Kemis
Pahing 6 Mei 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Yesaya
49 : 5-6
Jabur
98
“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung
Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang
isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya
karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.” Yesaya 49 : 6
Tembung
KEREMEHEN kuwi linggane Remeh, sing tegese kurang nduweni pangaji utawa arti.
Mula menawa krungu tembung Karemehake utawa Diremehake, kuwi tegese dianggep
asor lan ora nduweni pangaji. KEREMEHEN kuwi tegese meh pada karo keciliken,
kesithiken lan uga kerindhiken. Isa uga diwenehi arti kudune luwih, amarga isa,
ananging mung ngayahi kang sithik banget.
Tembung
KEREMEHEN kuwi nate dadi piwulange Kitab Suci, cethane neng Kitab Yesaya bab
patangpuluh sanga ayat enem. Neng kana Gusti Allah menehi pangandika minangka
pepemut, menawa ayahane bangsa ngisrael kuwi mung mbalekake lan madangi
sakbangsa wae, kuwi isa kinaranan KEREMEHEN. Kang dadi kersane Gusti yakuwi,
bangsa ngisarel kuwi isa makarya lan madangi sabangsa ing sakindenge jagad, ora
mung winates. Kuwi dipangandikake dening Gusti Allah lumantar nabi Yesaya
supaya ing atine bangsa ngisrael tuwuh grengseng kang gede. Ing jamane nabi
Yesaya, ana grengseng kang anjlok saka ing uripe bangsa ngisrael, mulane kudu
digedekake meneh. Kaya dene dimar kang murupe mung cilik, mula kudune diganti
lampu mercuri, semono uga bangsa ngisrael, ora mung didadekne abdi tumrap
sabangsa wae, ananging saknjagad.
“Nanging
anggonira dadi AbdiningSun iku KEREMEHEN menawa mung Sunkarsakake nangekake
para talere Yakub…” Kuwi ngemu teges, menawa sejatine bangsa ngsirael kuwi
pinaringan kakuwatan kang ngedab-edabi,kang gedene ngeram. Amarga pinaringan
berkah kakuwatan gede, isa ngangkat sakintal ananging mung dikon nggawa selawe
kilo, kuwi isa kinaranan KEREMEHEN, kesithiken. Mula saka kuwi, menawa nampa
timbalan apa wae saka Gusti, aja nampik. Nampik timbalan kuwi tegese
ngremehake, nyepelekake Gusti Allah, ora bain-bain. Uga, aja nganti ana sing
nduweni penemu yen ora kuat ngayahi gawean peparinge Gusti Allah, kuwi tegese ya ngremehake, amarga kawean kang
saiki wis awake dewe lakoni wae isa kinaranan KEREMEHEN. Sepsian meneh, aja
sembrana, aja pisan-pisan nampik timbalan kanthi alesan apa wae, Gusti Allah
luwi pirsa, amarga nampik timbalan kuwi isa kinaranan ngremehake Gusti Allah.
“Leng,
aku krungu kabar jare Gigut meh nandur Porang neng Prampalan, po tenan?” Takone
Siwo Solebo, marang Lik Ndoleng, nalika sore kuwi wis berdua neng Cakruk Sor
Talok.
“Weh,
aku mala hora dong Bo,kara iya..jare grup prampalanan arep ditanduri Porang
kabeh, lha wong kadohan, njur tenagane wis krepo kabeh, ditanduri liyane mung
makane Kethek..” Semaure Lik Ndoleng.
“Wuih,
sajak apal temen inpormasi bab Prampalan Lik, apa klebu tegale Mbah Wario?”
Takone Iin, sinambi nyuguhake wedang kopi lan pacitane.
“Crigis
In, mesti arahe mrono..” Semaure Lik Ndoleng.
“Tapi
jare sampeyan sing meh nguruni Bibit Porang kanggo tegale Mbah Wario Lik,
serius iki? Yen mung nguruni sekilo, kuwi KEREMEHEN Lik, kudune kabeh mbok
tukokne..Buktikan dikau masih punya perhatian..” Swarane Dalijo, seru sajak
ngenyek pakne Cilik.
“Dengkulmu
mlocot kuwi Jo,,,,kok malah aku sing mbok enyek, iki mau lak mangsuli takone
Solebo, bab rencanane Gigut meh nandur Porang neng Prampalan..Dusss..” Semaure
Lik Ndoleng.
“Lha
kabare Wasti piye Leng, jik iyes ya saiki?” Takone Siwo Solebo.
“Mbuhhh
raruhhhh….!” Unine Lik Ndoleng
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar