Jumat, 28 Mei 2021

MRANA

 

Jemuah Wage 28 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 2 : 1-5

Jabur 29

Rum 8 : 9-15

Ing wekasane jaman bakal kelakon: gunung papan padalemane Sang Yehuwah bakal ngadeg jejeg ing sadhuwure gunung-gunung lan munggul ing sadhuwure tengger-tengger; sakehing bangsa bakal gumrudug mrana” Yesaya 2 : 2

 

MRANA kuwi tembung kang ora bisa ngadeg dewe, kudu lumebu ana ing ukara cikben nduweni arti. Saka tembung MRANA kuwi isa digawa pirang-pirang ukara, kayata “ Payo lumaku MRAN, kanggo njupuk…” Utawa uga kanggo ukara pawarta, “Si Ndoleng nembe mlaku MRANA…” Lan sakpiturute. Yen wis dadi ukara, tembung MRANA kuwi nduweni arti sing luwih cetha, yakuwi tumindak tumuju marang papan kang beda, babagan adoh utawa cedak kuwi ora dadi masalah, sing penting tembung MRANA kuwi tumindak ngener marang papan liya, mingket saka papan kawitan.

 

Ana crita neng Kitab Suci kang ngemu teges bab tembung dalah ukara MRANA, yakuwi pangandikane Gusti marang nabi Yesaya. Ing kana disebutake bab kahanane Gunung Papan Pedalemane Sang Yehuwah, kang bakalan dadi papan kang mbungahake. Merga kahanan kang kaya mengkene, mula para kagungane Sang Yehuwah kudu “lumaku” MRANA, marang Gununge Sang Yehuwah cikben isa ngrasakne lan ngalami kahanan kang mbungahake kuwi. Lha apa dalam kanggo MRANA, meyang Kahanan Gununge Sang Yehuwah kang nyenengake kuwi mesti tansah enak lan kepenak? Durung mesti, malah kepara kudu ngliwati dalan-dalan kang nggegirisi, medeni, sepi lan uga okeh bebaya. Ananging sauger wis ngerti yen mung lumantar mlaku MRANA, menyang Gununge Sang Yehuwah isa ngrasakne kahanan bungah kang sampurna wae kabeh pepalang isa dikalahake.

 

Kabeh titahe Gusti kuwi mesti nduweni pengarep-arep, nduweni tujuan utawa ancas urip lan kuwi mesti kang apik lan nyenengake. Lan kabeh sing jenenge tujuan utawa ancas kuwi papane ana “ing kana”, mula kanggo nggayuh ya kudu MRANA. Lan maneh, ora gampang dalan kang kudu diliwati kanggo lumaku MRANA, okeh pepalang panggodha. Dene pangodha kang gede kuwi dudu saka saknjabane urip,malah saka njerone urip kang kinaranan mangu-mangu,wedi lan uga kuwatir. Mulane, tumrap sapa wae kang maca tulisan iki lan nduweni ancasing urip kang apik, lan nembe lumaku MRANA, ditatag lan teteg cikben tutug tumeka ing tujuane urip. Kabeh panggodha kang jumedul, mbuh saka njero lan njaba, adepi kanthi esem lan bungah.

 

“Jo, pas nandhur Porang musim wingi, jare ya okeh sing kena ama, awakmu ya jik tetep semangat nandhur maneh, malah saya okeh ya?” Takone Siwo Solebo, bab Dalijo olehe nandur Porang sing ana-ana wae alangane.

“Tetep Wo, malah nambah lahan aku.Kanggoku kabeh pengalaman kuwi minangka guru sing apik kok Wo. Sing cetha aku nduweni ancas, menawa Porang bakalan dadi srana berkahe Gusti sansaya isa takrumati. Kuwi tujuanku Wo,lan aku nembe lumaku MRANA..
Semaure Dalijo sajak pilosopis temenan.

“Dus, bahasamu Jo, kaya ngensinyur wae..nganggo pilosopir mbarang..” Unine Lik Ndoleng sinambi pah-poh ngekeb cebolan pituneme merga tanggal tuwa.

“Kuwi pancen apik Lik, urip kuwi kudu nduweni tujuan lan kudu ginayuh. Ora mung sakarepe dewe kaya sampeyan..nyambut gawe leda-lede, njur njaluk lawuh enak terus. Kae mbok cilik Trinil sambat” Unine Iin, sinambi nyuguhake kopi lan pacitan.

“Ndoleng tujuane mung piye bisane njawil Wasti gek In, aja mbok gagas..” Ngendikane Pakde Pakde Kento.

“Jrett, malah kowe saiki mele ngoso aku Toooo..dusss!!” Pambengoke Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH