Sabtu, 15 Mei 2021

LOLA

 

Setu Pon 15 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Pangandharing Toret 34 :1-7

Jabur 47

Yokanan 16 : 4-11

Nanging kang Dakpituturake marang kowe iki bener: Luwih maedahi marang kowe, manawa Aku lunga. Jalaran manawa Aku ora lunga, Sang Juru Panglipur iku ora bakal ngrawuhi kowe, nanging manawa Aku lunga, Sang Juru Panglipur Dakutus marang kowe.” Yokanan 16 : 7

 

LOLA kuwi kahanan, kang wus ora nduweni sapa-sapa, ora nduweni bapa lan biyung. LOLA kuwi ora nduweni bapa lan biyung ora amarga ditinggal pegatan, ananging amarga bapa-lan biyung wis seda utawa pindah alaming panguripan. Amarga wis beda alaming panguripan mulane wis ora isa srawung langsung maneh, isane srawung ya lumantar batin. Sanadyan LOLA kuwi kahanan kang isa kinaranan pepesten, ananging ora sithik menungsa sing ora langsung siyap nampa kahanan LOLA iki, akeh sing emoh nglakoni kahanan LOLA. Njur amarga LOLA kuwi pepesten, perangan apik apa kang isa dialami dening menungsa utawa titahe Gusti?

 

Crita neng Injil Yokanan bab nembelas menehi gambaran lan uga piwulang  bab kahanan “LOLA”, yakuwi kahanane para sekabate Gusti sakwuse ditinggal Gusti “mudik” menyang Swarga. Manut Pangandikane Gusti, sakwise para sekabat ditinggal lan dadi mlebu nang kahanan LOLA, para sekabat arep diparingi “hadiah”, kang sinebut Rohing Panglipur. Lumantar Rohing Panglipur kuwi, para sekabat (sanadyan LOLA), tetep isa makarya jumbuh karo kersane Gusti lan nglakoni ayahan kaya kang nate katuladakake dening Gusti. Menawa ora ditinggal Gusti, ora digawe LOLA, mesti para sekabat dadi manja, kolokan lan kadingalem, kabeh wegah ngayahi gawean amarga ngejibne Gusti kang nandangi.

Gusti kuwi wicaksana, mula pirsa yen sakwise ditinggal lan ngalami kahanan LOLA, para sekabat ida ngayahi pakaryan kang ngedab-edabi, para sekabat  malah isa mandiri anggone mbacutake pakaryane Gusti. Beda karo nalika ijik ketunggon, apa-apa dipasrahake marang Gusti, kari thenguk-thenguk isa mangan gethuk.

 

Saka critane Injil Yokanan ing dina iki, payo tansah nuwuhake kasadaran yen kahanan LOLA kuwi pepesten, mulane ora usah kokean sambat, ora usah baper. LOLA kuwi kinersakake dening Gusti, mula mesti ana ancas kang luwih prayoga. Anggone Gusti ninggal para sekabat lan ndadekake LOLA kuwi wus mlebu ing “area kawicaksanane” Gusti, mula ora usah kuwatir. Saiki mung kari mbalik parang pribadi siji lan sijine, gelem ngayahi pakaryan tinggalane Gusti apa ora? Arep tetep manja lan kolakan kaya nalika ijik bebarengan karo Gusti apa wise ling yen wis LOLA.

Kaya kang tinulis ing ndhuwur, sanadyan wong tuwa wus mlebu neng alaming klanggengan lan ora isa sesambungan patraping kamanungsan, ananging sejatine jik isa sesambungan batin, jik isa eling karo sakabehe piwulang lan patuladaning urip kang isa dadi jalaran mabcutake kabeh pakaryan kang apik. Sepisan meneh, ora usah keweden karo kahanan LOLA,  amarga kuwi kinesakake dening Gusti, mesti Gusti maringi pamrayogi.

 

“Leng, kae Dalijo jian sregepe ngeram. Kamangka mbiyen, nalika jik ketunggon bapak lan simboke, ora ketok kridane lho..” Siwo Solebo sore kuwi miwiti rembugan nalika jejagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Iyo gek Bo, aku ya nggumun setahun, njembleng serendeng..ingatase mbiyen bocah ingah-ingih kae, saiki jian..pol sregep lan tlatene nyambut gawe..” Lik Ndoleng ora menehi wangsulan malah melu gumun  karo kahanane Dalijo kang nembe dadi crita.

“Pancen, sakwise dadi bocah LOLA, cah kuwi pol-polan sregepe..” Swarane Siwo Solebo keprungu meneh.

“Kuwi amarga Dalijo nyinau kabeh piwulang lan pituture bapak lan simboke babagan olah tetanen. Malah deweke isa kinaranan luwih unggul tinimbang mbiyen carane tetanen bapak lan simboke, amarga Dalijo isa kreatif ngembangake ngelmune tani saka bapakne lan uga sinau saka ngendi-endi papan..” Pakde Kento melu menehi penemu bab Dalijo.

“Mulane Lik,  Ciprut karo Adine kae aja mbok uring-uring wae. Mulang anak kuwi sing sabar..aja sabarmu mung nalika nunggoni Yu Wasti nyusuki olehmu tuku udud sing ngantuk….wong tuku udud kok “ler-leran”..” Iin njedul, nggawa wedang lan langsung melu nimbrung rembugan.

“Crigis In…Ciprut karo adine sok njarak aku bab wasti kuwi aja-aja kowe sing menehi ngerti?” Takone Lik Ndoleng.

“Dudu Iin sing menehi ngerti pakmu…aku..” Ngendikane mbokcilik Trinil keprungu saka njero ngomah lan Lik Ndoleng sajak njomblak.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH