Selasa
Wage Mei 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Pangandharing
Toret 11 : 1-17
Jabur
93
“Manawa kowe kanthi temen-temen anggonmu ngestokake pepakon kang
dakluntakake marang kowe ing dina iki lan padha tresna lan ngabekti marang
Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging
nyawamu, mesthi Panjenengane bakal maringi udan
ing tanahmu ing saben mangsane, iya udan wiwitan lan udan kang wekasan, satemah
kowe bakal nglumpukake gandummu, anggurmu lan lengamu;sarta Panjenengane bakal
maringi suket ana ing pangonan kanggo kewanmu, sarta kowe bakal bisa mangan
nganti wareg.” Pangandharing Toret 11 : 13-15
KOPEN kuwi linggane open, sing tegese kahanan kang kerumat. Saka lingga open kuwi isa dadi pirang-pirang
tembung, kayata ngopeni kang tegese samubarang tumindak kang ancase ngrumat
cikben kahanane luwih apik. Ana meneh Diopeni, kang tegese dirumat dening liyan
amarga wis ora isa ngoopeni dewe. Dene menawa KOPEN,kuwi tegese kahanan kang
jinaga tansah kaya wiwit mula, utawa ijik asli. Supayane isa KOPEN,kudu ana
sing gelem ngopeni, mula saka kuwi, murih kabeh kahanan tetep ana ing kahanan
apik utawa sinawang KOPEN, kudu ana sing gelem ngopeni.Gawean ngopeni kuwi isa
mayar, ananging isa uga angel utawa rekasa, gumantung kang kudu diopeni.
Bab KOPEN, diopene lan ngopeni kuwi tinulis ing Kitab Suci, ing
kana ana pangandikane Gusti yen Panjenengane uwis, nembe lan bakal ngopeni
uripe menungsa, lan sakwise diopeni dening Gusti, mesti sakbanjure kahanane
menungsa kuwi (kudune) KOPEN. Mung mbalik marang menungsane, gelem apa ora
diopeni dening Gusti murih tansah sinawang KOPEN? Kuwi gumantung marang
menungsane. Ananging, gelem utawa ora gelem diopeni, Gust iwis prajanji yen
bakalane menehi utawa nyawisake samubarang kang kabutuhake dening kabeh
titahe,ya klebu menungsa. Manut kitab Pangandharing Toret, Gusti Allah anggone
ngopeni menungsa wis ora kurang-kurang, lang Gusti yaw is menehi pepakon,
supaya tetep KOPEN, kudu gelem diopeni lan uga ngopeni. Aja mung geleme diopeni
wae ananging wegah yen dikon melu makarya ngopeni kahanane titah ing njagad
iki.
Saka andharan ing ndhuwur, isa dijupuk piwulang apik bab laku
dalah kahanane urip. Nalika ngerti menawa Gusti Allah wis ngopeni kabeh titahe,
mula titah kuwi ya kudu gelem nuladha bab ngopeni. Dene ancase supaya kabeh
sinawang KOPEN. Aja nganti kang kelakon kuwi kahanan kang ngatonake ora KOPEN.
Kabeh kang ginelar ing njagad iki wis diopeni dening Gusti, cikben katon KOPEN,
mulane ya payo tumandhang melu ngopeni kabeh titahe Gusti, manut pranatan kang
wus kelakon. Kabeh kuwi ancase supaya katon KOPEN lan kuwi dadi kabar kang
mbungahake tumrap apa lan sapa wae.
“Jo, ngandi pakmu cilik Ndoleng? Kok durung ana ambune tekan
yahmene?” Takone Siwo Solebo neng Daijo.
“Mau jare ajeng teng warung, tumbas udud ketingale Dhe..” Semaure
Dalijo.
“Hmm, mesti kae mengko kuciwa, merga mesti yen tuku udud neng
warunge Wasti, lha Wasti nembe dolan karo Markun. Jian, saiki merga diopeni
Markun dadi esip Jo..” Siwo Solebo sajak ngalem Yu Wasti, sinartan ngarep-arep,
Lik Ndoleng krungu lan dadi emosi.
“Paling sediluk malih dugi paklik.Jale, jujur napa mboten yen wau
mboten kepanggih Yu Wasti” Iin melu rembugan, nalika nyuguhake kopi lan
nyamikan, cawisan bakdan, lan bener wae,
Lik Ndoleng njedul sinambi klepas-klepus karo pituneme.
“Dus, bakule warung ngedoli suwene ngeram..” Grenengane Lik
Ndoleng.
“Wasti ya Leng?” Takone Siwo Solebo.
“Rewange” Lik Ndoleng semaur, sajak sugal.
“Saiki Wasti pancen esip Leng, kuwi merga KOPEN. Sakwise urip karo
Markun, jian josss..” Pakde Kento kang nembe teka melu ngobori Lik Ndoleng.
“Lha mbiyen Paklik mboten saget ngopeni, mula nggih milih kang
Markun, ingkang mesti saget ngopeni” IIn muni ngono sinambi mlebu pawon meneh.
“Trondolooooo..iki kabeh nggarapi aku..Dus…wis ora isa nyawang,
malah diolok-olok kaya mengeke…apesss..apes..” Swarane Lik Ndoleng sajak
kuciwa.
“Mula, tresna kuwi diopeni Lik, ben ketok KOPEN” Dalijo jik njarak
pakne cilik.
“Dengkulmu pethak kuwi Jooooo!!!” Wangsulane Lik Ndoleng.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar