Senin, 19 November 2018

NYAWANG


Senen Pon 19 Nopember 2018
BENINGE EMBUN ESUK

Daniel 8:1-14
Jabur 13
Lukas 18:35-43
““Aku kokkon nindakaké apa marang kowé?” Wong wuta mau mangsuli: “Gusti, kawula kepéngin saged sumerep.”Lukas 18 :41

NYAWANG, kuwi pakaryan kang ora mbutuhke tenaga akeh, karo turon wae isa. NYAWANG kuwi pakaryan kang migunake mripat minangka alat utamane. NYAWANG tegese ngenerke daya paningal lan pikiran marang sawenaning sasaran, supaya isa mengerteni apa wae sing disawang kanthi luwih cetha. Isa NYAWANG kuwi ndadekne menungsa rumangsa bungah, mergane isa ngrasakne lumantar paningal apa sing apik lan endah. Sepira apik lan endahe, yen ora bisa NYAWANG, ngamplah, ora ana gunane babar blas. Mula yen urip ananging ora bisa nyawang kuwi kayane rekasane ora njamak..

Ana crita neng Kitab Suci, bab pawongan kang isa bisa NYAWANg merga Wuta. Merga kahanan kaya ngono mau, mulane panggautane mung ngemis, supaya bisa nyambung panguripane. Jian kaya ngapa rekasane pawongan kuwi, wis wuta jik ngemis, merga kayane brayat’e ora ana sing gelem ngrumati, mula kudu ceker-ceker dewe kanggo uripe dewe. Nalika krungu yen Gusti Yesus meh rawuh ing Yeriko, wong wuta kuwi krungu,lan bareng cedak, njur mbengok sakserune, cikben Gusti Yesus miring. Ananging malah dipenggak dening wong akeh ora pareng caket karo Gusti Yesus. Sing wuta kuwi ngeyel, mula tetep mbengok lan akhire Gusti Yesus sakwise cedak, njur  dhawuh supaya sing bengak-bengok kuwi digawa nyedak. Sakwise cedak, njur ditakoni, apa penjaluke. Wangsulane sing wuta kuwi jumbuh karo apa sing dibutuhne, yakuwi isa NYAWANG. Merga penjaluk’e jumbuh karo kebutuhane, mula saknalika iku uga klakon, langsung isa NYAWANG. Bubar kuwi, sing wuta mau dadi ora wuta, njur muji Gusti lan nderek’ake Gusti, merga wis isa NYAWANG.

Kanggo sapa wae, yen rungisa NYAWANG kahananing urip, kayane ngrekasa banget uripe. Kamangka kahanan sing obah mosik ana sakiwa tengene awake dewe iki dadi srana kerawuhane Gusti, mung wae akeh wong sing ora isa NYAWANG Gusti ana ing obah mosik’ing kahanan. Dadine ya tetep jerat-jerit ora karuwan, wong ora isa NYAWANG yen mabure Jingklong kuwi nggabarake kerawuhane Gusti,mula sing dingerteni ya mung mabure Jingklong, ora isa NYAWANG Gusti ana ing abure Jingklong kuwi.
“In, sedina utuh paklik ora metu seka kamar kui ngapa?”, Takone Dalijo karo Nduk I’in, nalika sore kuwi lagi santai neng teras.
“Mbuh kang, aku dewe ya ora dong”, Semaure I’in. “ Kawit wingi sore, wong pas yu Wasti karo Kang Markun liwat ngarep omah, malah diampirke Bulik Trinil, lik Ndoleng mung mecucu kaya Ula putus cinta”, Sambunge I’in.
“Ooo, panas ati yak’e In, NYAWANG romantise Yu Wasti mbek kang MArkun”, Semaure Dalijo.
“Munio terus Jooo!!!!”, Lik Ndoleng njedul seka kamr sinambi sajak nesu karo Dalijo.
“Aku kui sariawan cah, malah gom’en. Larane ngayang, ora merga NYAWANG Wasti karo MArkun sok-sok’an romantic yooo!”, Sambunge Lik Ndoleng.
“Oalah lagi nggolek lawan ta Lik?”, Takone I’in.
“Kupingmu Nduk!! Kok isa nggolek lawan kui lhoo??”, Lik Ndoleng sansaya muntab esmosine.
“Lho, mau jare cari lawan?”, Sajak ngece I’in mangsuli.
“SARIAWAN ndukkk!!!”, unine Lik Ndoleng..
“Kuwi tegese sampeyan rung isa NYAWANG kersane Gusti Lik, sariawan kuwi ana tujuane, paling ora supaya sampeyan ora kakean kojah..” Dalijo nambahi emosine lik Ndoleng sansaya mumbul..
“Trembellane Jooooo!!!, Munio teruss!!!”, Lik Ndoleng cengkelak bali nyang kamar.

Kabeh sing gumelar kuwi tulisane Gusti, mula ngupadio isa NYAWANG yeyasane Astane..

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH