Selasa
Legi 25 Mei 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Purwaning
Dumadi 11 : 1-9
Jabur
104 : 24-34,35b
1
Korinta 12 : 12-27
“Payo, Kita padha tumedhak lan
ngisruhake basane, supaya siji lan sijine aja nganti ngreti basane.”Purwaning
Dumadi 11 : 7
KISRUH,
mbokmenawa kabeh sing maca tulisan iki wis dong apa tegese. KISRUH kuwi kahanan
kang luwih saka siji lan ing antarane siji lan sijine ora gathuk utawa ora
sarujuk. DAdi kahanan KISRUH kuwi isane kelakon ya nalika ana rong kahanan utawa luwih. Saka tembung KISRUH kuwi
isa ana pirang-pirang tembung, kayata Ngisruh sing tegese tumindak kang
ndadekake kahanan kang sakdurunge anteng njur dadi KISRUH, Ngisruhi kang tegese
tumindak kang ancas utawa tujuane ndadekake KISRUH, Ngisruhake, kang tegese
tumindak kang wis marakake kahanan KISRUH.
Ana
crita neng Kitab Suci bab KISRUH, yakuwi nalika Gusti Allah kagungan kersa
ngorak-arik sedyane menungsa kang ora apik utawa ala. Nalika kuwi menungsa mung
siji basane (manut critane Kita Suci lho ya), njur kepengin mbangun menara.
Anane arep mbangun menara kuwi cikben dadi kawentar utawa terkenal lan malah
kawentarane ngungkuli Gusti Allah. Pirsa kahanan kang kaya mangkene iki, Gusti
ora ngeparengake,mula bangsa kang okehe ora njamak kuwi basane diKISRUHake
dening Gusti. Siji lan sijine dadi ora dong, njaluk bata diwenehi watu, njaluk
kopi diwenehi sega, njaluk semen diwenehi klambi lan sakpiturute. Kahanane dadi
KISRUH, njur ancas mbangun menara dadi ora kelakon.
Saka
crita Kitab Suci bab KISRUH iki isa dipethik pasinaon apik, yakuwi aja nganti
ing sakjroning pasamuan utawa paguyuban ora nyawiji. Yen ora nyawiji mesti kang
kelakon KISRUH. Uga kudu dimangerteni yen ing sakjroning paguyupan kuwi mesti
ana sing “hobyne” Ngisruh ,mbuh lumatar patolatan, lumantar
pitembungan,lumantar prejengan lan sakpanunggalane. Mulane,sinau saka “kegagalane”
bangsa neng Kitab Purwaning dumadi kang ora kasil mbangun menara amarga KISRUH,
saiki ing sakjroning paamuan aja nganti tuwuh KISRUH, aja nduweni watek seneng
Ngisruh lan sakpiturute. Payo nyawiji nunggal sedya sanadyan ora padha ing
kahanan, payo nyawiji tunggal sedya mbangun lan mangun urip kang kebak ing
tentrem lan rahayu.
“Jo,jare
si Markun, saiki rega bibit Porang mundak ya? Tambah larang..” Takone Lik
Ndoleng.
“Wajar
Lik, lumrah kuwi…” Semaure Dalijo.
“Iyo
kang, lumrah kanggone sing paham. Lha paklik kuwi nyebar inpormasi neng saben
sing ditemoni, jare rasah nandur Porang wae, regane Bibit larange ngeram..nggawe
KISRUH, ngisruh senengane..” Iin sajak erosi merga polahe pakne cilik sing
baguse sundul gunung Mur.
“Weh,
karepku ora ngono In, karepku kuwi..anu…”Semaure Lik Ndoleng, sakdurunge
rampung rembugan, ketungka tekane Siwo Solebo lan melu nimbrung rembugan.
“Oalahh
Leng, piye karepmu kuwi. Merga inpormasimu bab rega bibit Porang, kae Marmo
Gomek dadi nglokro meh nandhur…Ngisruh kowe Leng…” Ngendikane Siwo Solebo.
“Ekspansi
tenan Lik, sing mbok KISRUHi ora mung Yu Wasti, jebul bab Porang ya mbok
KISRUH..” Unine Iin.
“Dusss..Jindulll..tekan
kuwi meneh…!” Batine Lik Ndoleng.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar