Jumat, 21 Mei 2021

NGGAYUH

 

Jemuah Pahing 21 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Ayub 37 : 1-13

Jabur 33 : 12-22

1 Korinta 15 : 50-57

Gusti Allah damel supaya bisa nggayuh tujuane kagem nggebag isining bumine apa kagem mbabarake sih-susetyane.”Ayub 37 : 13

 

NGGAYUH kuwi sawijining tumindak, yakuwi tumindak kanggo mujudake apa kang dadi pepinginan. Saben titah mesti nduweni paNGGAYUHan, mbuh apa kuwi wujude lan kepiye anggone ngupayakne cikben gegayuhane kuwi isa klakon.  Saben titah anggone NGGAYUH kang dadi kabutuhane kuwi mesti lumantar maneka werna cara lan ing kono bakalan nemahi mawerna-werna kahanan. Ana kalamangsane anggone NGGAYUH pepinginan kuwi kudu ngliwati dalan kang rumpil, peteng, adoh lan uga okeh pepalangae. Ananging menawa kang dadi gegayuhan kuwi pancen kabutuhan, mesti kabeh diadepi malah isa wae wani soroh nyawa cikben gegayuhane bisa klakon.

 

Manut Kitab Suci, ora mung titah wae kang nduweni gegayuhan, malah Gusti Allah uga kagungan kersa lan apa uga kudu ngadepi mawerna-werna kahanan anggone Gusti NGGAYUH kang dadi kersane. Neng Kitab Ayub dicritakake kepiye anggone Gusti Allah kagungan tujuan lan tansah NGGAYUH supaya apa kang dadi tujuan utawa ancas kuwi klakon. Nalika mirsa kahanane bumi utawa jagad kang menggok saka ing kersane, Gusti NGGAYUH cikben bumi utawa jagad mbalik marang entering laku marang kahanan kang becik. Lan anggone NGGAYUH kersane kuwi, Gusti isa wae migunakake pangwasane. Manut paseksine kitab Ayub, kahanane jagad kang kalamangsane horeg, ana bebende,pageblug lan bencana kuwi minangka bukti yen Gusti nembe NGGAYUH kersane, cikben jagad mbalik marang kahanan kang apik.

 

Meh kabeh menungsa nduweni pepinginan, mbuh kuwi isa ginayuh apa ora. Lan kabeh kang dadi pepinginan kuwi isane klakon kudu diupayakne. Anggone ngupayakne kuwi isa kinaranan NGGAYUH, lan dalane NGGAYUH pepinginan kuwi mesti ya ora gampang. Isa dadi kaca benggala kanggo pangilon sapa wae tumrap menungsa anggone NGGAYUH apa kang dadi pepinginane. Sing sapa NGGAYUH kanthi grengseng kang ngedab-edabi, kuwi isa dipestekake menawa pepinginan kuwi kuwat baget, ananging menawa anggone NGGAYUH kuwi mung leda-lede, tegese kuwi ora nduweni grengseng kang kuwat utawa gede. Ora mung babagan kadonyan wae kahanan kuwi kudu ginayuh, babagan kapercayan semono uga. Nalika menungsa anggone NGGAYUH kapercayane mung leda-lede, ngomonga percaya lan beriman wae kuwi ndobos, ngomonge percaya karo Gusti kuwi ngapusi. Mulane, sepira gedene grengseng anggone NGGAYUH kang dadi ancasing urip, kuwi nandakne gedene pepinginan.

 

“Jo, lha kae bibit Porang semana akehe kuwi arep mbok tandur ngendi?” Takone Siwo Solebo, nalika kaya padatan, jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Prampalan Wo, lan aku arep nembung dulur-dulur sing tegale ora dirumati, arep taktanduri Porang kabeh” Semaure Dalijo.

“Aja ngathah-athah Jo, sakmadya wae..” Lik Ndoleng menehi penemu sinambi kepah-kepoh ngekep pituneme.

“Aku mung sakderma NGGAYUH penemuku  kok Lik, ben kabeh lemah rinumat lan ngetokne hasil” Wangsulane Dalijo.

“Mathuk karo penemumu Jo, pepinginanmu becik lan anggonmu NGGAYUH ya isa dadi kaca pangilon tumrap sapa wae..” Pakde Kento melu urun penemu, lan nalika kuwi Iin njedul, nggawa wedang lan pacitan.

“Lha tinimbang sampeyan Lik, sing dipikir mung kepiye anggone isa NGGAYUH kekarepan njawil Yu Wasti thok..”

“Jindulll..cah siji iki..mestiii ana wae anggone ngelingake aku marang masa laluku….Dussss!” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme sing mati amarga teles kebes mung kesuwen dimut.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH