Selasa, 04 Mei 2021

KEMAKI

 

Selasa Kliwon 4 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK





Yesaya 32 : 9-30

Jabur 80

Yakobus 3 : 17-18

“Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis. Sarta mungguh wohing kayekten iku kasebarake sajrone tata rukun tumrap wong-wong kang olah tata rukun.” Yakobus 3 : 17-18

 

Tembung KEMAKI kuwi ana ing tata basa jawa ndesa, klebu “bergender” maskulin, amarga biasane mung kanggo ngarani sing lanang, dene kanggo sing peminin biasane nganggo tembung Kemayu. Ananging sejatine tembung KEMAKI utawa Kemayu kuwi nduweni arti sing padha, yakuwi tumindak (kang tinalesan pikiran lan penemu) kang ngremehake liyan, rumangsa paling dewe. Isa paling ngerti,paling pengalaman, paling pinter, paling sugih, paling terkenal lan sakpanunggalane. Racake wong KEMAKI (lan uga kemayu) kuwi dilakoni kanthi sadhar, kanthi eling, amarga nduweni ancas utawa tujuan tertentu. Yen ana sing maca tulisan iki, njur tersinggung, senengku ngeram..amarga kasil tekan tujuan tulisan iki..hehe

 

Piwulange Gusti lumantar Kitab Suci, cethane neng surat Yakobus bab 3 nyethakake kepiye patraping urip kang kudu dilakoni menungsa kang wus pinaringan lan nampa pangwasane Sang Roh Suci. Lho, mosok sawab pangwasane Sang Roh Suci marakne menungsa KEMAKI lan Kemayu? Apa ora kleru, ora luput? Sik ta, sing sabar, aja kemrungsung, apameneh keSUSU, mbebayani. Ngene jlentrehe, manut paseksine Yakobus, sing sapa kadunungan Sang Roh Suci, kuwi nduweni patraping urip kang asli utawa murni,uga nduweni watak dhemen rukun, sumlondhoh (iki kosokbaline KEMAKI lan uga Kemayu), mbangun turut lan ora nylekuthis lan mbejujal lan uga sugih kawlasan . Mula saka kuwi, sing sapa uripe ora kaya kang tinulis ing ndhuwur,kuwi klebu KEMAKI, sanadyan sregep  ngibadhah, sanadyan sekolahe dhuwure sundul langit. Apa meneh menawa nduweni sipat ilon-ilonen utawa randuwe perinsip lan uga lamis, neng ngarep mesam-mesem jebul neng mburi misuh-misuh. Oiya, ana siji meneh sing klebu KEMAKI, yakuwi nalika seneng ngatonake sipat andhap-asore, kuwi mala hora andhap-asor, kuwi KEMAKI sing luwih mbebayani.

 

Ing jaman saiki, okeh sing sejatine KEMAKI (uga Kemayu), ananging dikemas ing kemasan sing rapi tur ya aluse ngeram. Mung ing tembe wae isa tinitenan bab tulus lan orane, endi sing iklas lan endi sing KEMAKI. Lha njur sapa sing isa menggak supaya ora padha tumindak KEMAKI? Tokne wae, sakmareme, amarga menehi kalodhangan liyan “njoget KEMAKI” neng panggunging panguripan iki ya klebu uwohing katresnan.

 

“Leng, wis entuk kabar? Jare Markun meh nandur Porang rong hektar lho?” Takone Siwo Solebo marang Lik Ndoleng, lan durung kober Lik Ndoleng semaur, Dalijo malah sing wangsulan.

“Wah esip kuwi Wo, piye Lik, kobong ra sliramu?” Takone Dalijo.

“Crigis Jo, apa urusane Markun nandhur Porang rong hektar karo aku? Ranyambung Jooo..Duss..” Lik Ndoleng olehe mangsuli ya sajak erosi.

“Wah, tahun garep Yu Wasti klakon ngganti kobile, ore sing lawas, mesti ganti Inopa..kuwi cita-citane kang Markun..” Iin, sajak melu nimbrung, uga ngece Lik  Ndoleng.

“Terus-terusna Cahh…” Grenengane Lik Ndoleng.

“Ben wae Markun kemaki, arep nandur Porang rongewu hektar..ben wae..ora pengen..” Swarane Lik Ndoleng.

“Ora rongewu hektar Leng, ronghektar. Ora usah nesu, kuwi malah dadi senenge ponak-ponakanmu, njur njaragi kowe terus.” Ngendikane Pakde Kento.

“Lha kuwi lho To, Markun kok sajak KEMAKI, pamer arep nandur Porang rong hektar..” Unine Lik Ndoleng.

“Ora KEMAKI, wong sing crita dudu Markun, sing crita wong liya. Kuwi prestasi Leng..mula orausah nesu..eslow wae..woles..wong ya Wasti wis milih Markun..” Ngendikane Pakde Kento, sing pungkasan sajak ketularan liyane, njarak Lik Ndoleng.

“Trondolooooo..saiki kowe melu njarag aku To!??” Lik Ndoleng nesu, ananging sing diamuk dudu sapa-sapa, sing diamuk MLDne Dalijo, merga bar njupuk Jisamsune Siwo Solebo.

 

Mbah’e

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH