Jemuah
Pon 7 Mei 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Yesaya
42 : 5-9
Jabur
98
Lelakone
Para Rasul 10 : 34-43
Rasul Petrus banjur medhar pangandika
mangkene: “Kula sampun saestu mangretos, bilih Gusti Allah boten
mbedak-mbedakaken tiyang. Saben tiyang ingkang kagolong bangsa punapa kemawon,
ingkang ngabekti dhateng Pangeran saha ingkang nindakaken kaleresan, punika
ndadosaken ing keparengipun Gusti Allah.” Lelakone Para Rasul 10 : 34-35
SRENGENGE,
saben wong ngerti lan malah meh saben ndina ngrasakne sumloroting cahyane.
SRENGENGE, dibutuhake kabeh titahe Gusti Allah, malah isa uga kinaranan “wakile”
Gusti Allah kanggo menehi panguripan marang jagad lan isine kabeh. Sanadyan
kaya mengkono, ora sithik titah (klebu menungsa) sing ora ngrumangsani sepira
gedene manpaat utawa pungsine kanggo panguripane donya iki. SRENGENGE kuwi
menehi cahyane ora pilih kasih, ora mbedak-mbedak’ake. Uga ora ana sak-ler
titahe Gusti Allah sing rumangsa ngehak’i SRENGENGE, amarga kabeh pancen
nduweni hak nampa manpaate SRENGENGE ananging ora isa nduweni.
Apa
kang diwulangake dening rasul Petrus bab kapercayane marang Gusti Allah kuwi
meh kaya pungsine SRENGENGE, ora mbedak-mbedakake, kabeh isa ngrasa lan nampa
ni, ananging ora ana sing isa ngehak’i. Cahyaning SRENGENGE kuwi kanggo apa lan
sapa wae, cahyane SRENGENGE kuwi jujur lan ora nyawang drajad lan uga pangkat.
Menawa ana wong kang ora butuh cahyane SRENGENGE, isa ngeyup, sanadyan jik
butuh sawab padang saka cahyane SRENGENGE kuwi. Yen ana sing rumangsa ora tahu
nampani berkah saka SRENGENGE kuwi amarga polahe dewe, dudu salahe SRENGENGE.
Semono uga bab katresnan dalah berkahe Gusti Allah, kuwi ya kanggo apa lan sapa
wae. Tur meneh, Gusti Allah ora bakalan njaluk pamaturnuwun nalika ana sing
nampani Sih Katresnane, amarga titah arep maturnuwun lan ora maturnuwun, Gusti
Allah tetep Gustine Sarwa Dumadi. Kayadene bab SRENGENGE lan cahya dalah sawabe,
semana uga bab Gusti Allah. Yen ana sing rumangsa ora nampa Sih Katresnane
Gusti Allah, kuwi amarga saka cubluk lan wangkote si titah, klebu menungsa.
Menungsa
sakdawane jaman iki sing marakne samubarang dadi beda, lan malah
kasingget-singget. Apa wae arep diduweki dewe lan liyan yen isa aja nganti isa
melu ngrasakne, kuwi sing kinaranan srakah. Dene srakahe menungsa kuwi meh
nyrambahi kahanan kabeh, malah kepara katresnane Gusti Allah wae arep dipek
dewe dalah golongane, kamangka Gusti Allah kuwi bebas arep diduweki apa lan
sapa wae. Ora sithik menungsa sing gelut amarga rebutan (panyangkane bab) Gusti
Allah. Piwulange rasul Petrus iki isa dadi kaca pengilon, yen Katresnane Gusti
Allah kuwi kaya cahya lan sawab padange SRENGENGE, katujokake marang sapa lan
apa wae. Dadi, sing jik rumangsa nduwek’i katresnan (nggone Gust lho ya), ndang
mertobata…
“Jo,
manut awakmu piye bab katresnan kuwi?” Siwo Solebo, sore kuwi ujug-ujug ngajak
rembugan sing serius.
“Yen
aku ngaca saka kitab suci Wo, menawa katresnan kuwi barang merdika, bebas
manggon lan ngener marang sapa wae. Katresnan kang sejati kuwi ora isa dibatesi
sapa lan apa wae..” Dalijo mangsuli, sinambi mbenerake rek’e sing sajak kentekan
gas.
“Wah,
wangsulanmu jian pilosopis temenan…”Kalut aku, eh salut aku.
“Kuwi
kaya sawab lan cahyane SRENGENE Wo, isa diduweki apa lan sapa wae…” Dalijo
mbacutake wangsulane, sinambi ngisep MLDne sing lagi wae mbukak.
“Wah,
brarti bar maca tulisane mbah’e BENINGE EMBUN ESUK mau ya Jo?” Takone Siwo
Solebo.
“Lagi
kober kok Wo” Semaure Dalijo.
“Ndoleng
porung mulih Jo?” Takone Siwo Solebo.
“Mulih
ngandi wo, lhawong turu kawit awan durung tangi. Iin lagi neng supermarken mbek
bojone, Pakde Kento jare arep niliki Jago Bangkok nggone mbah Rakijo, lor Lor
Nggayam..” wangsulane Dalijo.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar