Jumat, 14 Mei 2021

NULIS

 

Jemuah Pahing 14 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 24 : 15-18

Jabur 47

Wahyu 1 : 9-18

“Apa kang sira deleng, iku tulisana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: marang Efesus, marang Smirna, marang Pergamus, marang Tiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lan marang Laodhikia.” Wahyu 1 : 11 b

 

NULIS, kayane mung gawean sepele, meh saben wong isa. NULIS, kuwi pasinaon dasar kanggone sapa wae kang kepengin sinau ing saktengahing papan pasinaon, isa sekolah, kursusan lan liya-liyane. NULIS, gawean kang saderma ngobahke tangan kang wus ana potelot, bullpen, aren, lan apa wae kang isa kanggo nggawe samubarang kang isa winaca. Ing jaman kang sansaya maju, NULIS ora kudu nganggp potelot, bullpen, areng lan liyane, amarga NULIS isa nganggo “keyboard”, isa kuwi computer, laptop lan uga HP. Sing cetha, NULIS kuwi gawean kang meh kabeh menungsa isa nglakoni.

 

Ana NULIS, ana kang ditulis. NULIS kuwi tujuane arep andum pawarta, mbuh kuwi pawarta baba pa, sing cetha lumantar NULIS kang sakbanjure isa winaca, ndadekne liyan isa mangerti apa kang dadi kekarepan. Ing jaman saiki, NULIS kuwi ora mung sakderma nggathuk-nggathkake hurup utawa angka, tumindak lan tetembungan, pakaryan lan pakulinan, isa kinaranan “Tulisan” kang uga isa winaca sapa wae.

 

Ana crita Kitab Suci, kang gegayutan karo gawean NULIS, cethane neng Kiatb Wahyu. Neng kitab kuwi, tinulis menawa ana dhawuhe Gusti Allah supaya rasul Yokanan NULIS apa wae kang rinasakake rinungu lan uga sinawang. Sakwise NULIS, ora mung disimpen wae tulisan kuwi, kudu diddum marang sapa wae, supaya bisa maca (yen gelem) lan isa mangerti apa kang dadi “weling” saka Tulisan kuwi. Asile NULIS rasul Yokanan nalika ana ing pulo Patmos kuwi sakbanjure dirumati dening wong liya lan ing tembe dadi warisan adi, warisan suci, amarga kalebokake ana ing perangane Kitab Suci.

 

NULIS, amarga ana wong sing gelem ngayahi ayahan kang kawit mbiyen ora klebu gawean “jos”, ananging lumatar pakaryan sederhana kuwi, tumeka saiki ora sithik wong sing ngrasakake manfaate. Lumantar NULIS, apa kang dadi pengalaman iman rasul Yokanan neng pulo Patmos, saiki isa dadi “kaca benggalaning” uripe para titah kang mbutuhake tuntunaning urip. Lumantar NULIS, ana crita lan pengalaman kang kaedum marang liyan, lumantar NULIS ana papan kanggo mbayangake kahanan kanthi bebas, amarga nalika maca tulisan, njur ing pangangen-angen tuwuh wewayangan kang bebas tanpa wates.

 

Mula saka kuwi,aja pisan-pisan ngasorake para sedulur sing wus gelem ngayahi pakaryan NULIS. sanadyan mayar ananging ora kabeh wong gelem NULIS. Yen meh maido ya sumangga, bebas, mardika, ora usah pekewuh. Isa maido bab dawaning tulisan, isa maido bab tembung-tembunge kang angel dimangerteni, isa maido bab tata-basane kang ora mayar dipahami.  Oiya, mbok arep dikapakake wae, aku tetep arep NULIS. Bab migunani lan ora, kuwi dudu urusanku, bab ditanggepi utawa ora, kuwi dudu kang dadi ancas anggonku NULIS. Aku mung pengen NULIS, NULIS baba pa kang takrasakake, takrungu, takweruhi, takpikirke lan kang dadi pengangen-angenku. Aku mung arep NULIS, raketan kuwi mung mungguh uripku dewe.

 

“Jo, apa mbahe kae yen NULIS entuk bebulih ya?” Takone Lik Ndoleng, nalika dina kuwi ngepasi bakda, jejagongan neng ngomah.

“Weh, aku ora dong Lik, ananging mbiyen, mbuh pirang tahun kapungkur, aku tau ketemu mbahe, dewekne crita yen NULIS kuwi pancen klangenane. Mula saka kuwi babagan bayar lan ora kuwi dudu tujuane NULIS. “ Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Mbiyen nate crita karo aku, jarene NULIS kuwi sranane mbah’e andum barkahe Gusti. Berkahing urip, lumantar apa kang rinasa, sinawang lan uga rinungu. Ditulis, ben isa diwaca, amarga nalika nduweni pengalaman ora katulis, sapa sing meh maca..Ngono jarene Mbahe” Iin melu menehi katrangan bab anggone mbahe NULIS.

“Hmmm..yaowis, mbok menawa mbesuk jik isa methuki mbahe, tak matur dewe…apa kang dadi dasar kok senenge NULIS pol temenan..” Ngendikane Lik Ndoleng.

“Critamu karo Yu Wasti tulisen Lik..mesti isa piral..”Swarane Iin, kaya padatan njarag pakne cilik.

“Husshh..saruu…ben taksimpene dewe wae..nggo kenangan..” Muni ngono Lik Ndoleng njur merem-merem, mbuh nembe mbayangake sapa.

 

 

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH