Selasa, 18 Mei 2021

DITINGGAL

Selasa Legi 18 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Wilangan 8 : 5-22

Jabur 115

Titus 1 : 1-9

Mulane kowe daktingal ana ing pulo Kreta iku, supaya kowe mranata apa-apa kang isih prelu ditata sarta supaya kowe ngangkata pinituwa-pinituwa ana ing saben kutha, kaya kang wus dakprentahake marang kowe..” Titus 1:5

 

Bebarengan kuwi kahanan kang becik, ananging ora kabeh kudu kelakon kanthi bebarengan. Ana mangsane pepisahan, ana kang kudu mbacutake lakune lan ana uga kang DITINGGAL. Sing kudu mbacutake laku, mesti nduweni ancas utawa tujuan kang wus gumathok lan uga ana ing papan liya rinasa bakalan ngayahi ayahan kang luwih migunani. Dene kang DITINGGAL ya mesti ana ayahan kang kudu rinampungake, ana ayahan kang kudu dilakoni. Ing kahanan kang kaya mengkene iki, ing antarane sing mbacutake laku utawa  kang pindhah ngenggon karosing DITINGGAL padha-padha ngayahi ayahan becik.

 

Rasul Paulus nate lumaku bebarengan karo wong akeh, salah sijine kang kinaranan Titus. Sakjrone mlaku bebarengan kuwi mesti wae klakon pasinaon kang becik. Rasul Paulus sanadyan minangka rasul lan guru isa sinau babagan urip lan pengalamane dene Titus isa sinau babagan kawruh kapercayan lan uga pranataning urip. Anggone lumaku bebarengan kuwi rinasa nyenengake, ananging manut pamawase rasul Paulus, ora kudu samubarang kuwi bebarengan. Mulane nalika tekan neng kutha Kreta lan sakwise manggon sakwetara wektu, rasul Paulus nduweni penemu becik, yaiku kudu ninggalke Titus neng kutha Kreta. Sakwise dirembug kanthi permana lan kebak ing kahanan wicaksana, pungkasane Titus kudu DTINGGAL ana ing kutha Kreta. Titus kudu ngayahi ayahan kaya kang wus diwulangake dening rasul Paulus lan Titus nyaguhi kuwi.

 

Anane Titus nyaguhi dhawuhe rasul Paulus ora amarga kumnethus, ananging amarga percaya panuntune Gusti. Sakliyane kuwi, anggone gelem DITINGGAL neng Kreta, amarga Titus nduweni rasa welas marang pasamuan ing Kreta kang mbutuhake kanca kanggo sinau bab kapercaya kang wus diwulangake dening rasul Paulus. Sakliyane kuwi, ana ing penemune (mbokmenawa lho ya) Titus, luwi becik DITINGGAL kanggo ngayahi ayahan kang migunani tinimbang mung greudag-grudug ora cetha apa kang kudu diakoni lan ora ana tilake babarblas.

 

Saka andharan ing ndhuwur isa dipethik pasinaon bab kena apa Gusti Yesus kudu “munggah” mbalik menyang Swarga lan para pendereke kudu DITINGGAL, yakuwi supaya isa nduweni tanggungjawab, kaya Titus neng kutha Kreta. Semono uga tumrap sing maca tulisan iki, aja nangis ngglolo nalika  DITINGGAL apa lan sapa wae, mesti kuwi ana ancase sing luwih apik. Yen nate ngalami kahanan DITINGGAL, jajal sinaonana, apa kersane Gusti karo kahanan kuwi.

 

“Jo, jan-jane manut penemumu, Wasti karo Trinil kuwi esip endi ta?” Takone Siwo Solebo marang Dalijo, nalika sore kuwi nembe wong loro neng Cakruk Sor Talok.

“Wuaduh, aku ora isa mbiji Wo,malah mengko klora-kleru. Tapi yen bab sabare, bulik Trinil kuwi jian poll..” Dalijo semaur sanadyan wiwitane wegah nyauri.

“Lha mbiyen kuwi janjane Ndoleng sing DITINGGAL apa kepiye?” Takone Siwo Solebo meneh.

“Iki padha ngrasani aku ta cah!?..Jian, poll..kayane aku saben wayah treding topik tenan..piralll neng jagading Cakruk Sor Talok iki..” Lik Ndoleng ujug-ujug njedul lan menehi tanggepan rembugane Dalijo karo Siwo Solebo.

“Mbiyen kowe DITINGGAL Wasti ya Leng?” Takone Siwo Solebo tunjeb poin.

“Ngene lho Bo, pancen aku DITINGGAL, ananging sakwise takrasak-rasakne, jebule ana kersane Gusti, aku kudu ngrumati Trinil, mbokne bocah-bocah lan Markun ya ana sing ngarepi..” Jlentrehe Lik Ndoleng sajak diwasane ngeram.

“Biyuhh..sakaje wicaksana temen saiki Lik..kamangka atine jik keranta-ranta…” Iin njedul, nggawa kopi lan pacitan, sinambi melu urun rembug.

“Dussss..malah kowe mbukak wadiku In….hmmm” Lik Ndoleng nyauri Iin.

“Ananging aku sarujuk karo statementmu  mau Leng. Ben isa ngrumati Trinil lan Markun ya ana sing ngarepi..sipp..aku setuju…josss” Ngendikane Pakde Kento, muga-muga wae okeh sing nduweni lelakon kaya Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH