Kemis
Legi 20 Mei 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
Purwaning
Dumadi 2 : 4b-7
Jabur
33 : 12-22
1
Korinta 15 : 42b-49
“Nalika samana Sang Yehuwah Allah tumuli
akarya manungsa, kang kinarya lebuning bumi, iku ing bolonganing irunge
disebuli ambekaning urip; mangkono manungsa dadi titah kang urip.” Purwaning
Dumadi 2 : 7
LEBU
kuwi barang kang neng akeh papan kerep ora okeh paedahe. Arang wong sing
ngrumati LEBU, malah sing klakon ya kosok-baline, nalika ana LEBU ing omahe
enggal-enggal disapu ben ndang lunga. LEBU kuwi rereget, lan amarga rereget
mula menungsa mbudidaya nyingkirake saka ing panguripane. Meh kabeh kahanan yen
ketemplokan LEBU, dadi susahe menungsa. Nalika klambine kebak LEBU, mesti dadi
ora pede, njur dikumbah. Nalika ing njogan utawa teras omahe kebak LEBU, njur
akon anak apa rewange dikon nyapu cikben LEBU kuwi sirna saka ing uripe.
Intine, meh sangang puluh sanga menungsa hora seneng karo barang kang kinaranan
LEBU.
Sanadyan
LEBU kuwi klebu barang kang dadi sesingkirane menungsa, ananging lumantar crita
neng Kitab Suci ing dina iki, muga-muga wae menungsa njur ngelus dada (arep
dada sisih kiwa apa tengen nyumanggakake..hihi) lan dadi sadhar sapa sejatine
dewekne. Yen saiki jik rumangsa menungsa (sing maca tulisan iki lho ya..) njur
rumangsa gagah pideksa, gede dhuwur lan nggantenge sundul langit utawa ayune
ngebaki segara, kudu eling yen manut critane Kitab Suci, menungsa kuwi kawitane
tinitahake mung ginawe saka LEBU. Gusti Allah “dolanan” LEBU, mbuh diembleg-embleg
apa nganggo citakan baku , bubar kuwi samangsa wis rinasa wangun njur didamoni.
Bubar didamoni, dadi menungsa, lan sakwise sansaya suwe mala hora sithik sing
kemakine ngeram, kumenthus, kumlungkung, kumawasa lan malah kaya-kaya ngungkuli
sing nggawe.
Jebulane
menungsa kuwi mung ginawe saka LEBU, andikna okeh sing gayane ngeram. Ana sing
rumangsane bener-benera dewe, kabeh dibiji manut penemune sanadyan cupete
ngeram, Ana sing angkuhe ngeram kaya-kaya ngungkuli Gusti Allah kamangka yamung
ginawe saka LEBU. Ana uga sing sok kumawasa, kabe dikonkon manut kekarepane,
liyan mung kaya “batur” sing kudu manut, ora manut tinggal utawa sakora-orane
disingkirake saka komunitase. Wis okehe ngeram yen arep nyatur menungsa, lan
mbokmneawa tulisan dina iki isa dadi kaca pangilon kang isa ngelingake, sapa
sejatine menungsa kuwi. Mung LEBU, hora luwih, LEBU kuwi njur didamoni Gusti
Allah, mula aja pisan-pisan maneni Gusti Allah, ngrampok hak’e Gusti Allah
lumantar ngakimi liyan. Payo tumindak kanthi permana lan manut tuntunaning
Gusti, aja manut hardening ati kamanungsane kang mesti ngener cengkah karo
kersane Gusti Allah.
“Ngapa
ta Leng, teka-teka kok ora ndang lungguh, malah umyek tebah-tebah?” Takone Siwo
Solebo, nalika mbengi kuwi wiwit lungguh arep jejagongan neng Cakruk Sor Talok.
‘Iki
lho Bo, LEBU kok ben ndina diresiki tansah ana wae..Jiann..” Semaure Lik
Ndoleng.
“Ya
pancen kahanane nembe kaya mengkene. Lan ora ana sing isa ngendalekne lakuning
LEBU..mula ora usah sambat, nalika rinasa reget, ndang resiki..ngono wae,
beres..” Semaure Siwo Solebo, sinambi nyumet cebolan jisamsune, mbuh apa merga
iki wis tanggal tuwa, nyumete cebolan jisamsu.
“Aja
sembrana karo Lebu Lik, Wo..jare Kitab Suci, awake dewe iki kawitane mung saka
LEBU, njur diembel-emblek Gusti Allah, didamoni, njur urip…Mula jarene mbah’e,
aja sok kumnthus, kemaki, kumulngkung, lhawong kabeh menungsa kuwi asale saka
LEBU lan mung dinamonan Gusti” Dalijo melu urun rembug bab LEBU lan gegandengane
karo menungsa.
“Bajekna
mletik pikiranmu Jo, bar ngombe apa, apa bar WA nan mbek Tarsi?” Lik Ndoleng
nakoni Dalijo,lan nyrempet jeneng sing marakne Dalijo njondhil.
“Husshh…aja
sembrana nyebut jeneng kuwi Lik..wis cukup Yu Wasti wae topike..” Dalijo menehi
wangsulan.
“Dengkulmu
Mlocot kuwi Jo..Oiya, eling ra karo kisahe Solebo , mbiyen pas tetak njaluk
ditanggapke wayang direwangi nangis glundungan, kebak LEBU awake..” Muni ngono
karo nglirik Siwo Solebo, sing dilirik mung klecam-klecom kae, ora nesu babar
blas merga wis meneb ing sakabehe kahanan.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar