Senen
Kliwon 17 Mei 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Pangentasan
29 : 28-38
Jabur
115
Filipi
1 : 3-11
“Mangkono Harun anggone NGEMBAN jenenge
para anake Israel ana ing sadhuwuring atine dumunung ing tutup dhadha piranti
kanggo nibakake keputusan iku samangsa lumebu ing pasucen, supaya dadia
pangeling-eling kang tetep ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.” Pangentasan 28 :
29
Jejer
EMBAN, nate kanggo ing nalikane BENINGE EMBUN ESUK pas neng dina Kemis Wage 18
Juli 2019. Lan menawa ing dina iki jejere padha, sing gede pangapurane, amarga
winatesing pangertene sing nulis tulisan iki.Sanadyan padha, yakuwi bab
NGEMBAN, ananging beda ing babagan undheraning kahanan. Ing dina iki, BENINGE
EMBUN ESUK arep ngrembug bab NGEMBAN kang gegayutan karo tanggung jawab
karohanen nalika lumebu utawa ngayahi ayahan manut dhawuhe Gusti Allah.
Tembung
NGEMBAN kang tinulis neng Pangentasan bab 28 ayat 29 kuwi dhawuh saka Gusti
Allah marang Harun. Dhawuh kuwi tumiba nalika menehi pangerten marang Harun
nalika samengka ngayahi ayahan ana ing Pedaleman Suci. Gusti ngersakne kabeh
jenenge trahing rama Yakub (Israel, iki rada resmi mula ora tak tulis
ngisrael..hehe) tinulis, supaya kabeh klebu ing pangonga utawa ing tata
manembah. Anggone nggawa jenenge trah Rama Yakub kuwi ginambarake lumantar
tembung NGEMBAN. Harun kudu wani NGEMBAN kabeh tedak turune Rama Yakub, cikben
kabeh winengku ing sih rahmat lan uga ora marakne ana crah lan tukar padu ing
tembene.
Gawean
NGEMBAN kuwi mbokmenawa dudu gawean kang abot, ananging isa wae dadi abot
amarga wektune kang ora winates. Yen ora percaya, njajal wae NGEMBAN bocah
cilik sing dudu anake, mesti ora kuwat suwe lan kokean alesan kanggo nguculake
apa kang diemban. Beda menawa NGEMBAN anak’e dewe, sanadyan suwe ya tetep wae
kuwat, amarga kuwi duweke dewe, kuwi wohing katresnane. Nalika NGEMBAN anake
dewe, ing kono sanadyan suwene ngeram, ananging nduweni pengarep-arep kang
ngluwihi nalika NGEMBAN anake liyan. Lha pengarep-arep kuwi kang njalari kuwat
ngayahi ayahan kang batese angel dimangerteni.
Harun
dinawuhan NGEMBAN kabeh trahing rama Yakub (ginambarake kanthi jenenge), semono
uga menungsa ing jaman saiki ya kudu ngerti kudu NGEMBAN apa. Ana pitutur Mikul
Dhuwur lan Mendem Jero, kuwi ya bab sing sejatine dikongkon NGEMBAN marang
leluhur. Mula saka kuwi, payo sinau lan nuladha Harun kang kudu NGEMBAN okeh
trah saka Israel lan ora nampik, ayo nampa apa wae timbalan kanggo NGEMBAN
kabeh gawean kang sarwa apik, amarga kuwi kersane Gusti.
“Jo,
sakliyane pancen asile jos, apa sing amrakne
sliramu kuwi gelem blepotan lendut, ngolah sawah tegal?” Takone Pakde
Kento, nalika jagongan neng Cakruk Sor Talok.
“Iyo,
Jo, lha nalika kabeh cah nom-nom padha lunga neng kutha, sanadyan kaya lagune
kusplus (ke Jakarta aku jadi kuliiii), kok sliramu betah neng ndesa?”Siwo
Solebo melu nakoni Dalijo.
“Oalah,
niku ta. Lha sakliyane kula niku pancen mboten seneng ten kutha, kula niku remen dolanan lemah kok
dhe..Wo..niki ugi minangka srana anggen kula NGEMBAN welinge Swarga baak”Wangsulane
Dalijo, nganggo basa karma sing ya lumayan alus.
“Rasah
basa Jo, bindheng kupingku krungu basa
kramamu..” Lik Ndoleng njedul saka ngomah sinambi nesu merga pancen ora isa bsa
karma.
“Oinggih
Lik, pikantuk weling saking Yu Wasti. Kapurih NGEMBAN mbakyu, mesti paklik
remen..” Iin kaya padatan, njedul lan langsung njaragi pakne cilik sing baguse
kaya Irus Cedak Kandang Wedus.
“Crigis
In…kon NGEMBAN awak sakhilolah ngana kae apa ya skuwat aku..” Unine Lik
Ndoleng.
“Weh,
jik ngarep-arep ta Leng?” Takone Siwo Solebo.
“Ya..kala-kala
Bo..jenenge wae kisah masa lalu gek..” Semaure Lik Ndoleng, lan mbokmenawa sing
maca tulisan iki ana sing sarujuk, menawa masa lalu kuwi ya olih wae
dieling-eling..
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar