Rabu, 19 Mei 2021

BEBESANAN

 

Rebo Kliwon 19 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Ezra  : 5-15

Jabur 115

Yokanan 16: 16-24

Ing samangke kawula kok lajeng sami nglirwakaken malih dhateng pepaken Paduka srana bebesanan kaliyan para bangsa ingkang nistha punika? Manawi makaten mesthi kawula sami badhe Paduka bendoni ngantos tumpes tapis, temah sampun boten wonten kekantunanipun satunggal-tunggala ingkang gesang utawi oncat.” Ezra 9:14

 

Tembung BEBESANAN, linggane Besan kang artine sedulur kang dumadi amarga ing antarane ana anak kang nyambungake katresnan. Dadi BEBESANAN kuwi kahanan kang dumadi amarga dimangerteni utawa disadari. Hora ana wong BEBESANAN kuwi ora sadhar, mesti sadhar.Lan maneh, wong BEBESANAN kuwi mesti dilakoni dening kang wus padha diwasa, sing jik bocah utawa durung diwasa, tangeh lamun isa BEBASANAN. Wong kang BEBESANAN kuwi ngangkahe apik, tambah sedulur lan uga tambah berkah, menawa ana sing BEBESANAN njur ora ngrasakne tentrem lan bungah, kuwi klebu kacilakan lan mbokmenawa ana sing maca tulisan iki lan ngrasakne kang kaya mengkono, enggal-enggal wae ditata maneh, murih luwih apik ing mbesuke.

 

BEBESANAN kuwi ngupadi nambah seduluran lan tegese uga srawung. Ora kabeh kahanan isa disrawungi, isa merga kuwi pancen mbebayani, uga merga ora pas menawa disrawungi. Ana crita neng Kitab Ezra, bab pandonga nyuwun ngapura nabi Ezra, amarga rumangsa yen bangsane ora manut kersane Sang Yehuwah. Mbiyen wus diweling dening Gusti, lumantar para nabi, supaya sakwise manggon meneh ana ing papan leluhure ora srawung karo apa wae kang ora apik, lha kok malah diterak. Ngelingi kahanan kang kaya mengkono kuwi nabi Ezra rumangsa luput, mula njur ndedonga njaluk ngapura marang Gusti. Ing jaman saiki mbokmenawa ya ora sithik sing wis diweling dening Gusti lumantar  Kitab Suci lan prananate Greja, ananging ya ora sithik uga sing nglirwakake. Bangsa liya ana ing critane  Kitab Ezra ing jaman saiki mbokmenawa isa diartekne samubarang kang ora becik.

 

Nesunan kuwi ora becik, mulane ya aja “BEBESANAN”, tegese aja srawung karo kahanan kang kaya mengkono kuwi, sing sabar lan jembar pangertene. Uthil-methithil kuwi ya ora apik, mula aja “BEBESANAN” karo uthil-methitil, sing loma wae. Kumlungkung sakbrayate kayata kemaki, kemayu, sombong, judes lan sakpranakane kuwi ya ora becik, mula aja pisan-pisan “BEBESANAN” karo kuwi kabehm supaya urip iki isa mardika lan kebak ing tentrem lan rahayu. Pancen ora mayar “Medot Katresnan” karo kang sinebut ing  ndhuwur, amarga pancen maremake isa nesu marang kang ora disarujuki, isa srawung karo si nesu merga ya marem yen klakon nesoni marang sing ora disenengi. Wis, semene ndisik, liyane bacutna dewe, sinambi ngasah rasa lan piker, ben pikiran lan rasane ora kethul.

 

“Jo, wingi ana sing njaluk bibit Porang ya? Ya mbok aturi?” Takone Lik Ndoleng.

“Ya nalika aku anal an sing njaluk bener-bener merga kahanan, tak aturi Lik..”Semaure Dalijo, sinambi nyumet MLDne.

“Suwening-suwe isa kukut yen patrapmu kaya mengkono Jo?”  Lik Ndoleng ngomongake penemune.

“Jagad iki wis tinata kanthi adil lan wicaksana dening Sing Ngecet Lombok kok Lik. Dadine ya menawa aku kudu ngaturi, mesti wis tumata ben keseimbangane njagad iki tetep jinaga. Aku percaya kabeh wis ginaris dening Gusti. Semono uga sing mung njaluk, sanadyan nduweni yatra, mesti nembe nyelaki kahanane, nggolek samubarang kepenak kanggo deweke, ora mikir liyan..Aku wis “Pegatan” karo kabeh kang ora becik kok Lik..” Semaure Dalijo.

“Rungokne Leng, kuwi diwulang ponakanmu. Jare mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK, aja BEBESANAN karo samubarang kang ora apik, ora becik..” Siwo Solebo melu urun rembug.

“Yen sampeyan loma anggere kuwi kanggo Yu Wasti ya Lik? Yen kanggo mbokcilik Trinil mung saderma turahan..” Iin, ngetokne wedang sinambi urun rembug uga.

“Dengkulmu gowang kuwi In..Saben njedul kok bakatmu mung ngonceki aku!” Lik Ndoleng muni ngono sinambi nyaut kopi neng nggelas, kamangka durung diselehke Iin, sajak ngelake ngeram.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH