..
Kanggo sumunar kuwi ora gampang,ning ya tetep
iisa ginayuh, sauger temen nggone ngupadi..
Mbahe..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar